Injil Lukas 15:1-32

  • Perumpamaan soal domba sing ilang (1-7)

  • Perumpamaan soal dhuwit rècèh sing ilang (8-10)

  • Perumpamaan soal anak sing ilang (11-32)

15  Akèh petugas pajeg lan wong sing dosa ngumpul ing sekitaré Yésus merga arep ngrungokké dhèwèké.+  Wong Farisi lan para ahli Taurat dadi nggrundel. Wong-wong kuwi kandha, ”Kok gelem-gelemen ta dhèwèké kekancan lan mangan bareng karo wong-wong dosa.”  Terus, Yésus nyritakké perumpamaan iki,  ”Bayangna ana wong sing nduwé domba 100, lan ana siji sing ilang. Mesthiné wong kuwi bakal ninggalké sing 99 ing padhang belantara, terus nggolèki domba sing ilang kuwi nganti ketemu, ta?+  Nèk wis ketemu, wong kuwi bakal seneng banget lan manggul domba kuwi ing pundhaké.  Pas tekan omah, dhèwèké ngundang* kanca-kanca lan tangga-tanggané. Dhèwèké kandha, ’Aku seneng banget merga dombaku sing ilang wis ketemu. Ayo awaké dhéwé seneng-seneng.’+  Kowé tak kandhani, ing swarga ya bakal ana luwih akèh kebahagiaan merga ana wong dosa siji sing mertobat,+ timbang wong 99 sing bener sing ora perlu mertobat.  ”Utawa, nèk ana wong wédok sing nduwé dhuwit rècèh drakhma* sepuluh lan ana siji sing ilang, mesthiné wong wédok kuwi bakal ngurubké lampu minyak, nyapu omahé, lan tliti banget pas nggolèki dhuwité, ta? Dhèwèké bakal terus nggolèki nganti dhuwité ketemu.  Nèk wis ketemu, dhèwèké ngundang* kanca-kanca lan tangga-tanggané. Bar kuwi, dhèwèké kandha, ’Aku seneng banget merga dhuwitku* sing ilang wis ketemu. Ayo awaké dhéwé seneng-seneng.’ 10  Kowé tak kandhani, malaékat-malaékaté Gusti Allah ya bakal bahagia nèk ana wong dosa siji sing mertobat.”+ 11  Terus Yésus kandha, ”Ana wong sing nduwé anak lanang loro. 12  Anak sing terakhir ngomong karo bapaké, ’Pak, aku njaluk warisan sing dadi bagéanku.’ Terus, bapaké ngedum hartané kanggo anaké loro kuwi. 13  Pirang-pirang dina bar kuwi, anak sing terakhir mau nglumpukké barang-barangé, terus lunga ing negara sing adoh. Ing kana, dhèwèké ngentèk-entèkké warisané lan urip sak karepé dhéwé.* 14  Wektu kabèh warisané wis entèk, ndilalah ana kelaparan sing parah ing negara kuwi, lan uripé dadi serba kekurangan. 15  Malah, dhèwèké nganti njaluk gawéan karo penduduk ing negara kuwi, lan dhèwèké dikongkon njaga babi ing ladhang.+ 16  Dhèwèké ngelih* banget nganti péngin mangan panganané* babi. Ning, ora ana wong sing gelem mènèhi dhèwèké panganan. 17  ”Akhiré, dhèwèké sadhar nèk wis nggawé keputusan sing salah. Dhèwèké mikir, ’Kabèh pegawéné bapakku waé nduwé akèh panganan,* tapi ing kéné, aku malah arep mati merga kelaparan. 18  Mendhing aku bali waé ing omahé bapakku. Aku arep ngomong karo bapakku, ”Pak, aku wis dosa karo Gusti Allah* lan karo njenengan. 19  Aku ora pantes disebut anakmu manèh, Pak. Anggepen aku dadi salah siji pegawému waé.”’ 20  Terus, dhèwèké mangkat lan bali ing omahé bapaké. Pas dhèwèké isih adoh, bapaké ndelok dhèwèké. Bapaké ngrasa mesakké. Mula bapaké mlayu, ngrangkul, terus ngambung dhèwèké. 21  Bar kuwi, anaké kandha, ’Pak, aku wis dosa karo Gusti Allah* lan karo njenengan.+ Aku ora pantes disebut anakmu manèh.’ 22  Ning, bapaké ngomong karo budhak-budhaké, ’Cepet! Jupukna jubah sing paling apik, lan enggokna marang dhèwèké. Terus, kowé kudu ngenggokké dhèwèké cincin lan sandhal. 23  Pilihen anak sapi sing lemu, terus belèhen. Ayo awaké dhéwé mangan-mangan kanggo ngrayakké iki, 24  sebab anakku iki mauné mati, ning saiki wis urip manèh.+ Dhèwèké mauné ilang, ning saiki wis ketemu.’ Kabèh dadi seneng banget. 25  ”Wektu kuwi, anaké sing pertama lagi ana ing ladhang. Pas mulih lan wis arep tekan omah, dhèwèké krungu swara musik lan tarian. 26  Terus, dhèwèké ngundang* salah siji pelayan lan takon lagi ana perayaan apa. 27  Pelayan kuwi njawab, ’Adhiné njenengan wis mulih, lan keadaané ya apik-apik waé. Mula, bapaké njenengan nggawé perayaan lan mbelèh anak sapi sing lemu.’ 28  Ning, anaké sing pertama mau dadi nesu lan ora gelem mlebu omah. Terus, bapaké metu lan njaluk bèn anaké sing nesu kuwi gelem mlebu. 29  Anak kuwi ngomong karo bapaké, ’Pak, aku wis nglayani Bapak pirang-pirang taun lan babar blas ora tau nglawan préntahé Bapak. Ning, Bapak ora tau mènèhi aku anak domba kanggo tak pangan karo kanca-kancaku. 30  Tapi, pas anakmu kuwi mulih, anak sing ngentèk-entèkké hartané Bapak karo para pelacur, Bapak malah mbelèh anak sapi sing lemu kanggo dhèwèké.’ 31  Terus, bapaké ngomong karo anaké sing pertama kuwi, ’Lé, kowé kan ing kéné terus karo aku, ta? Kabèh duwèké Bapak iki ya duwèkmu. 32  Ning, wis sak mesthiné awaké dhéwé saiki seneng-seneng lan ngrayakké iki, merga adhimu wis mati ning urip manèh. Dhèwèké ilang ning wis ketemu.’”

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Deloken Lamp. B14.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”drakhmaku”. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”nguja nafsuné”.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”mangan polong saka wit keratonia sing dipangan”.
Lit.: ”roti”.
Lit.: ”karo swarga”.
Lit.: ”karo swarga”.
Utawa ”nyeluk”.