Injil Markus 1:1-45
-
Yohanes Pembaptis martakké berita (1-8)
-
Yésus dibaptis (9-11)
-
Yésus digodha Sétan (12, 13)
-
Yésus mulai nginjil ing Galiléa (14, 15)
-
Murid-murid sing pertama diundang (16-20)
-
Roh najis diusir (21-28)
-
Yésus marèkké akèh wong ing Kapernaum (29-34)
-
Ndonga ing panggonan sing sepi (35-39)
-
Wong lara kusta dimarèkké (40-45)
1 Iki awal ceritané kabar apik soal Yésus Kristus, Anaké Gusti Allah:
2 Ana tulisan ing kitab Nabi Yésaya, ”(Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.)+
3 Ana sing mbengok ing padhang belantara, ’Siapna dalan kanggo Yéhuwah.* Lurusna dalan-dalané.’”+
4 Kaya sing wis ditulis kuwi, Yohanes Pembaptis ana ing padhang belantara. Dhèwèké martakké nèk wong-wong kudu dibaptis kanggo nduduhké nèk wis mertobat lan akhiré dosané isa diapura.+
5 Mula, wong-wong saka kabèh wilayah ing Yudéa lan kabèh penduduk Yérusalèm marani Yohanes. Wong-wong kuwi dibaptis* Yohanes ing Kali Yordan lan ngakoni kabèh dosané.+
6 Yohanes nganggo klambi saka wulu unta, lan sabuké saka kulit.+ Dhèwèké mangan walang lan madu hutan.+
7 Dhèwèké martakké, ”Sakwisé aku, bakal teka wong sing luwih kuwasa timbang aku. Aku ora pantes mbungkuk lan nyopot tali sandhalé.+
8 Aku mbaptis kowé nganggo banyu, ning dhèwèké bakal mbaptis kowé nganggo roh suci.”+
9 Wektu kuwi, Yésus teka saka Nazarèt ing Galiléa lan dibaptis Yohanes+ ing Kali Yordan.
10 Ora let suwé bar mentas saka banyu, Yésus ndelok langit kebukak, lan roh suciné Gusti Allah sing kaya manuk dara mudhun ing ndhuwuré.+
11 Terus, ana swara saka langit, ”Kowé Anak-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé Aku seneng.”+
12 Bar kuwi, Yésus langsung dituntun roh suci menyang padhang belantara.
13 Yésus ana ing padhang belantara 40 dina lan digodha Sétan.+ Yésus manggon ing antarané kéwan liar lan para malaékat nglayani dhèwèké.+
14 Sakwisé Yohanes ditangkep, Yésus lunga menyang Galiléa+ kanggo martakké kabar apik saka Gusti Allah.+
15 Yésus kandha, ”Wektu sing ditentokké wis teka. Kerajaané Gusti Allah wis cedhak. Kowé kudu mertobat+ lan nduwé iman marang kabar apik.”
16 Wektu mlaku ing pinggir Laut Galiléa, Yésus ndelok Simon lan seduluré Simon, yaiku Andréas.+ Wong loro kuwi lagi nguncalké jala menyang laut,+ merga wong loro kuwi nelayan.+
17 Yésus kandha, ”Mèlua aku. Kowé bakal tak dadèkké tukang njala manungsa.”+
18 Terus, wong loro kuwi langsung ninggalké gawéané* lan mèlu Yésus.+
19 Sakwisé mlaku ora adoh saka kono, Yésus ndelok anak-anaké Zébédéus, yaiku Yakobus lan Yohanes, sing lagi ndandani jala ing prauné.+
20 Yésus langsung ngundang* wong loro kuwi. Mula, wong loro kuwi ninggalké Zébédéus bapaké karo para buruhé lan lunga mèlu Yésus.
21 Terus, wong-wong kuwi lunga ing Kapernaum.
Pas dina Sabat, Yésus lunga ing sinagogé* lan mulai mulang.+
22 Wong-wong kagum karo carané Yésus mulang, merga apa sing diwulangké Yésus asalé saka Gusti Allah, ora kaya para ahli Taurat.+
23 Ing sinagogé* kuwi, ana wong sing kesurupan roh jahat.* Wong kuwi mbengok,
24 ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus wong Nazarèt?+ Apa kowé mréné arep matèni aku? Aku ngerti tenan kowé kuwi sapa. Kowé kuwi abdi sing suci sing diutus Gusti Allah.”+
25 Ning, Yésus nggetak roh jahat* kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!”
26 Roh jahat* kuwi langsung nggawé wong kuwi kejang-kejang lan mbengok sak banter-banteré. Terus, roh najis kuwi metu saka wong kuwi.
27 Kabèh wong dadi nggumun lan ngomongké soal kuwi. Wong-wong kandha, ”Apa ta iki? Apa iki wulangan anyar? Dhèwèké nduwé kuwasa kanggo ngusir roh-roh jahat,* lan roh-roh jahat kuwi ya manut karo dhèwèké.”
28 Mula, crita soal Yésus cepet banget kesebar ing kabèh panggonan ing dhaérah Galiléa.
29 Sakwisé ninggalké sinagogé,* Yésus, Yakobus, lan Yohanes lunga bareng karo Simon lan Andréas menyang omahé Simon lan Andréas.+
30 Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon+ turon ing ambèn lan lagi demam. Mula, wong-wong kuwi langsung ngandhani Yésus.
31 Yésus marani wong wédok kuwi, ndemèk tangané, lan nangèkké wong wédok kuwi. Terus, wong wédok kuwi mari lan mulai ngladèni Yésus lan murid-muridé.
32 Pas bengi, sakwisé matahari terbenam, akèh wong sing lara lan kesurupan roh jahat+ digawa marang Yésus.
33 Wong sak kutha nglumpuk ing ngarep lawang.
34 Mula, Yésus marèkké akèh wong sing penyakité macem-macem+ lan ngusir akèh roh jahat. Ning, Yésus nglarang roh-roh kuwi ngomong soal dhèwèké, merga roh-roh kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.*
35 Ésuk-ésuk, pas isih peteng, Yésus tangi lan metu menyang panggonan sing sepi. Ing kono, Yésus mulai ndonga.+
36 Ning, Simon lan murid-murid liyané nggolèki dhèwèké ing endi-endi.
37 Sakwisé ketemu, murid-murid kandha, ”Kabèh wong nggolèki njenengan.”
38 Ning Yésus kandha, ”Ayo lunga menyang kutha-kutha cedhak kéné bèn aku isa martakké kabar apik ing kono, sebab kuwi tujuané aku teka.”+
39 Terus, Yésus lunga lan martakké kabar apik ing sinagogé-sinagogé* ing kabèh dhaérah Galiléa. Dhèwèké ya ngusir roh-roh jahat.+
40 Ana wong lara kusta marani Yésus lan sujud. Dhèwèké kandha, ”Nèk njenengan gelem, mbok aku tulung dimarèkké.”*+
41 Merga mesakké, Yésus ngulurké tangané lan ndemèk wong kuwi. Yésus kandha, ”Ya, aku gelem marèkké kowé. Saiki kowé wis mari.”*+
42 Wong lanang kuwi langsung mari saka kustané, lan dhèwèké ora najis manèh.
43 Yésus ngongkon wong kuwi lunga, terus mènèhi préntah sing tegas,
44 ”Aja kandha sapa-sapa. Lungaa, duduhna awakmu marang imam, lan wènèhna apa sing dipréntahké ing Hukum Musa+ kanggo mbuktèkké nèk kowé wis mari.”+
45 Bar lunga saka kono, wong kuwi malah nyritakké ing endi-endi soal sing wis dhèwèké alami. Akibaté, wektu Yésus mlebu ing kutha, wong-wong dadi ngerti nèk kuwi Yésus. Mula, Yésus lunga ing njaba kutha, ing panggonan sing sepi. Ning, wong-wong saka ngendi-endi tetep marani Yésus.+
Katrangan Tambahan
^ Deloken ”Baptisan” ing Daftar Istilah.
^ Lit.: ”jalané”.
^ Utawa ”nyeluk”.
^ Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
^ Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
^ Lit.: ”roh najis”.
^ Lit.: ”roh najis”.
^ Lit.: ”Roh najis”.
^ Lit.: ”roh-roh najis”.
^ Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
^ Utawa mungkin ”roh-roh kuwi ngerti sapa dhèwèké”.
^ Utawa ”panggonan-panggonan kanggo ngibadah”.
^ Utawa ”tulung digawé ora najis manèh”.
^ Utawa ”wis ora najis manèh”.