Kisah Para Rasul 25:1-27
25 Telung dina sakwisé Fèstus+ tekan ing Yudéa* lan mulai mréntah, dhèwèké lunga saka Kaisaréa menyang Yérusalèm.
2 Terus, para imam kepala lan para pemimpiné wong Yahudi mènèhi keterangan soal Paulus.+ Wong-wong kuwi terus njaluk marang Fèstus
3 bèn kepénginané dituruti, yaiku ngirim Paulus bali menyang Yérusalèm. Wong-wong kuwi sakjané wis nggawé rencana jahat arep nyerang lan matèni Paulus ing dalan.+
4 Ning, Fèstus njawab nèk Paulus kudu tetep ana ing Kaisaréa. Fèstus dhéwé ya kandha nèk dhèwèké dhéwé sedhéla manèh arep bali mrana.
5 Fèstus ngomong, ”Ngéné waé, para pemimpinmu bèn mèlu aku lan ngomongké tudhuhané nèk pancèn Paulus wis tumindak salah.”+
6 Mula, sakwisé manggon ing kono kira-kira wolu utawa sepuluh dina, Fèstus bali menyang Kaisaréa. Sésuké, dhèwèké lungguh ing kursi pengadilan lan ngongkon bèn Paulus digawa mlebu.
7 Wektu Paulus mlebu, wong Yahudi sing teka saka Yérusalèm ngadeg ing sekitaré. Wong-wong kuwi nudhuh Paulus nindakké akèh kejahatan sing serius. Ning, wong-wong kuwi ora isa mbuktèkké tudhuhané.+
8 Ning, Paulus mènèhi pembélaan lan kandha, ”Aku ora tumindak salah marang Tauraté wong Yahudi, utawa marang bait, utawa marang Kaisar.”+
9 Merga péngin nggawé atiné wong Yahudi seneng,+ Fèstus nakoni Paulus, ”Apa kowé péngin lunga menyang Yérusalèm bèn kasusmu iki diadili ing kana?”
10 Ning Paulus njawab, ”Aku saiki lagi ngadeg ing ngarepé kursi pengadilan Kaisar. Ya ing kéné iki kuduné aku diadili. Aku ora tumindak salah marang wong Yahudi, lan njenengan mesthi ya ngerti soal iki.
11 Nèk aku pancèn tumindak salah sing nggawé aku pantes dihukum mati,+ aku ora bakal njaluk supaya dibébaské saka hukuman kuwi. Ning, nèk kabèh sing ditudhuhké marang aku kuwi ora bener, ora ana wong sing nduwé hak kanggo nyerahké aku marang wong-wong kuwi mung merga bèn isa nuruti sing dijaluk wong-wong kuwi. Aku njaluk bandhing marang Kaisar.”+
12 Mula, sakwisé rembugan karo para penaséhaté, Fèstus njawab, ”Kowé njaluk bandhing marang Kaisar, ya wis, kowé bakal lunga marang Kaisar.”
13 Pirang-pirang dina bar kuwi, Raja Agripa lan Bèrnike tekan ing Kaisaréa kanggo kunjungan resmi marang Fèstus.
14 Merga wong-wong kuwi ana ing kana pirang-pirang dina, Fèstus nyritakké soal kasusé Paulus marang Raja. Fèstus kandha,
”Fèliks ninggali aku tahanan siji.
15 Wektu aku ing Yérusalèm, para imam kepala lan pemimpiné* wong Yahudi ngandhani aku soal tahanan kuwi.+ Wong-wong kuwi njaluk supaya tahanan kuwi dihukum.
16 Ning, aku ngandhani wong-wong kuwi nèk nurut kebiasaané wong Romawi, wong ora isa diserahké ngono waé mung merga nuruti karepé wong liya sakdurungé wong kuwi diwènèhi kesempatan kanggo nggawé pembélaan ing ngarepé wong-wong sing nudhuh dhèwèké.+
17 Mula wektu wong-wong kuwi tekan kéné, sésuké, aku langsung lungguh ing kursi pengadilan lan ngongkon supaya tahanan kuwi digawa mlebu.
18 Wektu wong-wong sing nudhuh dhèwèké kuwi ngadeg, jebulé tudhuhané dudu kejahatan kaya sing tak kira.+
19 Wong-wong kuwi debat soal ibadah marang déwané* dhéwé+ lan soal wong lanang sing jenengé Yésus sing wis mati. Ning, Paulus terus-terusan ngomong nèk wong lanang kuwi urip.+
20 Merga bingung piyé carané aku ngatasi masalah iki, mula aku takon apa dhèwèké péngin lunga menyang Yérusalèm lan diadili ing kana soal kasus iki.+
21 Ning, Paulus njaluk supaya dhèwèké tetep ditahan nganti ana keputusan saka Kaisar.*+ Mula, aku ngongkon supaya Paulus tetep ditahan nganti aku ngirim dhèwèké marang Kaisar.”
22 Raja Agripa kandha marang Fèstus, ”Aku péngin krungu langsung saka wong kuwi.”+ Fèstus njawab, ”Sésuk njenengan bakal ketemu wong kuwi.”
23 Mula sésuké, Raja Agripa lan Bèrnike teka karo mamèrké kemuliaané. Wong loro kuwi mlebu ing ruang pengadilan bareng karo para komandan lan wong-wong penting liyané ing kutha kuwi. Sakwisé Fèstus mènèhi préntah, Paulus digawa mlebu.
24 Terus Fèstus kandha, ”Raja Agripa lan njenengan kabèh sing teka ing kéné, deloken wong lanang iki. Kabèh wong Yahudi sing ana ing Yérusalèm lan ing kéné padha njaluk marang aku karo bengok-bengok bèn wong iki dipatèni.+
25 Ning sak ngertiku, wong iki ora nindakké apa-apa sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati.+ Dadi wektu wong iki dhéwé njaluk bandhing marang Kaisar, aku mutuské kanggo ngirim dhèwèké mrana.
26 Tapi, aku durung éntuk keterangan sing jelas sing isa tak enggo dhasar kanggo nulis laporan marang Kaisar. Mula, aku nggawa dhèwèké ing ngarepé njenengan kabèh, khususé ing ngarepé njenengan, Raja Agripa. Tujuanku, supaya sakwisé dipriksa ing sidang iki, ana sing isa tak tulis soal dhèwèké.
27 Sebab, ora mungkin aku ngirim tahanan menyang Roma tanpa nyebutké tudhuhané wong-wong marang wong kuwi.”
Katrangan Tambahan
^ Lit.: ”ing provinsi kuwi”.
^ Utawa ”sesepuhé”.
^ Utawa ”soal agamané”.
^ Iki gelar kanggo kaisar Romawi, dudu jeneng wong.