Injil Matius 20:1-34

  • Buruh sing kerja ing kebon anggur sing upahé padha (1-16)

  • Kematiané Yésus diramalké manèh (17-19)

  • Njaluk panggonan ing Kerajaan swarga (20-28)

    • Tebusané Yésus kanggo wong akèh (28)

  • Wong wuta loro dimarèkké (29-34)

20  ”Kerajaan swarga kuwi kaya wong sing nduwé kebon anggur. Wektu isih ésuk banget, dhèwèké lunga nggolèk buruh kanggo kerja ing kebon angguré.+  Sakwisé para buruh kuwi setuju dibayar sak dinar* sedina, dhèwèké ngongkon para buruh kuwi lunga ing kebon angguré.  Kira-kira jam sanga ésuk,* dhèwèké lunga ing pasar lan ndelok ana wong-wong sing nganggur.  Terus, dhèwèké kandha marang wong-wong kuwi, ’Kowé kerja ing kebon anggurku waé. Mengko tak wènèhi upah sing pantes.’  Terus, wong-wong kuwi mangkat ing kebon anggur. Kira-kira jam 12 awan* lan jam 3 soré,* dhèwèké ngejak wong manèh kanggo kerja ing kebon angguré.  Terus, kira-kira jam lima soré,* dhèwèké lunga ing pasar lan ketemu karo wong-wong sing lagi nganggur. Dhèwèké takon, ’Ngapa kok kowé sedina muput mung ngadeg waé lan ora kerja?’  Wong-wong kuwi njawab, ’Ora ana wong sing mènèhi aku gawéan.’ Dhèwèké kandha, ’Nèk ngono, kowé kerja ing kebon anggurku waé.’  ”Wektu wis arep bengi, wong sing nduwé kebon anggur kuwi ngomong karo mandoré, ’Undangen* buruh-buruh kuwi, lan bayaren upahé.+ Bayaren urut saka sing teka kèri nganti sing teka dhisik dhéwé.’  Terus, wong-wong sing kerja kèt jam lima soré mara. Saben wong kuwi nampa upah sak dinar.* 10  Bar kuwi, wong-wong sing kerja saka ésuk mara. Wong-wong kuwi ngira nèk bakal dibayar luwih akèh. Jebulé wong-wong kuwi ya diupahi sak dinar.* 11  Mula, wong-wong kuwi mulai protès karo sing nduwé kebon. 12  Wong-wong kuwi kandha, ’Sing teka kèri kuwi mung kerja sak jam, ning kok upahé padha karo aku, padahal aku wis kerja sedina muput lan kepanasen.’ 13  Tapi, wong sing nduwé kebon anggur kuwi njawab, ’Kowé kan wis setuju tak bayar sak dinar,* ta? Dadi, aku ora salah karo kowé.+ 14  Iki bayaranmu. Tampanen lan lungaa. Kuwi wis dadi karepku nèk sing mlebu kèri nampa upah sing padha karo kowé. 15  Iki kan dhuwitku dhéwé, ya terserah arep tak enggo apa. Apa kowé iri* merga aku apikan* karo wong kuwi?’”+ 16  Terus Yésus kandha, ”Wong sing terakhir bakal dadi sing pertama, lan sing pertama bakal dadi sing terakhir.”+ 17  Wektu perjalanan menyang Yérusalèm,+ Yésus ngejak muridé 12 misah saka wong-wong liyané. Yésus kandha, 18  ”Awaké dhéwé arep lunga menyang Yérusalèm, lan Anaké manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké.+ 19  Wong-wong kuwi bakal nyerahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya bèn dhèwèké diécé, dipecuti, lan dipatèni ing cagak.+ Tapi, ing dina ketelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”+ 20  Terus, bojoné Zébédéus+ karo anaké loro marani Yésus. Wong wédok kuwi sujud arep njaluk marang Yésus.+ 21  Yésus takon, ”Kowé arep njaluk apa?” Wong wédok kuwi njawab, ”Aku njaluk bèn anakku loro iki isa lungguh ing cedhakmu ing Kerajaanmu.+ Sing siji ing sisih tengenmu, lan sijiné ing sisih kiwamu.” 22  Yésus njawab, ”Kowé ora ngerti lagi njaluk apa. Apa kowé isa ngombé saka gelas sing arep tak ombé?”+ Wong-wong kuwi njawab, ”Isa.” 23  Yésus kandha, ”Kowé pancèn bakal ngombé saka gelasku.+ Ning, aku ora nduwé wewenang kanggo nentokké sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengenku. Wong-wong sing lungguh ing kono wis ditentokké Bapakku.”+ 24  Wektu krungu soal kuwi, sepuluh murid liyané nesu karo Yakobus lan Yohanes.+ 25  Terus, Yésus ngundang* murid-muridé lan kandha, ”Kowé ngerti nèk para pemimpin ing donya iki padha mréntah rakyaté lan para pejabat ya nguwasani rakyaté.+ 26  Ning, kowé aja kaya ngono.+ Sapa waé ing antaramu sing péngin dadi sing utama kudu nglayani liyané,+ 27  lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji kudu dadi budhak.+ 28  Kuwi kaya Anaké manungsa sing teka ora kanggo dilayani, ning kanggo nglayani+ lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh.”+ 29  Wektu ninggalké kutha Yérikho, Yésus lan murid-muridé dietutké karo akèh wong. 30  Ing pinggir dalan, ana wong wuta loro sing lagi lungguh lan krungu nèk Yésus lagi liwat. Wong loro kuwi mbengok, ”Gusti, Anaké Daud, tulung mesakké aku.”+ 31  Akèh wong nyenèni wong loro kuwi lan ngongkon bèn wong loro kuwi meneng. Ning, wong loro kuwi malah mbengok saya banter, ”Gusti, Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 32  Yésus mandheg, ngundang* wong loro kuwi, lan kandha, ”Kowé péngin njaluk apa?” 33  Wong loro kuwi njawab, ”Gusti, tulung, aku péngin isa ndelok.” 34  Merga mesakké, Yésus ndemèk mripaté wong loro kuwi.+ Wong loro kuwi langsung isa ndelok. Terus, wong loro kuwi ngetutké Yésus.

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”jam ketelu”. Iki mulai diétung kèt matahari terbit.
Lit.: ”jam keenem”. Iki mulai diétung kèt matahari terbit.
Lit.: ”jam kesanga”. Iki mulai diétung kèt matahari terbit.
Lit.: ”jam ke-11”. Iki mulai diétung kèt matahari terbit.
Utawa ”Celuken”.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”Apa mripatmu jahat”.
Utawa ”murah hati”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”nyeluk”.