Injil Markus 16:1-8
-
Yésus diuripké manèh (1-8)
16 Wektu dina Sabat+ wis rampung, Maria Magdaléna, Maria+ ibuné Yakobus, lan Salomé tuku rempah-rempah wangi, terus nyampur kuwi karo minyak bèn isa diolèské ing mayaté Yésus.+
2 Ing dina pertama minggu kuwi, wektu isih ésuk banget, wong-wong wédok kuwi teka ing kuburan.+
3 Wong-wong kuwi kandha, ”Sapa ya sing bakal nulungi awaké dhéwé ngglundhungké watu sing dienggo nutup kuburan?”
4 Ning, pas ndelok kuburan kuwi, jebulé watuné wis diglundhungké, padahal watu kuwi gedhé banget.+
5 Terus, wong-wong kuwi mlebu ing kuburan. Wong-wong kuwi kagèt pas ndelok ana wong lanang enom nganggo jubah putih lagi lungguh ing sisih tengen.
6 Wong lanang kuwi ngomong, ”Aja kagèt.+ Aku ngerti nèk kowé lagi nggolèki Yésus wong Nazarèt sing dipatèni ing cagak. Dhèwèké wis diuripké manèh.+ Dhèwèké ora ana ing kéné. Coba deloken, iki panggonan sing dienggo ndèlèhké mayaté.+
7 Saiki lungaa, lan kandhanana murid-muridé lan Pétrus, ’Dhèwèké lagi lunga ndhisiki kowé ing Galiléa.+ Kowé bakal ketemu karo dhèwèké ing kana, kaya sing wis dhèwèké omongké marang kowé.’”+
8 Wong-wong kuwi ndredheg lan kagum banget. Mula, wektu metu saka kuburan, wong-wong kuwi langsung mlayu. Saking wediné,+ wong-wong kuwi nganti ora isa ngomong apa-apa.*