Amos 4:1-13

  • Berita kanggo wong-wong wédok ing Samaria (1-3)

  • Yéhuwah ngutuk ibadah palsuné wong Israèl (4, 5)

  • Wong Israèl ora gelem dikandhani Gusti Allah (6-13)

    • ’Kowé kudu siap-siap ngadhepi Gusti Allah’ (12)

    • ’Gusti Allah ngandhani manungsa apa sing Dhèwèké pikirké’ (13)

4  ”Hé kowé wong-wong wédok sing manggon ing gunung Samaria,+ rungokna iki,Kowé kuwi kaya sapi-sapi Basyan. Kowé ngapusi wong cilik+ lan nindhes wong mlarat. Kowé kandha karo bojomu,* ’Wènèhana aku minuman keras bèn tak ombé!’  2  Yéhuwah, Gusti sing Mahakuwasa lan sing suci, wis sumpah kaya ngéné,*’”Sukmbèn kowé bakal digantung nganggo gantungan daging,Lan wong-wong sing isih urip saka antaramu bakal digantung nganggo kail pancing.  3  Saben wong bakal metu liwat témbok sing jebol sing ana ing ngarepé. Kowé bakal diusir menyang Harmon,” kandhané Yéhuwah.’  4  ’Maraa ing Bètel lan nggawéa dosa.*+ Maraa ing Gilgal lan nggawéa dosa sing luwih akèh.+ Pas ésuk, wènèhna korbanmu.+ Pas dina ketelu, wènèhna sepersepuluhanmu.+  5  Bakaren roti sing nganggo ragi+ kanggo korban ucapan syukur marang Gusti Allah. Critak-critakna soal persembahan sukaréla sing mbok wènèhkéMerga kowé kan senengané kaya ngono ta, hé wong Israèl?’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.  6  ’Aku nggawé kowé kelaparan ing kabèh kuthamuLan kekurangan roti ing kabèh omahmu.+ Senajan ngono, kowé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah.  7  ’Telung sasi sakdurungé panèn,+ Aku ora mènèhi udan kanggo kowé. Kutha sing siji Tak wènèhi udan, ning sing liyané ora. Ana tanah sing éntuk udan,Ning ana tanah sing dadi gersang merga ora éntuk udan.  8  Ana kutha-kutha sing penduduké nganti kudu lunga menyang kutha liyané karo ngelak banget merga arep nggolèk banyu kanggo ngombé,+Ning banyuné ora cukup. Senajan ngono, kowé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah.  9  ’Aku bakal ngukum kowé nganggo angin panas lan hama jamur+ sing ngrusak tanduranmu. Senajan kebon lan kebon anggurmu mbok gawé dadi saya akèh,Ning wit ara lan wit zaitunmu+ bakal dipangan walang nganti entèk. Senajan ngono, kowé tetep waé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah. 10  ’Aku nggawé kowé kena wabah penyakit kaya sing tau Tak tindakké ing Mesir.+ Aku matèni cah-cah enom ing antaramu+ nganggo pedhang, lan jaran-jaranmu dijarah.+ Kuwi sebabé perkémahanmu mambu mayat.+ Senajan ngono, kowé ora mertobat,’ kandhané Yéhuwah. 11  ’Aku nggawé negaramu dihancurkéKaya sing Tak tindakké marang Sodom lan Gomora.+ Wong-wong sing slamet ing antaramu kaya kayu sing ditokké saka geni. Senajan ngono, kowé ora mertobat,’+ kandhané Yéhuwah. 12  ’Mula, hé Israèl, Aku bakal ngukum kowé manèh. Hé Israèl, kowé kudu siap-siap ngadhepi Aku, Gusti Allahmu,Merga Aku bakal ngukum kowé.’ 13  Dhèwèké kuwi sing nggawé gunung+ lan nyiptakké angin.+ Dhèwèké ngandhani manungsa apa sing Dhèwèké pikirké. Dhèwèké nggawé cahaya matahari dadi peteng.+ Dhèwèké mlaku ing panggonan-panggonan sing dhuwur ing bumi.+ Dhèwèké kuwi Gusti Allah pemimpiné pasukan. Yéhuwah kuwi jenengé.”

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”majikanmu”.
^ Lit.: ”Gusti sing Mahaluhur Yéhuwah wis sumpah demi kesuciané”.
^ Utawa ”mbrontaka”.