Injil Markus 7:1-37
7 Ana wong Farisi lan ahli Taurat sing teka saka Yérusalèm lan ngumpul ing sekitaré Yésus.+
2 Terus, wong-wong kuwi ngerti nèk ana murid-muridé Yésus sing mangan nganggo tangan sing reged, yaiku tangan sing ora diwisuhi.*
3 (Merga manut tradhisiné nènèk moyang, wong Farisi lan kabèh wong Yahudi mesthi wisuh nganti tekan sikut sakdurungé mangan.
4 Sakwisé bali saka pasar, wong-wong kuwi mesthi ngresiki awaké sakdurungé mangan. Wong-wong kuwi ya manut karo akèh tradhisi liyané, contoné, ngekum gelas, téko, lan wadhah saka tembaga.)+
5 Mula, wong Farisi lan ahli Taurat takon karo Yésus, ”Ngapa kok murid-muridmu ora nindakké tradhisiné nènèk moyang, ning malah mangan nganggo tangan sing reged?”+
6 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi wong munafik. Pancèn bener sing diramalké Nabi Yésaya soal kowé. Dhèwèké nulis, ’Umat iki kandha nèk ngajèni Aku, tapi ora tenanan saka atiné.+
7 Ora ana gunané wong-wong kuwi terus ngibadah marang Aku, merga wong-wong kuwi ngakuné mulangké préntah-Ku ning malah mulangké préntahé manungsa.’+
8 Kowé ninggalké préntahé Gusti Allah lan manut tradhisiné manungsa.”+
9 Yésus neruské omongané, ”Kowé kuwi pinter banget nggolèk cara bèn ora nglakoni préntahé Gusti Allah merga péngin nglakoni tradhisimu.+
10 Contoné, Musa kandha, ’Kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu,’+ lan, ’Wong sing ngomong kasar marang* bapaké utawa ibuné kudu dipatèni.’+
11 Ning kowé kandha, ’Wong éntuk ngomong karo bapaké utawa ibuné, ”Apa waé sing tak duwèni kanggo ngopèni bapak lan ibu wis tak wènèhké dadi korban (maksudé, persembahan sing khusus kanggo Gusti Allah).”’
12 Dadi, kowé ora ngéntukké wong kuwi nindakké apa-apa manèh kanggo bapak utawa ibuné.+
13 Dadi, kowé ngrèmèhké omongané Gusti Allah merga tradhisi sing mbok wulangké turun-temurun.+ Isih akèh tradhisi kaya ngéné iki sing mbok tindakké.”+
14 Yésus ngundang* manèh wong akèh sing ana ing kono lan kandha, ”Rungokna aku. Kowé kudu ngerti artiné omonganku iki.+
15 Sing nggawé wong dadi najis kuwi dudu apa sing mlebu ing cangkem, ning apa sing metu saka cangkem.”+
16 *——
17 Sakwisé Yésus ninggalké wong-wong kuwi lan mlebu ing omah, murid-murid takon soal perumpamaan kuwi.+
18 Mula, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Apa kowé ya isih durung ngerti kaya wong-wong kuwi? Apa kowé ora ngerti nèk sing mlebu ing cangkem ora bakal nggawé wong dadi najis?
19 Kuwi ora mlebu ing atiné, tapi mlebu ing wetengé, lan akhiré dibuwang ing jamban.” Dadi, Yésus kandha nèk kabèh panganan kuwi halal.
20 Yésus neruské omongané, ”Sing nggawé wong dadi najis kuwi apa sing metu saka atiné,+
21 merga saka atiné manungsa+ metu pikiran jahat sing nyebabké wong nindakké hubungan sèks sing ora pantes,* nyolong, matèni,
22 laku jina, srakah, tumindak sing jahat, ngapusi, tumindak kurang ajar,* iri, ngrèmèhké, sombong, lan nduwé sikap ora masuk akal.
23 Kabèh sing jahat kuwi metu saka ati lan nggawé wong dadi najis.”
24 Bar kuwi, Yésus lunga ing dhaérah Tirus lan Sidon.+ Ing kono, Yésus mlebu ing omah lan ora péngin ana wong sing ngerti, ning tetep waé ana sing ngerti.
25 Ora let suwé, ana wong wédok sing krungu soal Yésus. Wong wédok kuwi nduwé anak wédok sing kesurupan roh jahat.* Wong wédok kuwi teka lan sujud ing sikilé Yésus.+
26 Wong wédok kuwi wong Yunani sing lair ing Sirofénisia. Dhèwèké terus-terusan njaluk marang Yésus bèn ngusir roh jahat kuwi saka anaké wédok.
27 Ning Yésus kandha, ”Ora apik nèk rotiné bocah-bocah dijupuk lan diwènèhké anak asu.+ Bocah-bocah kuwi bèn mangan nganti wareg sik.”
28 Ning, wong wédok kuwi njawab, ”Bener, Pak. Ning, anak-anak asu mangan rontokan roti sing ana ngisor méjané bocah-bocah kuwi.”
29 Mula, Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Merga kowé ngomong kaya ngono, wis saiki kowé muliha. Roh jahat kuwi wis metu saka anakmu.”+
30 Terus, wong wédok kuwi mulih lan ndelok anaké lagi turu ing ambèn, lan roh jahat kuwi wis lunga.+
31 Wektu Yésus bali saka dhaérah Tirus, dhèwèké lunga ing Laut Galiléa liwat Sidon, ngliwati dhaérah Dékapolis.*+
32 Ing kono, wong-wong nggawa marang Yésus wong lanang budheg sing ora lancar ngomong.+ Wong-wong kuwi njaluk bèn Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong mau.
33 Terus, Yésus ngejak wong kuwi ngedoh saka wong liyané. Pas ora ana wong liya ing cedhaké, Yésus nglebokké drijiné ing kupingé wong kuwi, lan sakwisé ngidu, Yésus ndemèk ilaté wong kuwi.+
34 Terus, Yésus ndhangak, narik napas, lan kandha, ”Effata,” sing artiné ”Mbukaka”.
35 Terus, kupingé wong kuwi langsung kebukak,+ lan dhèwèké ya dadi isa ngomong lancar.
36 Yésus nglarang wong-wong ngandhani sapa-sapa soal kuwi.+ Ning, saya dilarang malah saya dicritakké ing endi-endi.+
37 Wong-wong kuwi nggumun banget+ lan kandha, ”Kabèh sing ditindakké dhèwèké kuwi luar biasa. Malah, dhèwèké nggawé wong budheg isa krungu lan wong bisu isa ngomong.”+
Katrangan Tambahan
^ Maksudé, wisuh manut tradhisiné wong Yahudi.
^ Utawa ”sing ngunèk-unèkké”.
^ Utawa ”nyeluk”.
^ Bentuk jamak kata Yunani porneia. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”tumindak ora nduwé isin”. Yunani: aselgeia. Deloken Daftar Istilah.
^ Lit.: ”roh najis”.
^ Utawa ”Wilayah Sepuluh Kutha”.