Injil Lukas 19:1-48

  • Yésus mara ing omahé Zakhéus (1-10)

  • Perumpamaan soal sepuluh mina (11-27)

  • Yésus mlebu ing Yérusalèm (28-40)

  • Yésus nangisi Yérusalèm (41-44)

  • Yésus ngusir wong-wong sing jual-beli ing bait (45-48)

19  Terus, Yésus mlebu ing kutha Yérikho lan mlaku ngliwati kutha kuwi.  Ing kono, ana wong lanang sugih sing jenengé Zakhéus. Dhèwèké kepala petugas pajeg.  Dhèwèké péngin banget ndelok Yésus, ning ora isa merga dhèwèké cendhèk lan ana akèh wong ing kono.  Mula, dhèwèké mlayu ndhisiki wong-wong lan mènèk wit ara bèn isa ndelok Yésus pas Yésus liwat kono.  Wektu tekan kono, Yésus ndhangak lan kandha, ”Zakhéus, cepet mudhuna. Dina iki aku arep ing omahmu.”  Zakhéus langsung mudhun. Dhèwèké seneng banget nyambut Yésus ing omahé.  Ning, wong-wong sing ngerti soal kuwi dadi ora seneng lan bisik-bisik, ”Dhèwèké mara ing omahé wong dosa.”+  Zakhéus ngadeg lan ngomong karo Yésus, ”Gusti, hartaku sing separo arep tak wènèhké wong mlarat. Dhuwité wong-wong sing wis tak apusi ya bakal tak balèkké ping papaté.”+  Terus, Yésus kandha, ”Dina iki, Gusti Allah wis nylametké wong lanang iki lan keluargané, merga dhèwèké ya keturunané Abraham. 10  Anaké manungsa teka kanggo nggolèki lan nylametké sing kesasar.”+ 11  Pas murid-murid lagi ngrungokké omongané Yésus kuwi, Yésus nyritakké perumpamaan siji manèh. Kuwi ditindakké Yésus merga murid-muridé ngira nèk Kerajaané Gusti Allah bakal langsung teka sakwisé Yésus tekan Yérusalèm.+ 12  Yésus kandha, ”Ana bangsawan sing lunga ing negara sing adoh+ merga arep dadi raja. Sakwisé kuwi, dhèwèké bakal bali manèh. 13  Sakdurungé mangkat, dhèwèké ngundang* sepuluh budhaké lan mènèhi wong-wong kuwi sepuluh mina.* Bangsawan kuwi kandha, ’Gunakna dhuwit iki kanggo bisnis nganti aku bali.’+ 14  Ning, rakyat ing negara kuwi sengit karo bangsawan kuwi lan ngirim utusan kanggo kandha, ’Aku ora gelem kowé dadi rajaku.’ 15  ”Sakwisé dilantik dadi raja, bangsawan kuwi akhiré bali. Terus, dhèwèké ngundang* budhak-budhak sing wis diwènèhi dhuwit* merga péngin ngerti pira hasil bisnisé budhak-budhak kuwi.+ 16  Budhak sing pertama mara lan kandha, ’Ndara, aku éntuk untung sepuluh mina saka dhuwit mina siji sing njenengan wènèhké marang aku.’+ 17  Bangsawan kuwi kandha, ’Apik banget. Kowé kuwi pancèn budhak sing apik. Kowé isa dipercaya kanggo ngurusi perkara sing cilik, mula kowé bakal tak angkat kanggo mréntah kutha sepuluh.’+ 18  Terus, budhak sing keloro mara lan kandha, ’Ndara, aku éntuk untung limang mina saka dhuwit mina siji sing njenengan wènèhké marang aku.’+ 19  Bangsawan kuwi ya ngomong karo budhak sing keloro, ’Kowé ya bakal tak angkat kanggo mréntah kutha lima.’ 20  Ning, budhak sing liyané mara lan kandha, ’Ndara, iki dhuwit minané njenengan. Dhuwit iki tak buntel kain lan tak simpen. 21  Ngéné Ndara, aku wedi karo njenengan merga njenengan kuwi wong sing jahat. Njenengan njupuk untung, padahal dudu njenengan sing nabung. Njenengan ya manèn, padahal dudu njenengan sing nyebar.’+ 22  Bangsawan kuwi ngomong karo budhak kuwi, ’Kowé kuwi budhak sing jahat. Kowé bakal tak hakimi sesuai karo omonganmu kuwi. Nèk kowé ngerti aku kuwi wong sing jahat, sing njupuk untung padahal ora nabung lan sing manèn padahal ora nyebar,+ 23  terus ngapa kok dhuwitku* ora mbok tabung ing bank? Dadi pas aku teka, dhuwit kuwi isa mbok balèkké aku karo bungané.’ 24  ”Terus, bangsawan kuwi ngomong karo wong-wong sing ngadeg ing kono, ’Jupuken dhuwit minané, lan wènèhna marang budhak sing nduwé sepuluh mina.’+ 25  Ning, wong-wong kuwi kandha, ’Ndara, dhèwèké kan wis nduwé sepuluh mina.’ 26  Bangsawan kuwi njawab, ’Kowé tak kandhani, sapa sing wis nduwé bakal nampa luwih akèh. Ning, sapa sing ora nduwé bakal kélangan, termasuk duwèké sing mung sithik.+ 27  Saiki, gawanen mréné mungsuh-mungsuhku, yaiku wong-wong sing ora gelem aku dadi rajané. Patènana wong-wong kuwi ing ngarepku.’” 28  Sakwisé nyritakké kuwi kabèh, Yésus neruské perjalanan menyang Yérusalèm. 29  Wektu wis cedhak Bètfagé lan Bétani sing ana ing gunung sing disebut Gunung Zaitun,+ Yésus ngutus muridé loro.+ 30  Yésus kandha, ”Lungaa ing désa ing ngarep kuwi. Sakwisé mlebu désa kuwi, kowé bakal ndelok anak keledai sing lagi ditalèni lan durung tau ditumpaki. Uculana taliné, lan gawanen mréné. 31  Nèk ana sing takon, ’Ngapa kok taliné mbok uculi?’ jawaben, ’Gusti mbutuhké iki.’” 32  Terus, murid loro kuwi mangkat lan ndelok ana anak keledai, persis kaya sing diomongké Yésus mau.+ 33  Ning, wektu murid loro kuwi nguculi anak keledai kuwi, sing nduwé keledai takon, ”Ngapa kok anak keledai kuwi mbok uculi?” 34  Murid loro kuwi njawab, ”Gusti mbutuhké iki.” 35  Murid loro kuwi nuntun anak keledai mau marang Yésus. Terus, murid-murid ndèlèhké klambi njabané ing ndhuwuré anak keledai mau. Bar kuwi, Yésus lungguh ing ndhuwuré.+ 36  Pas Yésus liwat, akèh wong nggelar klambi njabané ing dalan.+ 37  Wektu Yésus wis tekan ing cedhaké dalan sing mudhun saka Gunung Zaitun, kabèh muridé Yésus sorak-sorak ngluhurké Gusti Allah lan seneng merga kabèh mukjijat sing didelok. 38  Wong-wong kuwi kandha, ”Muga-muga Raja sing teka nganggo jeneng Yéhuwah* diberkahi. Muga-muga ana kedamaian antarané Gusti Allah lan manungsa, lan muga-muga Gusti Allah ing swarga dimulyakké.”+ 39  Ning, wong-wong Farisi sing ana ing kono ngomong karo Yésus, ”Guru, kongkonen murid-muridmu kuwi meneng.”+ 40  Yésus njawab, ”Kowé tak kandhani, nèk murid-muridku meneng, watu-watu iki sing bakal mbengok.” 41  Wektu wis cedhak Yérusalèm, Yésus ndelok kutha kuwi lan nangis.+ 42  Yésus kandha, ”Sakjané, aku péngin kowé ngerti apa sing isa nggawé kowé dadi tentrem. Ning, saiki kowé ora isa ndelok kuwi.+ 43  Bakal tekan wektuné, mungsuh-mungsuhmu ngepung kowé nganggo kayu-kayu lancip lan nyerang kowé saka ngendi-endi.+ 44  Mungsuh-mungsuhmu bakal nggawé kowé dadi rata karo lemah+ lan matèni anak-anakmu. Ora bakal ana watu siji waé sing numpuk ing ndhuwuré watu liyané,+ merga kowé ora sadhar nèk Gusti Allah wis teka kanggo ngadili kowé.” 45  Terus, Yésus mlebu bait lan ngusir kabèh wong sing dodolan ing kono.+ 46  Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kitab Suci kandha, ’Omah-Ku bakal dadi omah kanggo ndonga,’+ ning malah mbok dadèkké guwané para perampok.”+ 47  Saben dina, Yésus mulang ing bait. Para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpiné wong Yahudi nggolèk cara kanggo matèni Yésus,+ 48  ning wong-wong kuwi ora isa ngapa-ngapa, merga ing sekitaré Yésus mesthi ana akèh wong sing ngumpul kanggo ngrungokké wulangané Yésus.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Dhuwit mina Yunani aboté 340 g. Nilainé dianggep padha karo 100 drakhma. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”pérak”.
Lit.: ”pérakku”.
Deloken Lamp. A5.