Kisah Para Rasul 26:1-32

  • Pembélaané Paulus ing ngarepé Agripa (1-11)

  • Paulus nyritakké piyé dhèwèké dadi wong Kristen (12-23)

  • Tanggepané Fèstus lan Agripa (24-32)

26  Agripa+ ngomong karo Paulus, ”Kowé diijinké kanggo nyampèkké pembélaanmu.” Terus, Paulus ngangkat tangané lan mulai nyampèkké pembélaané. Dhèwèké kandha,  ”Raja Agripa, aku arep nyampèkké pembélaanku soal kabèh tudhuhané wong Yahudi+ marang aku. Aku seneng banget isa ana ing ngarepé njenengan dina iki  utamané merga njenengan ahli ing soal kebiasaan lan masalah-masalahé wong Yahudi. Mula, aku njaluk supaya njenengan gelem sabar ngrungokké aku.  ”Sakjané, kabèh wong Yahudi kuwi wis ngerti aku, kèt aku isih enom nganti aku ana ing Yérusalèm.+  Nèk gelem, wong-wong sing wis suwé kenal karo aku isa ngandhani njenengan nèk mbiyèn aku kuwi wong Farisi.+ Kaya sing njenengan ngerti, sèkte iki luwih kaku timbang sèkte Yahudi liyané.+  Ning, saiki aku diadili merga aku percaya nèk Gusti Allah bakal nepati janji sing wis disampèkké marang nènèk moyangé awaké dhéwé.+  Sakjané, 12 sukuné awaké dhéwé ya ngentèni Gusti Allah nepati janji iki. Mula, wong-wong kuwi nindakké tugas suci marang Gusti Allah awan lan bengi. Merga harapan iki, ya Raja, aku ditudhuh karo wong Yahudi.+  ”Ngapa kok kowé kabèh ana sing ora percaya nèk Gusti Allah isa nguripké manèh wong mati?  Mbiyèn, aku ya yakin banget nèk embuh piyé carané, Yésus wong Nazarèt kuwi kudu tak lawan. 10  Ya kuwi sing tak tindakké ing Yérusalèm. Aku éntuk wewenang saka para imam kepala,+ mula akèh murid-murid* sing tak lebokké penjara.+ Aku ya ndhukung keputusan kanggo ngukum mati wong-wong kuwi. 11  Aku kerep nganiaya wong-wong kuwi ing sinagogé-sinagogé* lan meksa wong-wong kuwi ninggalké imané. Saking sengité, wong-wong kuwi tak oyak* nganti tekan kutha-kutha liyané bèn isa tak aniaya. 12  ”Bèn isa nindakké kuwi, aku lunga menyang Damaskus merga aku diwènèhi wewenang lan tugas saka para imam kepala. 13  Wektu kuwi, ya Raja, pas awan, aku ndelok ana cahaya sing padhang banget saka langit. Padhangé ngluwihi matahari lan bersinar ing sekitarku lan wong-wong sing lunga bareng karo aku.+ 14  Pas aku lan kanca-kancaku tiba, aku krungu swara sing ngomong karo aku nganggo basa Ibrani, ’Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku? Nèk kowé terus nglawan aku,* kowé nglarani awakmu dhéwé.’ 15  Ning aku takon, ’Njenengan sapa, Pak?’ Terus, dhèwèké njawab, ’Aku Yésus, sing mbok aniaya. 16  Tangia lan ngadega. Aku nemoni kowé merga arep milih kowé dadi abdi lan seksi. Kowé bakal martakké perkara-perkara sing wis mbok delok lan sing bakal tak duduhké.+ 17  Kowé bakal tak slametké saka bangsa iki lan bangsa-bangsa liyané merga aku ngutus kowé marang wong-wong kuwi.+ 18  Kowé tak utus kanggo mbukak mripaté wong-wong kuwi+ lan nuntun wong-wong kuwi metu saka petengan+ menyang panggonan sing padhang.+ Kowé ya tak utus kanggo nuntun wong-wong kuwi metu saka kuwasané Sétan+ marang kuwasané Gusti Allah. Hasilé, Gusti Allah bakal mberkahi lan nyucèkké wong-wong kuwi, kaya sing wis Dhèwèké tindakké marang wong-wong liyané sing wis setya.’ 19  ”Mula, Raja Agripa, aku nindakké préntahé Yésus sing disampèkké liwat wahyu kuwi. 20  Aku ngumumké nèk wong-wong kudu mertobat, bali marang Gusti Allah, lan nduduhké pertobatan liwat tumindaké.+ Aku ngumumké kuwi sing pertama marang wong-wong ing Damaskus,+ terus marang wong-wong ing Yérusalèm+ lan ing kabèh dhaérah ing Yudéa, bar kuwi marang bangsa-bangsa liya. 21  Kuwi sebabé, wong Yahudi nangkep aku ing bait lan arep matèni aku.+ 22  Ning, merga aku wis ngrasakké dhéwé bantuané Gusti Allah, nganti saiki aku terus mènèhi kesaksian marang wong biasa lan wong penting. Aku mung ngomongké apa sing bakal kelakon nurut tulisané Musa lan Tulisané Para Nabi.+ 23  Yaiku, nèk Kristus bakal ngalami sengsara+ lan dadi sing pertama diuripké manèh.+ Dhèwèké ya bakal martakké marang bangsa iki lan bangsa-bangsa liya, lan bakal mènèhi cahaya.”+ 24  Wektu Paulus isih nyampèkké pembélaané, Fèstus mbengok, ”Paulus, kowé kuwi bener-bener wis édan. Kowé kuwi kakèhan sinau, mulané dadi édan.” 25  Ning Paulus kandha, ”Gubernur Fèstus sing tak hormati, aku ora édan. Sing tak omongké iki bener lan asalé saka pikiran sing waras. 26  Aku wani ngomong kaya ngéné ing ngarepé njenengan, ya Raja, kuwi merga aku ngerti nèk njenengan wis paham banget soal iki. Sebab, iki kabèh kelakon tanpa ana sing didhelik-dhelikké.+ 27  Raja Agripa, apa njenengan percaya karo Tulisané Para Nabi? Aku ngerti njenengan mesthi percaya.” 28  Agripa ngomong karo Paulus, ”Kowé kuwi pancèn pinter ngomong. Wis kowé ora usah ngomong manèh, mengko ndhak suwé-suwé aku dadi wong Kristen.” 29  Mula, Paulus kandha, ”Embuh saiki utawa sukmbèn, aku ndonga marang Gusti Allah bèn ora mung njenengan, ning kabèh wong sing ngrungokké omonganku dina iki dadi wong Kristen kaya aku. Ning, aja nganti wong-wong kuwi diranté kaya aku saiki.” 30  Terus Raja, Gubernur, Bèrnike, lan wong-wong sing lungguh bareng wong-wong kuwi ngadeg. 31  Karo metu, wong-wong kuwi padha rasan-rasan, ”Wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati utawa dipenjara.”+ 32  Terus, Agripa ngomong karo Fèstus, ”Sakjané, wong kuwi isa dibébaské nèk ora njaluk bandhing marang Kaisar.”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”wong-wong suci”.
Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”tak uber”.
Lit.: ”terus nendhang tongkat wesi”. Maksudé, tongkat dawa sing pucuké wesi landhep sing digunakké kanggo nggiring kéwan.