Injil Markus 15:1-47

  • Yésus ing ngarepé Pilatus (1-15)

  • Diécé ing ngarepé wong akèh (16-20)

  • Dipaku ing cagak ing Golgota (21-32)

  • Yésus mati (33-41)

  • Yésus dikubur (42-47)

15  Wektu isih ésuk banget, kabèh anggota Sanhèdrin,* yaiku para imam kepala, pemimpin,* lan ahli Taurat, ngumpul bareng kanggo rembugan. Sakwisé nalèni tangané Yésus, wong-wong kuwi nyerahké Yésus marang Pilatus.+  Pilatus nakoni Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?”+ Yésus njawab, ”Ya bener, kaya sing mbok omongké.”+  Terus, para imam kepala mulai nudhuh Yésus.  Pilatus nakoni Yésus manèh, ”Apa kowé ora péngin njawab?+ Apa kowé ora krungu tudhuhané wong-wong iki marang kowé?”+  Ning, Yésus ora njawab. Mula, Pilatus dadi nggumun.+  Saben Perayaan Paskah, Pilatus biasané mbébaské tahanan siji sing dipilih wong akèh.+  Wektu kuwi, ana wong lanang sing jenengé Barabas. Dhèwèké lagi dipenjara bareng karo wong-wong liyané. Wong-wong kuwi dipenjara merga mbrontak nglawan pamréntah lan matèni wong.  Mula, wong akèh njaluk bèn Pilatus mbébaské tahanan siji kaya sing biasa ditindakké Pilatus.  Terus, Pilatus takon, ”Apa kowé péngin aku mbébaské Rajané Wong Yahudi?”+ 10  Pilatus ngerti nèk para imam kepala nyerahké Yésus merga iri.+ 11  Terus, para imam kepala ngojok-ojoki wong akèh bèn njaluk Barabas waé sing dibébaské.+ 12  Pilatus takon karo wong-wong kuwi, ”Nèk ngono, wong sing mbok sebut Rajané Wong Yahudi kuwi kudu tak apakké?”+ 13  Wong-wong kuwi mbengok manèh, ”Patènana dhèwèké ing cagak.”+ 14  Pilatus takon, ”Lha ngapa? Dhèwèké salah apa?” Ning, wong-wong kuwi mbengok saya banter, ”Patènana dhèwèké ing cagak.”+ 15  Merga péngin nyenengké wong akèh, Pilatus mbébaské Barabas. Sakwisé ngongkon Yésus dipecuti,+ Pilatus nyerahké Yésus marang para prajurit bèn dihukum mati ing cagak.+ 16  Terus, para prajurit nggawa Yésus menyang halaman omahé gubernur lan ngundang* kabèh pasukan kanggo ngumpul.+ 17  Para prajurit kuwi nganggokké jubah ungu marang Yésus. Para prajurit ya nggawé mahkota saka tanduran eri lan masang kuwi ing sirahé Yésus. 18  Terus, para prajurit kuwi mbengok, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi.”+ 19  Para prajurit kuwi ya nggebugi sirahé Yésus nganggo tongkat lan ngidoni dhèwèké. Terus, para prajurit kuwi sujud ing ngarepé Yésus. 20  Akhiré, sakwisé ngécé Yésus, para prajurit kuwi nyopot jubah ungu sing dienggo Yésus, terus diganti nganggo klambi njabané Yésus. Bar kuwi, Yésus digawa metu arep dipaku ing cagak.+ 21  Wektu kuwi, Simon sing asalé saka Kiréné liwat ing kono. Dhèwèké kuwi bapaké Alèksander lan Rufus sing bar teka saka désa. Para prajurit kuwi meksa dhèwèké ngangkat cagak hukumané* Yésus.+ 22  Terus, Yésus diarak menyang panggonan sing disebut Golgota, sing artiné ”Panggonan Tengkorak”.+ 23  Ing kono, para prajurit kuwi nyoba mènèhi Yésus anggur sing dicampur mur,*+ ning Yésus ora gelem ngombé. 24  Sakwisé maku Yésus ing cagak, para prajurit kuwi ngedum-edum klambi njabané Yésus. Bagéané saben prajurit kuwi ditentokké nganggo cara nguncalké undhi.+ 25  Para prajurit kuwi maku Yésus ing cagak jam sanga ésuk.* 26  Ana papan sing isiné tudhuhan marang Yésus. Tulisané ngéné, ”Rajané Wong Yahudi.”+ 27  Ing kono, ya ana perampok loro sing dihukum mati ing cagak, ing jèjèré Yésus. Sing siji ing sebelah tengen, lan sijiné sebelah kiwa.+ 28  *—— 29  Wong-wong sing liwat ngécé Yésus lan gèdhèg-gèdhèg.+ Wong-wong kuwi kandha, ”Hé kowé sing ngomong nèk arep ngambrukké bait lan mbangun kuwi manèh ing wektu telung dina,+ 30  coba slametna awakmu dhéwé, lan mudhuna saka cagak hukuman.”* 31  Para imam kepala lan ahli Taurat ya ngécé Yésus lan kandha, ”Wong liya dislametké, ning dhèwèké ora isa nylametké dhèwèké dhéwé.+ 32  Nèk dhèwèké pancèn Kristus, Raja Israèl, ayo didelok, apa dhèwèké isa mudhun saka cagak hukumané.* Nèk nganti isa, awaké dhéwé bakal percaya karo dhèwèké.”+ Malah, para perampok sing ana ing jèjèré Yésus ya mèlu-mèlu ngécé Yésus.+ 33  Kèt jam 12 awan* nganti jam 3 soré,* kabèh dhaérah ing kono dadi peteng.+ 34  Pas jam telu soré, Yésus mbengok, ”Eli, Eli, lama sabakhtani?” sing artiné, ”Gusti Allahku, Gusti Allahku, ngapa kok Njenengan ninggalké aku?”+ 35  Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngadeg ing cedhak kono mulai kandha, ”Deloken, dhèwèké ngundang* Èlia.” 36  Terus, ana salah siji wong sing mlayu, ngekum kembang karang ing anggur kecut, ndèlèhké kuwi ing kayu, terus mènèhké kuwi marang Yésus supaya diombé.+ Wong kuwi kandha, ”Ayo delok waé apa Èlia bakal teka nylametké dhèwèké.” 37  Terus, Yésus mbengok lan mati.+ 38  Kordhèn ing bait+ langsung suwèk dadi loro, saka ndhuwur tekan ngisor.+ 39  Wektu perwira sing ngadeg ing ngarepé Yésus ndelok kabèh sing kelakon wektu Yésus mati, perwira kuwi kandha, ”Wong iki mesthi Anaké Gusti Allah.”+ 40  Ing kono, ana wong-wong wédok sing ndelok saka kadohan. Ing antarané wong-wong kuwi, ana Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus Cilik lan Yosès, lan Salomé.+ 41  Wong-wong wédok kuwi biasané ngancani Yésus lan ngurus kebutuhané Yésus+ wektu ing Galiléa. Sakliyané kuwi, ya ana manèh wong-wong wédok liyané sing wis teka bareng karo Yésus ing Yérusalèm. 42  Dina kuwi dina Persiapan, yaiku dina sakdurungé Sabat. Wektu wis soré, 43  Yusuf saka Arimatéa nemoni Pilatus. Senajan wedi, dhèwèké nemoni Pilatus arep njaluk mayaté Yésus.+ Yusuf kuwi salah siji anggota sing diajèni ing Mahkamah Agung Yahudi. Dhèwèké ya ngarep-arep Kerajaané Gusti Allah. 44  Ning, Pilatus péngin ngerti apa Yésus pancèn wis mati tenan. Mula, dhèwèké ngundang* perwira mau lan takon apa Yésus wis mati. 45  Sakwisé éntuk keterangan saka perwira mau, Pilatus nyerahké mayaté Yésus marang Yusuf. 46  Yusuf tuku kain linèn sing alus lan ngedhunké mayaté Yésus. Terus, mayaté Yésus dibungkus nganggo kain linèn kuwi lan didèlèhké ing njeroné bukit watu sing wis digrowongi dadi kuburan.+ Bar kuwi, Yusuf ngglundhungké watu kanggo nutup kuburan kuwi.+ 47  Wektu kuwi, Maria Magdaléna lan Maria ibuné Yosès terus ndeloki kuburané Yésus.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”sesepuh”.
Utawa ”nyeluk”.
Getah wangi. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”jam ketelu”.
Deloken Lamp. A3.
Lit.: ”jam keenem”.
Lit.: ”jam kesanga”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”nyeluk”.