Injil Lukas 20:1-47

  • Kuwasané Yésus ditantang (1-8)

  • Perumpamaan soal petani sing jahat (9-19)

  • Gusti Allah lan Kaisar (20-26)

  • Pitakonan soal wong mati sing diuripké manèh (27-40)

  • Apa Kristus kuwi keturunané Daud? (41-44)

  • Ngati-ati karo para ahli Taurat (45-47)

20  Wektu kuwi, Yésus lagi mulang ing bait lan nyampèkké kabar apik. Terus, para imam kepala, ahli Taurat, lan pemimpin* marani Yésus.  Wong-wong kuwi takon, ”Kandhanana aku, nganggo kuwasané sapa kowé nindakké kabèh iki? Sapa sing mènèhi kowé kuwasa iki?”+  Yésus njawab, ”Aku ya arep takon karo kowé. Coba jawaben.  Sing ngutus Yohanes kanggo mbaptis kuwi Gusti Allah ing swarga apa manungsa?”  Wong-wong kuwi mulai bisik-bisik, ”Nèk awaké dhéwé njawab, ’Gusti Allah,’ dhèwèké bakal ngomong, ’Lha kok kowé ora percaya karo Yohanes?’  Ning, nèk awaké dhéwé njawab, ’Manungsa,’ wong-wong bakal mbandhemi* awaké dhéwé, merga wong-wong iki percaya banget nèk Yohanes kuwi nabi.”+  Mula, wong-wong mau njawab nèk ora ngerti sapa sing ngutus Yohanes kanggo mbaptis.  Terus Yésus kandha, ”Nèk ngono, aku ya ora bakal ngandhani kowé nganggo kuwasané sapa aku nindakké kabèh iki.”  Terus, Yésus nyritakké perumpamaan iki marang wong-wong, ”Ana wong sing nggawé kebon anggur+ lan nyéwakké kebon angguré kuwi marang para petani. Terus, wong kuwi lunga ing luar negri lan manggon ing kana nganti suwé.+ 10  Pas wektuné panèn anggur, dhèwèké ngongkon salah siji budhaké marani para petani bèn para petani kuwi mènèhké sebagéan buah anggur saka kebon anggur kuwi. Ning, para petani mau nggebugi budhak kuwi,+ terus ngongkon budhak kuwi lunga tanpa nggawa apa-apa. 11  Bar kuwi, dhèwèké ngutus budhak liyané manèh. Para petani mau ya nggebugi lan nggawé budhak kuwi dadi isin. Budhak kuwi ya dikongkon lunga tanpa nggawa apa-apa. 12  Dhèwèké ngutus manèh budhak sing ketelu. Ning, para petani mau ya njotosi lan ngusir budhak kuwi. 13  Mula, sing nduwé kebon anggur kuwi mikir, ’Saiki, aku kudu piyé ya? Aku arep ngongkon anakku sing tak sayangi.+ Wong-wong kuwi bakal ngajèni anakku.’ 14  Wektu ndelok anaké sing nduwé kebon anggur, para petani kuwi ngomong karo kancané, ’Iki wong sing bakal éntuk warisan kebon anggur iki. Ayo dipatèni waé bèn warisané dadi duwèké awaké dhéwé.’ 15  Mula, wong-wong kuwi nyèrèt ahli waris mau menyang njabané kebon anggur lan matèni dhèwèké.+ Dadi, apa sing bakal ditindakké sing nduwé kebon anggur kuwi marang para petani mau? 16  Sing nduwé kebon anggur kuwi bakal teka lan matèni para petani mau. Dhèwèké ya bakal nyéwakké kebon angguré marang wong-wong liya.” Wektu krungu kuwi, wong-wong kandha, ”Aja nganti kuwi kelakon.” 17  Yésus ndeloki wong-wong kuwi lan kandha, ”Nèk ngono, apa artiné ayat sing kandha, ’Watu sing ditolak tukang bangunan wis dadi watu sing utama’?*+ 18  Saben wong sing tiba ing ndhuwuré watu kuwi bakal hancur.+ Wong sing ketiban watu kuwi bakal remuk.” 19  Para ahli Taurat lan imam kepala ngerti nèk jebulé sing lagi diomongké Yésus ing perumpamaan kuwi ya wong-wong kuwi dhéwé.+ Mula, wong-wong kuwi ngupaya nangkep Yésus, ning wedi karo wong akèh. 20  Para ahli Taurat lan imam kepala kuwi nggolèk kesempatan kanggo njebak Yésus. Wong-wong kuwi péngin nggawé Yésus kejebak omongané+ dhéwé bèn nduwé alesan kanggo nyerahké Yésus marang pamréntah, yaiku marang gubernur. Mula, wong-wong kuwi meneng-meneng mbayar wong bèn wong-wong sing dibayar kuwi éthok-éthok dadi wong sing apik. 21  Wong-wong sing wis dibayar kuwi kandha, ”Guru, aku ngerti nèk omongan lan wulangané njenengan kuwi mesthi bener. Njenengan ya ora mbédak-mbédakké wong lan mulang apa sing bener soal Gusti Allah. 22  Mula aku péngin ngerti, mbayar pajeg marang Kaisar kuwi éntuk apa ora?” 23  Ning, Yésus ngerti siasaté wong-wong kuwi, mula Yésus kandha, 24  ”Wènèhana aku dhuwit dinar* siji. Gambar lan jenengé sapa sing ana ing dhuwit iki?” Wong-wong kuwi njawab, ”Kaisar.” 25  Bar kuwi, Yésus kandha, ”Mula, wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.+ Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”+ 26  Wong-wong kuwi ora isa nggawé Yésus kejebak omongané dhéwé ing ngarepé wong akèh. Wong-wong kuwi malah meneng waé merga nggumun banget wektu krungu jawabané Yésus. 27  Terus, ana wong-wong Saduki sing marani Yésus. Wong Saduki ora percaya nèk wong mati isa urip manèh.+ Mula, wong-wong kuwi takon,+ 28  ”Guru, Musa nulis, ’Nèk wong lanang mati sakdurungé nduwé keturunan, kakangé utawa adhiné lanang kudu nikah karo bojoné wong sing mati kuwi bèn wong sing mati kuwi nduwé keturunan.’+ 29  Nah, ana wong lanang pitu kakang adhi. Anak sing pertama nikah, ning dhèwèké mati sakdurungé nduwé anak. 30  Terus, sing keloro 31  nikah karo bojoné kakangé mau, ning mati sakdurungé nduwé anak. Sing ketelu ya kaya ngono. Kabèh wong pitu mau mati tanpa nduwé anak. 32  Akhiré, wong wédok kuwi ya mati. 33  Wong lanang pitu mau kan wis tau dadi bojoné. Mula, pas wong mati diuripké manèh, wong wédok kuwi bakal dadi bojoné sapa?” 34  Yésus njawab, ”Wong-wong ing jaman* iki nikah lan dinikahké. 35  Ning, wong-wong sing dianggep pantes kanggo diuripké manèh lan éntuk urip ing jaman* sing bakal teka ora bakal nikah utawa dinikahké.+ 36  Wong-wong kuwi ya ora isa mati manèh lan bakal dadi kaya malaékat. Wong-wong kuwi dadi anak-anaké Gusti Allah merga diuripké manèh. 37  Soal wong mati sing diuripké manèh, Musa dhéwé tau nduduhké kuwi ing kisah soal semak berduri, yaiku wektu Musa nyebut nèk Yéhuwah* kuwi ’Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub’.+ 38  Dhèwèké kuwi Gusti Allahé wong urip, dudu Gusti Allahé wong mati. Nurut pandhangané Gusti Allah, kabèh wong kuwi isih urip.”+ 39  Terus, ana ahli-ahli Taurat sing kandha, ”Guru, jawabané njenengan bener banget.” 40  Akhiré, wong-wong kuwi ora wani takon apa-apa manèh karo Yésus. 41  Terus, Yésus nakoni wong-wong kuwi, ”Ngapa kok wong-wong ngomong nèk Kristus kuwi keturunané Daud?+ 42  Daud dhéwé kandha ing kitab Mazmur, ’Yéhuwah* ngomong karo Gustiku, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku 43  nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisoré sikilmu.”’+ 44  Dadi, nèk Daud waé nyebut Kristus kuwi Gusti, kok isa Kristus disebut keturunané Daud?” 45  Terus, wektu kabèh wong isih padha ngrungokké, Yésus ngomong karo murid-muridé, 46  ”Kowé kudu ngati-ati karo para ahli Taurat sing seneng mloka-mlaku nganggo jubah dawa lan seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum.* Wong-wong kuwi seneng lungguh ing kursi ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan panggonané tamu penting ing pésta.+ 47  Wong-wong kuwi ya ngrampas omahé* randha-randha, lan dongané dawa-dawa mung kanggo pamèr. Wong-wong kuwi bakal éntuk hukuman sing luwih abot.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”sesepuh”.
Utawa ”mbalangi”.
Deloken ”Watu Pojokan” ing Daftar Istilah.
Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ing sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Deloken Lamp. A5.
Deloken Lamp. A5.
Utawa ”ing pasar”.
Utawa ”kursi sing paling apik”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”hartané”.