Njenengan Diundang
Peringatan Kematiané Yésus
Kemis, 2 April 2026
Njenengan diundang ing acara
Ceramah Istiméwa
”Sapa sing Bakal Nggawé Bumi Dadi Apik Manèh?”
Njenengan isa ngerti masa depané Bumi lan manungsa.
Peringatan Kematiané Yésus
Ing acara sing penting iki, Seksi-Seksi Yéhuwah memperingati kematiané Yésus sesuai karo préntahé Yésus.—Lukas 22:19.
Beberapa Informasi soal Acara Iki
Sapa sing éntuk teka?
Sapa waé éntuk teka. Nèk mèh ngejak keluarga utawa kancané njenengan ya éntuk.
Acarané pirang jam?
Ceramah istiméwané mung setengah jam. Bar kuwi ana pembahasan soal topik Alkitab sing suwéné sak jam.
Acara Peringatan kira-kira mung sak jam.
Acarané ing endi?
Bèn ngerti panggonan acarané, dudulen bagian ”Golèk Acara Peringatan” utawa ”Golèk Ceramah Istiméwa” sing ana ing ndhuwur.
Nèk teka, apa kudu teka ing pertemuan-pertemuan berikuté utawa kudu sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah?
Ora.
Dijaluki kolèkte apa ora?
Ora. Ing pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah ora ana kolèkte.—Matius 10:8.
Nèk mèh teka, kudu nganggo pakaian apa?
Ora ditentokké kudu nganggo pakaian apa. Tapi merga nganggep acara iki penting, Seksi-Seksi Yéhuwah nganggo pakaian sing pantes lan sopan.
Acarané kaya apa?
Acarané dimulai lan diakhiri nganggo nyanyian lan donga. Sing mimpin donga mengko Seksi-Seksi Yéhuwah. Ana ceramah sing dhasaré saka Alkitab sing mbahas ngapa kok Yésus kudu ngorbanké uripé kanggo manungsa lan piyé bèn awaké dhéwé isa éntuk manfaat saka pengorbanané Gusti Allah lan Yésus.
Nèk péngin ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Ngapa Kok Carané Seksi Yéhuwah Nganakké Perjamuan Dalu Gusti Ora Padha karo Gréja Liyané?”
Taun-taun berikuté, acara Peringatané tanggal pira?
2026: Kemis, 2 April
2027: Senèn, 22 Maret
2028: Minggu, 9 April
Nèk péngin ngerti luwih akèh, deloken vidéo-vidéo iki.
Ing vidéo iki deloken acara Peringatan kuwi kaya apa, lan apa manfaat sing bakal awaké dhéwé rasakké sukmbèn merga pengorbanané Yésus.
Yésus mati kanggo nebus manungsa. Kok isa sing mati siji, tapi sing éntuk manfaat wong akèh?
Ana Acara Apa Waé ing Balai Ibadah?
Bèn ngerti piyé acarané, njenengan isa nyoba teka.
Njenengan isa download undangan iki.

