Yésaya 58:1-14
58 Gusti Allah ngomong karo aku, ”Kowé kudu mbengok sak banter-banteré. Aja mbok tahan.
Swaramu kudu banter kaya trompèt.
Umat-Ku kudu mbok kandhani soal tumindaké sing nglawan Aku.+
Keturunané Yakub kudu mbok kandhani soal dosa-dosané.
2 Saben dina wong-wong kuwi nggolèk tuntunan-KuLan ngomong nèk seneng merga ngerti préntah-préntah-Ku,Kaya bangsa sing tumindaké bener
Lan sing terus nindakké hukumé Gusti Allah.+
Wong-wong kuwi ngongkon Aku bèn adil wektu ngadili,Lan wong-wong kuwi ngrasa seneng merga cedhak karo Gusti Allah.+
3 Tapi saiki wong-wong kuwi takon, ’Ngapa kok Njenengan ora nggatèkké pas aku pasa?+
Ngapa kok Njenengan ora perduli pas aku sedhih merga wis nggawé dosa?’+
Mula Aku njawab, ’Merga pas kowé pasa, kowé ngutamakké kepentinganmu* dhéwé,Lan kowé nindhes wong-wong sing kerja mèlu kowé.+
4 Kowé padha pasa, tapi kowé tetep padu lan gelut.
Kowé ya kejem banget nggebugi wong liya.
Nèk pasamu kaya ngono, aja berharap swaramu Tak rungokké ing swarga.
5 Apa Aku ngongkon kowé pasa nganggo cara ngéné iki:
Ngrasa sedhih merga wis nggawé dosa,Ndhingkluk kaya suket dhuwur sing mlengkung,Lan ndadèkké kain goni lan awu dadi panggonanmu turu?
Apa kaya ngono pasa sing nggawé Yéhuwah seneng?
6 Dudu kaya ngono, tapi pasa sing Tak senengi kuwi kaya ngéné:
Nyingkirké ranté sing dienggo nindakké kejahatan,Nguculi tali ing kayu sing dienggo nggawa beban,+Mbébaské wong sing ditindhes,+Lan nugel kabèh kayu sing dienggo nggawa beban.
7 Wong sing ngelih* kudu mbok wènèhi pangan.+
Gelandangan lan wong sing mlarat kudu mbok kongkon nginep ing omahmu.
Wong sing ora nduwé klambi* kudu mbok wènèhi klambi.+
Sedulurmu kudu mbok tulungi.
8 Kowé bakal dadi kaya cahaya matahari pas terbit,+Lan kowé bakal cepet pulih manèh kaya mbiyèn.
Kowé bakal nindakké apa sing bener,Lan kemuliaané Yéhuwah bakal njaga kowé.+
9 Nèk kowé ngundang,* Aku, Yéhuwah, bakal njawab.
Nèk kowé njaluk tulung, Aku bakal ngomong, ’Kéné Tak tulungi.’
Nèk kowé ora nindhes,Ora ngrendhahké, lan ora ngomong kasar manèh karo wong liya,+
10 Nèk kowé mènèhi apa sing mbok péngini marang wong sing ngelih*+
Lan nyukupi kebutuhané wong sing susah,Kowé bakal dadi kaya cahaya ing panggonan sing peteng,Kaya cahaya matahari pas awan sing nggawé panggonan sing peteng dadi padhang.+
11 Yéhuwah bakal terus nuntun kowéLan nyukupi kebutuhanmu senajan kowé manggon ing tanah sing gersang.+
Dhèwèké bakal nguwatké kowé.*
Kowé bakal kaya kebon sing dialiri banyu,+Kaya mata air sing terus metu banyuné.
12 Kutha-kuthamu sing mbiyèn dadi reruntuhan bakal dibangun manèh merga kowé sing njaluk.+
Kowé bakal ndandani pondhasi sing wis ana kèt mbiyèn.+
Kowé bakal disebut tukang sing ndandani témbok sing ambruk,*+
Wong sing ndandani dalan ing panggonan sing bakal dienggoni.
13 Nèk kowé ora ngutamakké kepentinganmu* dhéwé lan kowé ngrayakké Sabat, dina sing Tak anggep suci,+Nèk kowé nganggep Sabat kuwi dina sing nyenengké, dina sing suci kanggo Yéhuwah, dina sing penting banget kanggo kowé,+Nèk kowé nganggep kuwi luwih penting timbang kepentinganmu dhéwé lan timbang omongan sing ora ana gunané,
14 Kowé bakal ngrasa bahagia merga Aku, Yéhuwah.
Aku bakal nggawé kowé nguwasani gunung-gunung ing bumi.+
Aku bakal mènèhi kowé berkah, yaiku warisan sing diwènèhké marang Yakub nènèk moyangmu,+Merga Aku, Yéhuwah, sing ngomong ngono.”
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”kesenenganmu”.
^ Utawa ”luwé”.
^ Lit.: ”sing wuda”.
^ Utawa ”nyeluk”.
^ Utawa ”luwé”.
^ Lit.: ”balungmu”.
^ Lit.: ”ndandani bolongan ing témbok”.
^ Utawa ”kesenenganmu”.