Injil Markus 12:1-44

  • Perumpamaan soal petani sing jahat (1-12)

  • Gusti Allah lan Kaisar (13-17)

  • Pitakonan soal wong mati sing diuripké manèh (18-27)

  • Préntah loro sing paling penting (28-34)

  • Apa Kristus kuwi keturunané Daud? (35-37a)

  • Ngati-ati karo ahli Taurat (37b-40)

  • Dhuwit rècèh loro duwèké randha mlarat (41-44)

12  Terus, Yésus nyritakké perumpamaan marang wong-wong, ”Ana wong sing nggawé kebon anggur+ lan mageri kebon kuwi. Dhèwèké ya nggawé panggonan meres anggur lan ngedegké menara kanggo njaga.+ Dhèwèké nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani, terus lunga menyang luar negri.+  Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon salah siji budhaké marani para petani kanggo njupuk sebagéan buah anggur sing dadi bagéané.  Ning, para petani mau nangkep lan nggebugi budhak kuwi, terus ngongkon budhak kuwi lunga tanpa nggawa apa-apa.  Bar kuwi, dhèwèké ngongkon budhak liyané. Ning, para petani mau nggebugi sirahé budhak kuwi lan nggawé budhak kuwi isin.+  Terus, ana budhak liyané manèh sing dikongkon, ning budhak iki malah dipatèni para petani mau. Isih ana akèh budhak liyané sing dikongkon, tapi ana sing digebugi lan ya ana sing dipatèni.  Terus, sing nduwé kebon anggur kuwi ngongkon anaké lanang sing disayangi+ bèn marani para petani mau, merga dhèwèké mikir, ’Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’  Ning, para petani kuwi malah ngomong karo kancané, ’Iki wong sing bakal dadi ahli warisé kebon anggur iki.+ Ayo dipatèni waé bèn warisané dadi duwèké awaké dhéwé.’  Mula, wong-wong kuwi nangkep, matèni, lan nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon anggur.+  Apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi? Dhèwèké bakal teka lan matèni para petani kuwi. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang petani-petani liyané.+ 10  Apa kowé durung tau maca ayat sing kandha, ’Watu sing ditolak tukang bangunan wis dadi watu sing utama’?*+ 11  Apa kowé durung tau maca nèk ’kuwi asalé saka Yéhuwah* lan apik banget kanggoné awaké dhéwé’?”+ 12  Wektu krungu kuwi, para imam kepala lan ahli Taurat péngin nangkep Yésus. Wong-wong kuwi ngerti nèk jebulé sing lagi diomongké Yésus ing perumpamaan mau ya wong-wong kuwi dhéwé. Ning, wong-wong kuwi wedi karo wong akèh, mula wong-wong kuwi lunga ninggalké Yésus.+ 13  Terus, wong-wong kuwi ngongkon wong Farisi lan pengikuté partai Hérodès marani Yésus. Wong-wong kuwi péngin nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé.+ 14  Wektu tekan kono, wong-wong kuwi kandha marang Yésus, ”Guru, aku ngerti nèk omongané njenengan mesthi bener. Njenengan ora péngin dialem manungsa. Njenengan ya ora ndelok wong mung saka penampilané waé, ning njenengan mulang apa sing bener soal Gusti Allah. Mula, aku péngin ngerti, mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora? 15  Awaké dhéwé kudu mbayar apa ora?” Yésus ngerti nèk wong-wong kuwi munafik. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nguji aku? Wènèhana aku dhuwit dinar* siji.” 16  Wong-wong kuwi mènèhi Yésus dhuwit dinar siji. Terus, Yésus takon, ”Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 17  Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ Wong-wong kuwi kagum karo jawabané Yésus. 18  Terus, ana wong-wong Saduki marani Yésus. Wong Saduki ora percaya nèk wong mati isa urip manèh.+ Mula, wong-wong kuwi takon,+ 19  ”Guru, Musa nulis nèk wong lanang mati sakdurungé nduwé keturunan, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo bojoné wong sing mati kuwi bèn wong sing wis mati kuwi nduwé keturunan.+ 20  Nah, ana wong lanang pitu kakang adhi. Anak sing pertama nikah, ning dhèwèké mati sakdurungé nduwé keturunan. 21  Terus, anak sing keloro nikah karo bojoné kakangé mau, ning mati sakdurungé nduwé keturunan. Sing ketelu ya kaya ngono. 22  Kabèh wong pitu mau mati sakdurungé nduwé keturunan. Akhiré, wong wédok kuwi ya mati. 23  Wong lanang pitu mau kan wis tau dadi bojoné. Mula, pas wong mati diuripké manèh, wong wédok kuwi bakal dadi bojoné sapa?” 24  Yésus njawab, ”Kowé kuwi klèru, merga kowé ora ngerti Kitab Suci lan kuwasané Gusti Allah.+ 25  Wektu wong mati diuripké manèh, wong lanang utawa wong wédok ora bakal nikah, tapi bakal dadi kaya malaékat ing swarga.+ 26  Apa kowé ora tau maca ing kitab Musa kisah soal semak berduri sing metu geniné? Pas Gusti Allah kandha, ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub,’+ sakjané Dhèwèké lagi ngomong soal wong mati sing bakal diuripké manèh. 27  Dhèwèké kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, tapi Gusti Allahé wong urip. Kowé klèru banget.”+ 28  Ana ahli Taurat ing kono sing krungu soal omong-omongan kuwi. Dhèwèké ngerti nèk Yésus wis mènèhi penjelasan sing apik, mula dhèwèké takon, ”Préntah endi sing paling penting saka kabèh préntah liyané?”+ 29  Yésus njawab, ”Iki sing paling penting: ’Israèl, rungokna. Yéhuwah* kuwi Gusti Allahé awaké dhéwé. Yéhuwah kuwi mung siji. 30  Kowé kudu nresnani Yéhuwah* Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu,* nggunakké kabèh pikiranmu, lan nggunakké kabèh kekuwatanmu.’+ 31  Préntah sing keloro, ’Kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’+ Ora ana préntah liya sing luwih penting timbang préntah loro kuwi.” 32  Ahli Taurat kuwi kandha, ”Guru, jawabané njenengan kuwi apik banget lan cocog karo apa sing bener yaiku, ’Gusti Allah kuwi mung siji. Ora ana allah liya sakliyané Dhèwèké.’+ 33  Awaké dhéwé kudu nresnani Dhèwèké saktulusé ati, nggunakké kabèh pikiran,* lan nggunakké kabèh kekuwatan. Awaké dhéwé ya kudu nresnani wong liya kaya nresnani awaké dhéwé. Préntah loro kuwi luwih penting timbang mènèhké persembahan bakaran lan korban liyané.”+ 34  Yésus ngerti nèk wong lanang kuwi wicaksana pas njawab. Mula, Yésus ngomong karo dhèwèké, ”Kowé ora adoh karo Kerajaané Gusti Allah.” Bar kuwi, ora ana wong sing wani takon manèh karo Yésus.+ 35  Wektu mulang ing bait, Yésus takon, ”Ngapa kok ahli Taurat kandha nèk Kristus kuwi keturunané Daud?+ 36  Daud sing dituntun roh suci+ kandha, ’Yéhuwah* ngomong karo Gustiku, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisoré sikilmu.”’+ 37  Nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut keturunané Daud?”+ Akèh wong sing ana ing kono seneng ngrungokké Yésus. 38  Wektu mulang, Yésus kandha, ”Kowé kudu ngati-ati karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa lan péngin nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum.*+ 39  Wong-wong kuwi ya seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan ing panggonané tamu penting ing pésta.+ 40  Wong-wong kuwi ngrampas omahé* randha-randha, lan dongané dawa-dawa mung kanggo pamèr. Wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman sing luwih abot.” 41  Terus, Yésus lungguh ing ngarepé kothak-kothak sumbangan.+ Yésus nggatèkké wong-wong sing nglebokké dhuwit ing kono. Wong-wong sing sugih nglebokké dhuwit sing akèh ing kono.+ 42  Terus, ana randha mlarat sing teka lan nglebokké dhuwit rècèh loro sing cilik banget nilainé.*+ 43  Mula, Yésus ngundang* murid-muridé lan kandha, ”Percayaa, randha mlarat iki nglebokké sumbangan sing luwih akèh timbang wong-wong liyané.+ 44  Wong-wong liyané mènèhi persembahan saka hartané sing turah-turah. Ning randha kuwi mènèhi kabèh duwèké, yaiku kabèh sing sakjané isa dienggo nyambung uripé, senajan dhèwèké mlarat.”+

Katrangan Tambahan

Deloken ”Watu Pojokan” ing Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. B14.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Lit.: ”kabèh pemahaman”.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”ing pasar”.
Utawa ”kursi sing paling apik”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”hartané”.
Lit.: ”rong lèpta, yaiku sak kuadran”. Lèpta kuwi bentuk jamak saka lèpton.
Utawa ”nyeluk”.