Injil Lukas 10:1-42

  • Yésus ngutus murid 70 (1-12)

  • Cilaka kanggo kutha-kutha sing ora mertobat (13-16)

  • Murid 70 bali marani Yésus (17-20)

  • Yésus ngluhurké Bapaké merga nduduhké karepé marang wong sing rendah hati (21-24)

  • Perumpamaan wong Samaria sing apikan (25-37)

  • Yésus mara ing omahé Marta lan Maria (38-42)

10  Sakwisé kuwi, Yésus milih murid 70 liyané lan ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro.+ Wong-wong kuwi dikongkon ndhisiki dhèwèké menyang saben kutha lan panggonan sing arep diparani.  Terus, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Panènané pancèn akèh, ning sing manèn mung sithik. Mula, njaluka marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané.+  Kana mangkata. Ning, kowé kudu waspada. Aku ngutus kowé kaya anak domba ing antarané serigala.+  Aja nggawa kanthong dhuwit, kanthong panganan, utawa sandhal.+ Pas ing perjalanan, aja mènèhi salam* marang sapa waé.  Wektu kowé mlebu ing salah siji omah, ngomonga ngéné, ’Muga-muga ing omah iki ayem tentrem.’+  Nèk wong sing manggon ing kono kuwi dudu wong sing seneng rukun, ayem tentrem sing mbok ucapké kuwi bakal bali marang kowé. Ning, nèk wong kuwi wong sing seneng rukun, dhèwèké bakal ngrasakké ayem tentrem.  Manggona ing omahé,+ terus mangana lan ngombéa apa sing disedhiakké+ wong kuwi, merga wong sing nyambut gawé pantes nampa upahé.+ Aja pindhah-pindhah ing omah liyané.  ”Nèk kowé mlebu ing salah siji kutha lan wong-wongé nyambut kowé, panganen apa sing disuguhké marang kowé,  lan marèkna wong lara sing ana ing kono. Sakliyané kuwi, ngomonga ngéné, ’Kerajaané Gusti Allah wis cedhak.’+ 10  Ning, nèk kowé mlebu ing salah siji kutha lan wong-wongé ora nyambut kowé, lungaa menyang dalan-dalan utama kutha kuwi. Terus ngomonga ngéné, 11  ’Deloken, debu saka kuthamu sing nèmplèk ing sikilku tak kebutké ing ngarepmu.+ Élinga nèk Kerajaané Gusti Allah wis cedhak.’ 12  Kowé tak kandhani, ing Dina Pengadilan, sing dialami kutha kuwi bakal luwih angèl timbang sing dialami Sodom.+ 13  ”Cilaka kowé, Khorazin. Cilaka kowé, Bètsaida. Nèk misalé mukjijat sing mbok delok kuwi kelakon ing Tirus lan Sidon, mesthi wong-wong ing kana wis mertobat kèt mbiyèn. Wong-wong kuwi mesthi wis nganggo kain goni lan lungguh ing awu.+ 14  Mula, ing Dina Pengadilan, sing mbok alami bakal luwih angèl timbang sing dialami Tirus lan Sidon. 15  Kapernaum, apa kowé bakal diluhurké nganti tekan langit? Ora. Kowé bakal mlebu ing Kuburan.* 16  ”Sapa waé sing ngrungokké kowé, artiné wong kuwi ya ngrungokké aku.+ Sapa waé sing nolak kowé, artiné wong kuwi ya nolak aku. Sapa waé sing nolak aku, artiné wong kuwi nolak Dhèwèké sing ngutus aku.”+ 17  Terus, murid 70 mau bali. Wong-wong kuwi ngrasa bahagia lan kandha, ”Gusti, pas aku nggunakké jenengmu, roh-roh jahat waé gelem manut karo aku.”+ 18  Mula Yésus kandha, ”Aku ndelok Sétan wis tiba+ kaya kilat saka langit. 19  Kowé wis tak wènèhi kuwasa kanggo ngidak-idak ula lan kalajengking. Kowé ya wis tak wènèhi kuwasa kanggo ngalahké mungsuh lan kekuwatané.+ Ora ana sing bakal nyilakani kowé. 20  Nèk kowé bahagia, kebahagiaanmu kuwi kuduné ora mung merga roh-roh jahat kuwi gelem manut karo kowé, ning merga jenengmu wis ditulis ing swarga.”+ 21  Wektu kuwi, Gusti Allah mènèhi Yésus roh suci, terus Yésus dadi bahagia banget lan kandha, ”Bapakku, Penguasané langit lan bumi, aku ngluhurké Njenengan ing ngarepé wong-wong iki, sebab Njenengan ndhelikké kabèh iki saka wong-wong sing wicaksana lan pinter,+ ning nduduhké kuwi marang wong-wong sing rendah hati kaya bocah cilik. Oh Bapak, pancèn kuwi sing dadi karepé Njenengan.+ 22  Bapakku wis masrahké kabèh marang aku. Ora ana wong sing kenal karo Anak kecuali Bapak, lan ora ana wong sing kenal karo Bapak kecuali Anak.+ Wong isa kenal karo Bapak kuwi mung nèk Anak gelem mulang wong kuwi soal Bapak.”+ 23  Terus, wektu ora ana wong liya, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Wong sing ndelok kabèh sing mbok delok kuwi wong sing bahagia.+ 24  Kowé tak kandhani, akèh nabi lan raja péngin banget ndelok apa sing mbok delok iki, ning ora isa.+ Wong-wong kuwi ya péngin banget ngrungokké apa sing mbok rungokké, ning ora isa.” 25  Wektu kuwi, ana salah siji ahli Taurat sing nguji Yésus. Dhèwèké takon, ”Guru, aku kudu ngapa bèn isa nampa warisan urip saklawasé?”+ 26  Yésus kandha, ”Apa sing ditulis ing Taurat? Nèk menurutmu, kuwi maksudé apa?” 27  Ahli Taurat kuwi njawab, ”’Kowé kudu nresnani Yéhuwah* Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu,* nggunakké kabèh kekuwatanmu, lan nggunakké kabèh pikiranmu,’+ lan ’kowé kudu nresnani wong liya kaya nresnani awakmu dhéwé.’”+ 28  Yésus kandha, ”Jawabanmu bener. Terusa nindakké kuwi, lan kowé bakal urip saklawasé.”+ 29  Ning, merga ahli Taurat kuwi péngin mbuktèkké nèk dhèwèké bener,+ dhèwèké nakoni Yésus, ”Sakjané, wong liya sing kudu tak tresnani kuwi sapa?” 30  Yésus njawab, ”Ana wong sing mudhun saka Yérusalèm menyang Yérikho. Pas ing dalan, dhèwèké dirampok, dirampas klambiné, digebugi nganti arep mati, terus ditinggal lunga. 31  Ndilalah ana imam sing ya mudhun liwat dalan kuwi. Ning pas ndelok wong sing dirampok mau, imam kuwi mung mlaku terus ing sabrang dalan. 32  Bar kuwi, ana wong Lèwi sing liwat kono. Wektu tekan ing panggonan kuwi lan ndelok wong sing dirampok mau, wong Lèwi kuwi ya mlaku terus ing sabrang dalan. 33  Terus, ana wong Samaria+ sing liwat ing dalan kuwi. Wektu ndelok wong sing dirampok mau, dhèwèké ngrasa mesakké. 34  Mula, wong Samaria kuwi marani wong sing dirampok mau. Terus, dhèwèké ngolèské minyak lan anggur ing luka-lukané, terus luka-lukané diperban. Sakwisé kuwi, dhèwèké ngunggahké wong sing dirampok mau ing keledainé, terus wong kuwi digawa menyang penginepan lan dirawat ing kono. 35  Sésuké, wong Samaria kuwi mènèhi dhuwit rong dinar* marang sing nduwé penginepan karo ngomong, ’Rawaten wong iki. Nèk dhuwité kurang, mengko tak ganti pas aku bali mréné.’ 36  Menurutmu, saka antarané wong telu mau, endi sing nresnani+ wong sing dirampok mau?” 37  Ahli Taurat kuwi njawab, ”Ya wong sing nduduhké rasa mesakké karo wong sing dirampok mau.”+ Terus Yésus ngomong, ”Bener. Mula, tindakna sing padha.”+ 38  Terus, Yésus lan murid-muridé neruské perjalanan lan tekan ing salah siji désa. Ing kono, ana wong wédok sing jenengé Marta.+ Dhèwèké ngejak Yésus mampir ing omahé. 39  Marta nduwé adhi wédok sing jenengé Maria. Maria lungguh ing cedhak sikilé Gusti Yésus lan terus ngrungokké omongané Yésus. 40  Ning, Marta malah répot nandangi akèh gawéan. Mula, Marta marani Yésus lan kandha, ”Gusti, deloken kuwi, Maria ora mbantu aku, padahal aku lagi répot banget. Tulung kongkonen dhèwèké bèn mbantu aku.” 41  Gusti njawab, ”Marta, Marta, sing mbok kuwatirké kuwi terlalu akèh. 42  Sing awaké dhéwé butuhké kuwi ora akèh, malah siji waé wis cukup. Soal Maria, dhèwèké wis milih bagéan sing paling apik,+ lan kuwi ora bakal dijupuk saka dhèwèké.”

Katrangan Tambahan

Wektu kuwi, nèk mènèhi salam, wong-wong biasané bakal ngambung, ndhekep, lan omong-omongan nganti suwé.
Utawa ”Hadès”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.