Amos 3:1-15

  • Ngumumké hukuman saka Gusti Allah (1-8)

    • Gusti Allah ngandhani rahasiané (7)

  • Berita kanggo Samaria (9-15)

3  ”Hé wong Israèl, rungokna omongané Yéhuwah soal kowé, soal kabèh keluarga sing Tak gawa metu saka Mesir,  2  ’Saka antarané kabèh bangsa ing bumi, mung kowé sing Tak pilih.*+ Kuwi sebabé Aku bakal ngukum kowé merga kabèh kesalahanmu.+  3  Apa isa wong loro lunga bareng nèk ora janjian dhisik?  4  Apa singa bakal nggero ing hutan nèk durung éntuk mangsa? Apa singa enom bakal nggereng ing panggonané nèk durung nangkep apa-apa?  5  Apa manuk bakal mlebu ing jebakan sing ana ing lemah nèk ora ana sing masang jebakan kuwi?* Apa jebakan bakal njeplak nèk durung diidak?  6  Nèk trompèt* disebul ing kutha, wong-wong mesthi padha ndredheg, ta? Nèk ana bencana ing kutha, kuwi mesthi merga Yéhuwah wis tumindak, ta?  7  Merga Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ora bakal nindakké apa-apaSakdurungé Dhèwèké ngandhani rahasiané marang para abdiné yaiku para nabi.+  8  Nèk singa wis nggero,+ sapa sing ora wedi? Nèk Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah wis ngomong, nabi endi sing bakal meneng waé?’+  9  ’Umumna ing menara-menara sing ana bèntèngé ing AsdodLan ing menara-menara sing ana bèntèngé ing Mesir. Ngomonga ngéné, ”Padha nglumpuka ing gunung-gunung Samaria.+ Deloken apa sing kelakon ing kana. Ing kana keadaané kisruh lan akèh penipuan.+ 10  Wong-wong kuwi ora ngerti carané nindakké sing bener,” kandhané Yéhuwah,”Menara-menara sing ana bèntèngé diisèni jarahan saka hasil kejahatané.”’ 11  Mula, iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah,’Bakal ana mungsuh sing ngepung tanah kuwi.+ Dhèwèké bakal nggawé kowé ora nduwé kekuwatan. Menara-menaramu sing ana bèntèngé bakal dijarah.’+ 12  Iki sing diomongké Yéhuwah,’Kaya gembala sing mung isa ngrebut sikil utawa kupingé dombané saka cangkemé singa,Mung sithik wong Israèl sing bakal slamet,Yaiku wong-wong sing lagi lungguh ing Samaria, ing panggonan turu sing méwah lan ranjang sing nyaman.’*+ 13  ’Rungokna lan élikna keturunané Yakub,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan. 14  ’Pas Aku ngukum Israèl merga wong-wong kuwi mbrontak,+Aku ya bakal nyingkirké mézbah-mézbah Bètel.+ Sungu-sunguné mézbah bakal ditugeli lan tiba ing lemah.+ 15  Omah musim dingin lan omah musim panas bakal Tak hancurké.’ ’Omah-omah saka gadhing bakal musnah,+Lan omah-omah sing gedhé* bakal hancur,’+ kandhané Yéhuwah.”

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”Tak kenal”.
^ Utawa mungkin ”nèk ora ana umpan ing njeroné”.
^ Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”lungguhan saka Damaskus”.
^ Utawa mungkin ”Lan akèh omah”.