Injil Markus 10:1-52

  • Nikah lan pegatan (1-12)

  • Yésus mberkahi bocah-bocah (13-16)

  • Pitakonané wong lanang sing sugih (17-25)

  • Pengorbanan kanggo Kerajaan swarga (26-31)

  • Kematiané Yésus diramalké manèh (32-34)

  • Sing dijaluk Yakobus lan Yohanes (35-45)

    • Tebusané Yésus kanggo wong akèh (45)

  • Bartiméus sing wuta dimarèkké (46-52)

10  Yésus lunga saka kono lan tekan ing perbatasan Yudéa ing sabrangé Kali Yordan. Ana akèh wong nglumpuk ing cedhaké Yésus. Kaya biasané, Yésus mulang wong-wong kuwi.+  Terus, wong Farisi marani Yésus arep nguji dhèwèké. Wong-wong kuwi takon apa wong lanang éntuk megat bojoné.+  Yésus njawab, ”Apa préntahé Musa marang kowé?”  Wong-wong kuwi njawab, ”Musa ngéntukké wong lanang nggawé surat cerai kanggo megat bojoné.”+  Tapi Yésus kandha, ”Musa nulis préntah kuwi merga kowé+ ndableg.+  Ning kèt awal, ’Gusti Allah nyiptakké wong lanang lan wong wédok.+  Kuwi sebabé wong lanang bakal ninggalké bapak ibuné,+  lan wong lanang kuwi karo bojoné* bakal dadi siji.’*+ Mula, wong lanang karo wong wédok kuwi dudu loro manèh, ning siji.  Kuwi sebabé apa sing wis didadèkké siji karo Gusti Allah ora éntuk dipisahké manungsa.”+ 10  Wektu bali ing omah, murid-murid nakoni Yésus soal kuwi. 11  Yésus kandha, ”Nèk wong lanang megat bojoné, terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong lanang kuwi laku jina+ lan ora setya karo bojoné. 12  Nèk wong wédok megat bojoné, terus nikah karo wong liya, kuwi artiné wong wédok kuwi laku jina.”+ 13  Terus, wong-wong nggawa bocah-bocah cilik marang Yésus. Wong-wong kuwi péngin bèn Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi, ning murid-murid malah nyenèni wong-wong kuwi.+ 14  Wektu ndelok kuwi, Yésus nesu lan kandha marang murid-muridé, ”Bèn waé bocah-bocah kuwi marani aku. Aja mbok alang-alangi, merga Kerajaané Gusti Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono.+ 15  Percayaa, sapa waé sing ora nampa Kerajaané Gusti Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.”+ 16  Terus, Yésus ngrangkul bocah-bocah kuwi lan mberkahi karo numpangké tangané ing ndhuwuré bocah-bocah kuwi.+ 17  Wektu Yésus neruské perjalanané, ana wong lanang sing mlayu nyedhak lan sujud ing ngarepé Yésus. Wong lanang kuwi takon, ”Guru sing Apik, aku kudu ngapa bèn isa nampa warisan urip saklawasé?”+ 18  Yésus njawab, ”Ngapa kok kowé nyebut aku apik? Ora ana sing apik kecuali Gusti Allah.+ 19  Kowé mesthi ngerti préntah iki: ’Aja matèni wong,+ aja laku jina,+ aja nyolong,+ aja mènèhi keterangan sing ora bener,+ aja ngapusi,+ lan kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu.’”+ 20  Wong lanang kuwi kandha, ”Guru, kabèh préntah kuwi wis tak tindakké kèt cilik.” 21  Yésus ndelok wong lanang kuwi, lan merga nresnani, Yésus kandha, ”Ana siji manèh sing kudu mbok tindakké: Edolen hartamu. Terus, hasilé wènèhna marang wong mlarat, lan kowé bakal éntuk harta ing swarga. Bar kuwi, dadia muridku.”+ 22  Ning, bar krungu jawaban kuwi, wong kuwi dadi sedhih. Dhèwèké lunga saka kono lan ngrasa sedhih merga hartané akèh.+ 23  Bar ndelok wong-wong sing ana ing kono, Yésus ngandhani murid-muridé, ”Pancèn angèl banget kanggo wong-wong sing dhuwité akèh nèk arep mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.”+ 24  Ning, murid-murid kagèt wektu krungu kuwi. Yésus ngomong manèh, ”Kanca-kanca,* mlebu ing Kerajaané Gusti Allah kuwi pancèn angèl banget. 25  Luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum timbang wong sugih mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.”+ 26  Murid-murid dadi saya kagèt lan kandha marang Yésus,* ”Lha nèk ngono, apa ana wong sing isa slamet?”+ 27  Karo ndeloki murid-muridé, Yésus kandha, ”Kanggoné manungsa kuwi mustahil, ning kanggoné Gusti Allah ora. Kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil.”+ 28  Pétrus kandha marang Yésus, ”Aku karo murid-murid liyané wis ninggalké kabèh lan mèlu njenengan.”+ 29  Yésus kandha, ”Percayaa, sapa waé sing wis ninggalké omahé, kakangé, mbakyuné, adhiné, ibuné, bapaké, anaké, utawa ladhangé merga aku lan merga kabar apik,+ 30  bakal nampa ping 100 luwih akèh ing jaman saiki. Wong kuwi bakal nampa luwih akèh omah, kakang, mbakyu, adhi, ibu, anak, lan ladhang, senajan karo ngalami aniaya.+ Terus, ing jaman* sukmbèn wong kuwi ya bakal nampa urip saklawasé. 31  Ning, akèh wong sing pertama bakal dadi sing terakhir, lan sing terakhir bakal dadi sing pertama.”+ 32  Terus, Yésus lan murid-muridé mlaku ing Yérusalèm. Yésus mlaku ing ngarep dhéwé. Murid-murid padha kagum, ning wong-wong liyané sing ngetutké mulai ngrasa wedi. Yésus ngejak rasulé 12 misah manèh saka wong-wong liyané lan mulai ngandhani soal apa waé sing bakal dhèwèké alami.+ 33  Yésus kandha, ”Awaké dhéwé arep lunga ing Yérusalèm, lan Anaké manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké lan nyerahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya. 34  Wong-wong kuwi bakal ngécé, ngidoni, mecuti, lan matèni dhèwèké. Tapi, ing dina ketelu,* dhèwèké bakal urip manèh.”+ 35  Yakobus lan Yohanes, anak-anaké Zébédéus,+ marani Yésus lan kandha, ”Guru, tulung turutana apa sing arep tak jaluk iki.”+ 36  Yésus takon, ”Kowé arep njaluk apa?” 37  Wong loro kuwi njawab, ”Nèk éntuk, aku lan sedulurku péngin lungguh ing sisih tengen lan kiwamu ing Kerajaanmu.”*+ 38  Yésus ngomong karo wong loro kuwi, ”Kowé ora ngerti lagi njaluk apa. Apa kowé isa ngombé saka gelas sing tak ombé? Apa kowé siap dibaptis nganggo baptisan sing tak lakoni?”+ 39  Wong loro kuwi njawab, ”Isa.” Yésus kandha, ”Pancèn kowé bakal ngombé saka gelas sing tak ombé, lan kowé bakal dibaptis nganggo baptisan sing tak lakoni.+ 40  Ning, aku ora nduwé wewenang kanggo nentokké soal sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengenku. Wong-wong sing lungguh ing kono wis ditentokké Bapakku.” 41  Wektu krungu soal kuwi, sepuluh murid liyané nesu karo Yakobus lan Yohanes.+ 42  Terus, Yésus ngundang* murid-muridé lan kandha, ”Kowé ngerti nèk ing donya iki para pemimpin padha mréntah rakyaté lan para pejabat ya nguwasani rakyaté.+ 43  Ning, kowé aja kaya ngono. Sapa waé ing antaramu sing péngin dadi sing utama kudu nglayani liyané,+ 44  lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji kudu dadi budhak kanggo liyané. 45  Malah, Anaké manungsa waé teka ora kanggo dilayani, ning kanggo nglayani+ lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh.”+ 46  Yésus lan murid-muridé tekan ing kutha Yérikho. Wektu Yésus lan murid-muridé metu saka Yérikho bareng karo akèh wong, ana pengemis sing wuta lagi lungguh ing pinggir dalan.+ Wong kuwi jenengé Bartiméus (anaké Timéus). 47  Pengemis kuwi krungu nèk sing lagi liwat kono kuwi Yésus wong Nazarèt. Mula dhèwèké mbengok, ”Yésus, Anaké Daud,+ tulung mesakké aku.”+ 48  Wong-wong nyenèni dhèwèké lan ngongkon bèn dhèwèké meneng. Ning, dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 49  Terus, Yésus mandheg lan kandha, ”Undangen* wong kuwi mréné.” Wong-wong marani wong wuta kuwi lan kandha marang dhèwèké, ”Aja wedi. Ndang ngadega. Kowé diundang kaé lho.” 50  Wong wuta kuwi cepet-cepet ngadeg lan nguncalké klambi njabané, terus marani Yésus. 51  Yésus nakoni wong kuwi, ”Kowé péngin njaluk apa?” Wong wuta kuwi njawab, ”Guru,* aku péngin isa ndelok manèh.” 52  Terus, Yésus kandha marang wong kuwi, ”Muliha. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+ Wong wuta kuwi langsung isa ndelok+ lan mulai ngetutké Yésus.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”lan loro-loroné”.
Lit.: ”dadi sak daging”.
Utawa ”Yésus mberkahi”.
Lit.: ”Anak-anak”.
Utawa mungkin ”lan rasan-rasan”.
Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”sakwisé telung dina”.
Lit.: ”ing kemuliaanmu”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”Celuken”.
Lit.: ”Rabuni”.