Injil Matius 12:1-50

  • Yésus kuwi Gustiné dina Sabat (1-8)

  • Wong lanang sing tangané lumpuh dimarèkké (9-14)

  • Abdi sing ditresnani Gusti Allah (15-21)

  • Roh jahat diusir nganggo kuwasané Gusti Allah (22-30)

  • Dosa sing ora bakal diapura (31, 32)

  • Apik orané wit kétok saka buahé (33-37)

  • Tandha Nabi Yunus (38-42)

  • Sing kelakon pas roh najis bali manèh (43-45)

  • Ibu lan adhi-adhiné Yésus (46-50)

12  Wektu kuwi, Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum pas dina Sabat. Merga ngelih,* murid-muridé methik gandum, terus dipangan.+  Wektu ngerti kuwi, wong Farisi ngomong karo Yésus, ”Deloken kuwi, murid-muridmu methik gandum pas dina Sabat.+ Kuwi kan nglanggar hukum.”  Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisahé Daud wektu dhèwèké lan anak buahé lagi ngelih?*+  Daud mlebu ing omahé Gusti Allah, terus dhèwèké lan anak buahé mangan roti persembahan,+ padahal kuduné sing éntuk mangan roti kuwi mung para imam.+  Utawa, apa kowé durung tau maca ing Taurat nèk para imam tetep kerja ing bait pas dina Sabat tapi ora dianggep salah?+  Kowé tak kandhani, ing kéné ana wong sing luwih penting timbang bait.+  Kitab Suci tau kandha, ’Aku luwih seneng nèk kowé nduwé rasa mesakké+ karo wong liya timbang kowé mènèhi Aku korban.’+ Nèk ngerti artiné kata-kata iki, kowé mesthi ora bakal nyalahké wong-wong sing ora salah.  Anaké manungsa kuwi nduwé wewenang marang* dina Sabat.”+  Sakwisé lunga saka kono, Yésus mlebu ing sinagogé.* 10  Ing kono, ana wong sing tangané lumpuh sebelah.+ Merga péngin nggolèk salahé Yésus,+ wong Farisi nakoni Yésus, ”Nurut hukum, apa éntuk marèkké wong pas dina Sabat?” 11  Yésus njawab, ”Nèk kowé nduwé domba siji, terus dombamu kecemplung kalèn pas dina Sabat, mesthiné bakal mbok angkat saka kalèn kuwi, ta?+ 12  Manungsa luwih berharga timbang domba. Dadi, nindakké apa sing apik pas dina Sabat kuwi ora apa-apa.” 13  Terus, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ulurna tanganmu.” Pas wong kuwi ngulurké tangané, tangané dadi séhat manèh kaya tangan sing sijiné. 14  Terus, wong Farisi metu saka kono lan nggawé rencana arep matèni Yésus. 15  Wektu ngerti soal kuwi, Yésus lunga saka kono. Akèh wong ngetutké Yésus,+ lan Yésus marèkké kabèh wong kuwi. 16  Ning, Yésus nglarang wong-wong kuwi nyritakké soal dhèwèké.+ 17  Mula, apa sing diomongké liwat Nabi Yésaya kelakon, yaiku, 18  ”Iki abdi-Ku+ sing Tak pilih, sing Tak tresnani, lan sing nggawé Aku seneng.+ Dhèwèké bakal Tak wènèhi roh suci-Ku.+ Dhèwèké bakal nduduhké apa keadilan sejati kuwi marang bangsa-bangsa. 19  Dhèwèké ora bakal padu+ lan ora bakal mbengok. Ora ana sing bakal krungu swarané ing dalan-dalan utama. 20  Suket sing layu ora bakal diidak-idak, lan sumbu sing geniné arep mati ora bakal dipatèni+ nganti dhèwèké berhasil nduduhké keadilan. 21  Wong-wong sak donya bakal berharap marang dhèwèké.”*+ 22  Terus, wong lanang sing wuta lan bisu merga kesurupan roh jahat digawa marang Yésus. Bar dimarèkké Yésus, wong lanang kuwi dadi isa ndelok lan ngomong manèh. 23  Akèh wong nggumun lan ngomong, ”Mungkin wong kuwi Anaké Daud.” 24  Wektu krungu kuwi, wong Farisi ngomong, ”Wong iki ora mungkin isa ngusir roh jahat nèk ora diéwangi Béèlzébul,* penguasané roh-roh jahat.”+ 25  Merga ngerti sing dipikirké wong-wong Farisi kuwi, Yésus kandha, ”Saben kerajaan sing rakyaté padu dhéwé-dhéwé lan saben kutha utawa keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal hancur. 26  Dadi, nèk Sétan ngusir Sétan, berarti dhèwèké nglawan dhèwèké dhéwé. Apa pamréntahané ora bakal hancur? 27  Nèk misalé aku ngusir roh jahat iki merga diéwangi Béèlzébul, terus murid-muridmu diéwangi sapa? Wong-wong kuwi kan ya ngusir roh jahat, ta? Mula, murid-muridmu dhéwé sing mbuktèkké nèk omonganmu kuwi salah. 28  Tapi, nèk aku isa ngusir roh jahat iki merga diéwangi kuwasané Gusti Allah, kuwi artiné kowé ora sadhar nèk Kerajaané Gusti Allah sakjané wis teka.+ 29  Apa ana wong sing isa mlebu omahé wong sing kuwat lan ngrampok hartané nèk ora nalèni sik wong sing kuwat kuwi? Bar nalèni wong sing kuwat kuwi, wong kuwi lagi isa ngrampok. 30  Wong sing ora mihak aku, artiné dhèwèké nglawan aku. Wong sing ora mèlu aku ngumpulké wong-wong, artiné dhèwèké ngedohké wong-wong saka aku.+ 31  ”Mula, saiki kowé tak kandhani, kabèh dosa lan tumindak sing ngrèmèhké bakal diapura, tapi wong sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura.+ 32  Contoné, nèk wong ngèlèk-èlèk Anaké manungsa, dhèwèké bakal diapura.+ Tapi, nèk wong ngèlèk-èlèk roh suci, dhèwèké ora bakal diapura ing jaman* saiki lan sukmbèn.+ 33  ”Nèk witmu kuwi apik, buahé ya bakal apik. Ning, nèk witmu kuwi èlèk, buahé ya bakal èlèk. Apik orané wit kuwi kétok saka buahé.+ 34  Kowé kuwi keturunané ula beracun.+ Kowé ora mungkin isa ngomong sing apik, merga atimu jahat. Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati.+ 35  Wong apik mesthi ngomongké sing apik-apik, merga sing ana ing atiné mung apa sing apik. Ning wong jahat ngomongké sing èlèk-èlèk, merga sing ana ing atiné mung apa sing èlèk.+ 36  Saiki kowé tak kandhani, ing Dina Pengadilan, manungsa kudu tanggung jawab+ kanggo saben omongan sing ora ana gunané sing tau diucapké. 37  Nèk omonganmu apik, Gusti Allah bakal nganggep kowé wong sing bener. Tapi nèk omonganmu èlèk, Gusti Allah bakal ngadili kowé.” 38  Terus, ana wong Farisi lan ahli Taurat sing kandha, ”Guru, aku péngin ndelok tandha saka njenengan.”+ 39  Yésus njawab, ”Wong-wong jaman iki* jahat lan ora setya.* Wong-wong kuwi bola-bali njaluk tandha, ning ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané tandha Nabi Yunus.+ 40  Kaya Yunus sing ana ing wetengé iwak gedhé telung dina telung bengi,+ Anaké manungsa ya bakal ana ing kuburan telung dina telung bengi.+ 41  Ing Dina Pengadilan, wong Niniwé bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Wong Niniwé bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga wong Niniwé mertobat sakwisé krungu berita saka Yunus.+ Tapi, ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Yunus.+ 42  Ing Dina Pengadilan, Ratu Syéba* bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Dhèwèké bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga dhèwèké teka saka panggonan sing adoh bèn isa ngrungokké kawicaksanané* Salomo.+ Tapi, ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Salomo.+ 43  ”Wektu ana roh jahat* metu saka salah siji wong, roh kuwi ngliwati panggonan sing gersang kanggo nggolèk panggonan istirahat, ning ora nemu.+ 44  Roh kuwi kandha, ’Aku arep ngleboni manèh wong sing wis tak tinggalké.’ Wektu bali, roh kuwi ndelok nèk wong mau kaya omah kosong sing wis disapu resik lan ditata apik. 45  Terus, roh kuwi lunga lan ngejak roh pitu liyané sing luwih jahat timbang dhèwèké, bar kuwi ngleboni wong mau lan terus ing kono. Mula, keadaané wong sing kesurupan mau luwih parah timbang sakdurungé.+ Kaya ngono kuwi sing bakal kelakon marang wong-wong jahat ing jaman iki.”* 46  Wektu Yésus lagi ngomong karo akèh wong kuwi, ibuné lan adhi-adhiné lanang teka.+ Wong-wong kuwi ngadeg ing njaba lan arep ngomong karo Yésus.+ 47  Terus, ana sing kandha, ”Ibumu lan adhi-adhimu lanang ana ing njaba lan péngin ngomong karo njenengan.” 48  Yésus ngomong, ”Sapa ibuku, lan sapa adhi-adhiku?” 49  Karo nunjuk ing arah murid-muridé, Yésus kandha, ”Iki ibuku lan adhi-adhiku.+ 50  Sapa waé sing nindakké karepé Bapakku ing swarga kuwi adhiku lanang, adhiku wédok, lan ibuku.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”luwé”.
Utawa ”luwé”.
Lit.: ”kuwi Gustiné”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”jenengé”.
Sebutan kanggo Sétan.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Generasi iki”.
Lit.: ”lan laku jina”.
Lit.: ”karo generasi iki”.
Lit.: ”ratu saka kidul”.
Lit.: ”karo generasi iki”.
Lit.: ”roh najis”.
Lit.: ”marang generasi sing jahat iki”.