Amos 7:1-17

  • Wahyu soal kehancurané Israèl sing ora suwé manèh (1-9)

    • Walang (1-3), geni (4-6), unting-unting (7-9)

  • Amos ora éntuk nyampèkké ramalan (10-17)

7  Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah nduduhké wahyu iki marang aku: Aku ndelok Dhèwèké ngirim grombolan walang wektu tanduran musim dingin* mulai thukul. Tanduran kuwi ditandur sakwisé suket dipangkas kanggo raja. 2  Pas walang kuwi wis mangan kabèh tanduran ing tanah kuwi, aku kandha, ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, tulung umat-Mu diapura.+ Apa isa keturunané Yakub tetep urip? Wong-wong kuwi ora nduwé kekuwatan.”+ 3  Mula Yéhuwah ngubah keputusané.+ Yéhuwah kandha, ”Apa sing mbok delok ora bakal kelakon.” 4  Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah nduduhké wahyu iki marang aku: Aku ndelok nèk Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngukum negara kuwi nganggo geni. Geni kuwi ngobong laut nganti dadi garing lan ngobong sebagéan tanah kuwi nganti entèk. 5  Terus aku kandha, ”Oh Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, tulung aja Njenengan teruské.+ Apa isa keturunané Yakub tetep urip? Wong-wong kuwi ora nduwé kekuwatan.”+ 6  Mula Yéhuwah ngubah keputusané.+ Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ”Apa sing mbok delok ora bakal kelakon.” 7  Terus aku diduduhi wahyu iki: Yéhuwah ngadeg ing cedhak témbok sing digawé nganggo unting-unting,* lan Dhèwèké nyekel unting-unting. 8  Yéhuwah takon, ”Amos, iki apa?” Bar kuwi aku njawab, ”Unting-unting.” Terus Yéhuwah kandha, ”Aku ngukur umat-Ku Israèl nganggo unting-unting. Aku ora bakal ngapura wong-wong kuwi manèh.+ 9  Panggonan-panggonan dhuwur* duwèké Ishak+ bakal ditelantarké, lan panggonan-panggonan suciné Israèl bakal dihancurké.+ Aku bakal nyerang keluargané Yéroboam nganggo pedhang.”+ 10  Amazia imam Bètel+ ngirim pesen iki marang Yéroboam+ raja Israèl, ”Amos sekongkol nglawan njenengan ing Israèl.+ Wong-wong ing tanah iki wis ora tahan ngrungokké omongané Amos.+ 11  Amos kandha, ”Yéroboam bakal dipatèni nganggo pedhang. Wong Israèl mesthi bakal digawa lunga saka tanahé lan didadèkké tawanan.’”+ 12  Terus Amazia kandha marang Amos, ”Lungaa kana, hé kowé wong sing nyampèkké wahyu! Lungaa menyang tanah Yéhuda, lan nyambut gawéa* ing kana. Kowé éntuk ngramal ing kana.+ 13  Ning kowé ora éntuk ngramal ing Bètel manèh+ merga kuwi panggonan suciné raja+ lan kuil kerajaan.” 14  Amos njawab Amazia, ”Mbiyèn aku dudu nabi utawa anaké nabi. Aku mbiyèn gembala+ lan kerja ngurusi wit ara hutan. 15  Ning, aku ora dadi gembala manèh merga Yéhuwah ngundang* lan ngongkon aku, ’Lungaa lan sampèkna ramalan marang umat-Ku Israèl.’+ 16  Mula saiki rungokna omongané Yéhuwah, ’Kowé kandha, ”Aja mènèhi ramalan soal Israèl,+ lan aja ngomongké+ soal keturunané Ishak.” 17  Mula Yéhuwah kandha, ”Bojomu bakal dadi pelacur ing kutha. Anakmu lanang lan wédok bakal dipatèni nganggo pedhang. Tanahmu bakal dibagi-bagi nganggo tali pengukur, lan kowé dhéwé bakal mati ing negara asing. Wong Israèl mesthi bakal digawa lunga saka tanahé lan didadèkké tawanan.”’”+

Cathetan Ngisor

^ Maksudé, sasi Januari lan Februari.
^ Alat iki bentuké tali sing ana bandhulé lan digunakké kanggo nentokké témboké wis lurus apa durung.
^ Lit.: ”mangana roti”.
^ Utawa ”nyeluk”.