Peringatan Kematiané Yésus
Senèn, 22 Maret 2027
Setaun pisan, Seksi-Seksi Yéhuwah ngumpul kanggo ngéling-éling kematiané Yésus. Kuwi merga manut karo préntahé Yésus, ”Terus tindakna iki kanggo ngéling-éling aku.”—Lukas 22:19.
Njenengan lan keluarga diundang mèlu acara iki.
Beberapa Informasi soal Acara Iki
Sapa sing éntuk teka?
Sapa waé éntuk teka. Nèk mèh ngejak keluarga utawa kancané njenengan ya éntuk.
Acarané pirang jam?
Kira-kira sak jam.
Acarané ing endi?
Nèk péngin ngerti panggonan sing paling cedhak kanggo acara iki isa takon karo Seksi-Seksi Yéhuwah.
Nèk teka, apa kudu mbayar utawa kudu teka ing pertemuan-pertemuan berikuté?
Ora.
Dijaluki kolèkte apa ora?
Ora. Ing pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah ora ana kolèkte.—Matius 10:8.
Nèk mèh teka, kudu nganggo pakaian apa?
Ora ditentokké kudu nganggo pakaian apa. Tapi merga nganggep acara iki penting, Seksi-Seksi Yéhuwah nganggo pakaian sing pantes lan sopan.
Acarané kaya apa?
Ana ceramah sing dhasaré saka Alkitab sing mbahas ngapa kok Yésus kudu ngorbanké uripé kanggo manungsa lan piyé bèn awaké dhéwé isa éntuk manfaat saka pengorbanané Gusti Allah lan Yésus. Acarané dimulai lan diakhiri nganggo nyanyian lan donga.
Nèk péngin ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Ngapa Kok Carané Seksi Yéhuwah Nganakké Perjamuan Dalu Gusti Ora Padha karo Gréja Liyané?”
Taun-taun berikuté, acara Peringatané tanggal pira?
2027: Senèn, 22 Maret
2028: Minggu, 9 April
2029: Kemis, 29 Maret

