Injil Matius 3:1-17

  • Yohanes Pembaptis nyampèkké berita (1-12)

  • Yésus dibaptis (13-17)

3  Wektu kuwi, Yohanes+ Pembaptis teka ing Padhang Belantara Yudéa kanggo martakké,+  ”Mertobata, merga Kerajaan swarga wis cedhak.”+  Sakjané, Yohanes kuwi wong sing dimaksud Nabi Yésaya+ wektu kandha, ”Ana sing mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah.* Lurusna dalan-dalané.’”+  Yohanes nganggo klambi saka wulu unta lan sabuké saka kulit.+ Panganané walang lan madu hutan.+  Wong-wong saka Yérusalèm, kabèh wilayah ing Yudéa, lan kabèh dhaérah ing sekitaré Kali Yordan marani Yohanes.+  Wong-wong kuwi dibaptis* Yohanes ing Kali Yordan+ lan ngakoni kabèh dosané.  Wektu ndelok akèh wong Farisi lan Saduki+ teka mrono, Yohanes kandha, ”Kowé kuwi keturunané ula beracun.+ Mbok pikir apa kowé isa lolos saka hukumané Gusti Allah?+  Mula, duduhna liwat tumindakmu nèk kowé pancèn wis mertobat.*  Aja mikir nèk kowé isa mbatin, ’Aku kan keturunané Abraham.’*+ Nèk gelem, Gusti Allah isa mènèhi Abraham keturunan saka watu-watu iki. 10  Kapak wis didèlèhké ing cedhak akaré wit. Mula, saben wit sing ora ngasilké buah sing apik bakal ditegor lan diobong.+ 11  Aku mbaptis kowé nganggo banyu merga kowé wis mertobat,+ ning wong sing bakal teka sakwisé aku bakal mbaptis kowé nganggo roh suci+ lan geni.+ Dhèwèké luwih kuwasa timbang aku. Malah, aku ora pantes nyopot sandhalé.+ 12  Dhèwèké nyekel sekop sing dienggo misahké gandum saka kulité lan bakal ngresiki panggonan kanggo nggiles gandum, terus nglumpukké gandumé ing gudhang. Ning, kulit gandumé bakal diobong nganggo geni+ sing ora isa dipatèni.” 13  Terus, Yésus teka saka Galiléa menyang Kali Yordan arep dibaptis Yohanes.+ 14  Ning, Yohanes ora gelem lan kandha, ”Kuduné aku sing njenengan baptis. Ngapa kok malah njenengan sing marani aku?” 15  Yésus njawab, ”Wis tindakna waé, merga nganggo cara iki awaké dhéwé nindakké kabèh sing dikarepké Gusti Allah.” Mula, Yohanes ora nolak manèh. 16  Sakwisé dibaptis, Yésus langsung mentas saka banyu. Ujug-ujug langit kebukak,+ lan Yohanes ndelok roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré Yésus.+ 17  Terus, ana swara saka langit,+ ”Iki Anak-Ku+ sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”+

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. A5.
Deloken ”Baptisan” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”wis ngasilké buah sing cocog karo pertobatan”.
Lit.: ”Bapakku kan Abraham”.