Injil Lukas 6:1-49

  • Yésus kuwi Gustiné dina Sabat (1-5)

  • Wong lanang sing tangané lumpuh dimarèkké (6-11)

  • Rasul 12 (12-16)

  • Yésus mulang lan marèkké wong-wong (17-19)

  • Wong sing bahagia lan sing cilaka (20-26)

  • Nresnani mungsuh (27-36))

  • Aja ngadili manèh (37-42)

  • Kétok saka buahé (43-45)

  • Omah ing ndhuwur watu; omah tanpa pondhasi sing kuwat (46-49)

6  Wektu kuwi, pas dina Sabat, Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum. Murid-muridé methik gandum,+ terus digosok-gosok nganggo tangané lan dipangan.+  Wektu ngerti kuwi, ana wong-wong Farisi sing kandha, ”Ngapa kok kowé methik gandum pas dina Sabat?+ Kuwi kan nglanggar hukum.”  Ning Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisahé Daud wektu dhèwèké lan anak buahé lagi ngelih?*+  Daud mlebu ing omahé Gusti Allah lan diwènèhi roti persembahan. Terus, roti kuwi dipangan lan diwènèhké marang anak buahé, padahal kuduné sing éntuk mangan roti kuwi mung para imam.”+  Yésus ngomong manèh, ”Anaké manungsa kuwi nduwé wewenang marang* dina Sabat.”+  Ing dina Sabat liyané,+ Yésus mlebu menyang sinagogé* lan mulang wong-wong. Ing kono, ana wong sing tangané tengen lumpuh.+  Para ahli Taurat lan wong Farisi péngin nggolèk cara kanggo nudhuh Yésus. Mula, wong-wong kuwi ngamati tenanan apa Yésus bakal marèkké wong pas dina Sabat.  Ning, Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi.+ Kuwi sebabé Yésus kandha marang wong lanang sing tangané lumpuh mau, ”Tangia, ngadega ing tengah.” Terus, wong lumpuh kuwi tangi lan ngadeg ing tengah.  Bar kuwi, Yésus ngomong karo para ahli Taurat lan wong Farisi, ”Aku arep takon, menurut hukum, sing éntuk ditindakké pas dina Sabat kuwi sing endi, tumindak apik utawa tumindak jahat, nylametké nyawa utawa matèni?”+ 10  Bar ndeloki kabèh wong ing sekitaré, Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Ulurna tanganmu.” Wong lumpuh kuwi ngulurké tangané, lan tangané mari. 11  Para ahli Taurat lan wong Farisi dadi nesu banget lan padha rembugan Yésus arep diapakké. 12  Wektu kuwi, Yésus munggah gunung arep ndonga.+ Terus, Yésus ndonga marang Gusti Allah sewengi muput.+ 13  Wektu wis padhang, Yésus ngundang* murid-muridé lan milih wong 12. Yésus nyebut wong 12 kuwi rasul-rasul.+ 14  Jeneng-jenengé wong 12 kuwi yaiku: Simon sing ya dijenengi Pétrus, Andréas seduluré Pétrus, Yakobus, Yohanes, Filipus,+ Bartoloméus, 15  Matius, Tomas,+ Yakobus anaké Alféus, Simon sing disebut ”wong sing semangat”, 16  Yudas anaké Yakobus, lan Yudas Iskariot sing akhiré ngianati Yésus. 17  Bar kuwi, Yésus mudhun karo wong 12 kuwi lan ngadeg ing panggonan sing rata. Ing kana, wis ana akèh muridé lan wong-wong liyané sing teka saka kabèh dhaérah Yudéa, Yérusalèm, lan dhaérah pinggir laut, yaiku Tirus lan Sidon. Wong-wong kuwi teka arep ngrungokké Yésus lan péngin bèn penyakité dimarèkké. 18  Malah, wong sing kesurupan roh jahat* ya dimarèkké. 19  Wong-wong kuwi ngupaya ndemèk Yésus, merga ana kuwasa sing metu saka Yésus+ sing isa nggawé wong-wong kuwi mari. 20  Yésus ndeloki murid-muridé lan kandha, ”Hé wong sing mlarat, kowé kuwi wong sing bahagia, merga Kerajaané Gusti Allah kuwi duwèkmu.+ 21  ”Hé wong sing saiki ngelih,* kowé kuwi wong sing bahagia, merga kowé bakal dipuaské.+ ”Hé wong sing saiki nangis, kowé kuwi wong sing bahagia, merga akhiré kowé bakal ngguyu.+ 22  ”Kowé kuwi wong sing bahagia nèk ana wong sing sengit karo kowé,+ ngedohi kowé,+ ngécé kowé, lan ngèlèk-èlèk jenengmu merga Anaké manungsa. 23  Wektu ngalami kuwi, kowé kudu bahagia lan seneng, merga upahmu gedhé ing swarga. Para nabi jaman mbiyèn ya dianiaya karo nènèk moyangé wong-wong kuwi.+ 24  ”Ning cilaka kowé wong sing sugih,+ merga kowé wis ngrasakké apa sing kuduné mbok tampa sukmbèn.+ 25  ”Cilaka kowé sing saiki wareg, merga kowé bakal ngelih.* ”Cilaka kowé sing saiki ngguyu, merga kowé bakal susah lan nangis.+ 26  ”Cilaka kowé nèk kabèh wong ngalem kowé,+ merga mbiyèn nènèk moyangé wong-wong kuwi ya ngalem nabi-nabi palsu. 27  ”Ning, kowé sing ngrungokké aku, kowé tak kandhani: Kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu, apikan karo wong-wong sing sengit karo kowé,+ 28  njaluk Gusti Allah bèn mberkahi wong sing nyumpahi kowé, lan ndongakké wong-wong sing ngrèmèhké kowé.+ 29  Nèk ana sing napuk pipimu sing siji, wènèhna sisan pipimu sing sijiné. Nèk ana sing njupuk klambi njabamu, wènèhna sisan klambi njeromu.+ 30  Nèk kowé dijaluki wong, ya wènèhna sing dijaluk kuwi.+ Nèk ana sing njupuk barang-barangmu, aja mbok njaluk manèh. 31  ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.+ 32  ”Apa kowé pantes dialem nèk kowé mung nresnani wong sing nresnani kowé? Wong dosa ya nresnani wong sing nresnani dhèwèké.+ 33  Apa kowé pantes dialem nèk kowé mung apikan marang wong sing apikan karo kowé? Wong dosa ya tumindak kaya ngono. 34  Apa kowé pantes dialem nèk kowé mung ngutangi* wong sing mbok pikir isa mbayar utangé?+ Wong dosa ya ngutangi wong dosa supaya isa nampa manèh dhuwit sing diutangké kuwi. 35  Ning, kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu, apikan marang wong liya, lan ngutangi tanpa ngarep-arep dibayar.+ Kowé bakal nampa upah sing gedhé lan bakal dadi anak-anaké Sing Mahaluhur, sebab Dhèwèké apikan marang wong sing jahat lan wong sing ora nduwé rasa maturnuwun.+ 36  Kowé kudu terus nduduhké rasa mesakké marang wong liya, kaya Bapakmu sing nduduhké rasa mesakké.+ 37  ”Sakliyané kuwi, aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili.+ Aja nggolèk-nggolèk kesalahané wong liya bèn wong liya ora nggolèk-nggolèk kesalahanmu. Kowé kudu terus ngapura* bèn kowé ya diapura.*+ 38  Kowé kudu seneng mènèhi, lan kowé ya bakal diwènèhi.+ Kowé bakal nampa sak takeran kebak ing kanthongmu,* sing dienet-enet, dioyog-oyog, lan akèh banget. Takeran sing mbok enggo naker wong liya ya bakal digunakké kanggo naker kowé.” 39  Terus, Yésus mènèhi perumpamaan marang wong-wong kuwi. Yésus kandha, ”Apa wong wuta isa nuntun wong wuta? Loro-loroné mesthi bakal kecemplung kalèn, ta?+ 40  Ora ana murid sing ngungkuli guruné. Ning, wong sing dilatih nganti rampung bakal dadi padha kaya guruné. 41  Dadi, ngapa kok kowé ndelok jerami ing mripaté sedulurmu, ning ora ndelok balok kayu ing mripatmu dhéwé?+ 42  Kok isa kowé kandha karo sedulurmu, ’Kéné tak jupukké jerami ing mripatmu,’ padahal kowé dhéwé ora ndelok ana balok kayu ing mripatmu? Hé wong munafik, etokna dhisik balok kayu saka mripatmu, bar kuwi kowé lagi isa ndelok cetha lan njupuk jerami sing ana ing mripaté sedulurmu. 43  ”Wit sing apik ora bakal ngasilké buah sing èlèk, lan wit sing èlèk ora bakal ngasilké buah sing apik.+ 44  Saka buahé, wong isa ngerti kuwi wit apa.+ Contoné, wong ora bakal manèn buah ara utawa methik buah anggur saka semak berduri. 45  Wong apik mesthi ngomongké sing apik-apik, merga sing ana ing atiné mung apa sing apik. Ning, wong jahat ngomongké sing èlèk-èlèk, merga sing ana ing atiné mung apa sing èlèk. Apa sing diomongké ing cangkem kuwi asalé saka ati.+ 46  ”Ngapa kok kowé nyebut aku, ’Gusti, Gusti,’ padahal kowé ora manut karo omonganku?+ 47  Kowé bakal tak kandhani kaya apa wong sing marani aku, terus ngrungokké lan nindakké omonganku:+ 48  Wong kuwi kaya wong sing mbangun omah. Dhèwèké nggali lemah nganti jero lan nggawé pondhasi ing ndhuwuré watu. Terus, pas ana banjir sing nerjang omah kuwi, omah kuwi ora ambruk merga bangunané kuwat.+ 49  Ning, sapa waé sing ngrungokké omonganku tapi ora nindakké apa-apa,+ kuwi kaya wong sing mbangun omah ing ndhuwur lemah tanpa nggawé pondhasi. Pas ana banjir sing nerjang, omah kuwi langsung ambruk lan rusak parah.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”luwé”.
Lit.: ”kuwi Gustiné”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”roh najis”.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”luwé”.
Maksudé, nyilihi tanpa bunga.
Utawa ”mbébaské”.
Utawa ”dibébaské”.
Wong-wong wektu kuwi nggawé kanthong nganggo cara jubahé ditekuk munggah, terus dienggo nggawa barang.