Injil Lukas 11:1-54

  • Carané ndonga (1-13)

    • Conto donga (2-4)

  • Roh jahat diusir nganggo kuwasané Gusti Allah (14-23)

  • Roh jahat bali (24-26)

  • Kebahagiaan sing sejati (27, 28)

  • Tandha Yunus (29-32)

  • Cahaya sing madhangi awak (33-36)

  • Cilaka kanggo pemimpin agama sing munafik (37-54)

11  Wektu kuwi, sakwisé Yésus ndonga, ana salah siji muridé kandha marang Yésus, ”Gusti, Yohanes wis ngajari murid-muridé ndonga. Mula, tulung aku ya diajari carané ndonga.”  Terus Yésus kandha, ”Wektu kowé ndonga, ngomonga ngéné, ’Bapak, muga-muga jeneng-Mu disucèkké.+ Muga-muga Kerajaan-Mu teka.+  Wènèhana aku panganan* sing tak butuhké saben dina.+  Tulung dosa-dosaku diapura,+ merga aku ya wis ngapura saben wong sing dosa* karo aku.+ Tulungi aku bèn ora nyerah wektu digodha.’”*+  Terus Yésus kandha, ”Sak umpama kowé nduwé kanca, lan pas tengah wengi kowé marani kancamu kuwi. Terus, kowé ngomong, ’Tulung silihana aku roti telu,  soalé ana kancaku saka adoh sing mampir ing omahku, lan aku ora nduwé apa-apa kanggo disuguhké.’  Ning, kancamu njawab saka njero omahé, ’Iki wis tengah wengi lho, kowé aja ngganggu aku. Lawangé wis tak kunci, lan anak-anakku ya lagi turu ing jèjèrku. Dadi, aku ora isa tangi lan mènèhi kowé roti.’  Kowé tak kandhani, senajan kowé kuwi kancané, kancamu kuwi ora bakal gelem tangi lan mènèhi kowé roti. Tapi, nèk kowé ngotot,+ dhèwèké bakal tangi lan mènèhi apa sing mbok butuhké.  Mula, kowé tak kandhani, terusa njaluk,+ lan kowé bakal diwènèhi. Terusa nggolèk, lan kowé bakal nemokké. Terusa dhodhog-dhodhog, lan kowé bakal dibukakké lawang.+ 10  Saben wong sing njaluk bakal nampa,+ saben wong sing nggolèki bakal nemokké, lan saben wong sing dhodhog-dhodhog bakal dibukakké lawang. 11  Apa ana bapak sing bakal mènèhi ula nèk anaké njaluk iwak,+ 12  utawa mènèhi kalajengking nèk anaké njaluk endhog? 13  Dadi, nèk kowé sing dosa waé ngerti carané mènèhi apa sing apik kanggo anak-anakmu, apa manèh Bapakmu ing swarga mesthi bakal mènèhi roh suci kanggo wong-wong sing njaluk marang Dhèwèké.”+ 14  Terus, Yésus ngusir roh jahat sing nggawé salah siji wong lanang dadi bisu.+ Sakwisé roh jahat kuwi metu, wong lanang kuwi isa ngomong. Wong-wong dadi nggumun.+ 15  Ning ana sing ngomong, ”Dhèwèké isa ngusir roh jahat merga dibantu Béèlzébul,* penguasané roh-roh jahat.”+ 16  Ana manèh wong-wong sing péngin nguji Yésus lan njaluk bèn Yésus nduduhké tandha+ saka swarga. 17  Merga ngerti sing dipikirké wong-wong kuwi,+ Yésus kandha, ”Saben kerajaan sing rakyaté padha padu dhéwé-dhéwé lan saben keluarga sing wongé ora rukun mesthi bakal hancur. 18  Kowé kan mau ngomong nèk aku ngusir roh-roh jahat merga dibantu Béèlzébul. Lha nèk Sétan nglawan dhèwèké dhéwé, apa pamréntahané ora bakal hancur? 19  Nèk misalé aku ngusir roh jahat merga diéwangi Béèlzébul, terus murid-muridmu diéwangi sapa? Mula, murid-muridmu dhéwé sing mbuktèkké nèk omonganmu kuwi salah. 20  Tapi, nèk aku isa ngusir roh jahat iki merga diéwangi kuwasané* Gusti Allah,+ kuwi artiné kowé ora sadhar nèk Kerajaané Gusti Allah sakjané wis teka.+ 21  Nèk wong lanang sing kuwat lan nduwé senjata lengkap njaga omahé, hartané bakal tetep aman. 22  Ning, nèk ana wong sing luwih kuwat nyerang lan ngalahké wong lanang kuwi, kabèh senjata sing diendel-endelké wong lanang kuwi bakal dirampas, lan hartané ya bakal diedum-edumké. 23  Wong sing ora mihak aku, artiné dhèwèké nglawan aku. Wong sing ora mèlu aku ngumpulké wong-wong, artiné dhèwèké ngedohké wong-wong saka aku.+ 24  ”Wektu ana roh jahat* metu saka salah siji wong, roh kuwi ngliwati panggonan sing gersang kanggo nggolèk panggonan istirahat, ning ora nemu. Roh kuwi kandha, ’Aku arep ngleboni manèh wong sing wis tak tinggalké.’+ 25  Wektu bali, roh kuwi ndelok nèk wong mau kaya omah sing wis disapu resik lan ditata apik. 26  Terus, roh kuwi lunga lan ngejak roh pitu liyané sing luwih jahat timbang dhèwèké, bar kuwi ngleboni wong mau lan terus ana ing kono. Mula, keadaané wong sing kesurupan mau luwih parah timbang sakdurungé.” 27  Wektu Yésus isih ngomong, saka antarané wong-wong, ana wong wédok sing mbengok, ”Wong wédok sing nglairké lan nyusoni kowé kuwi mesthi bahagia banget.”+ 28  Ning Yésus kandha, ”Wong sing bahagia kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké omongané Gusti Allah.”+ 29  Pas ana akèh wong sing ngumpul, Yésus ngomong, ”Wong-wong jaman iki* jahat. Wong-wong kuwi njaluk tandha, ning ora bakal ana tandha sing diwènèhké, sakliyané tandha Yunus.+ 30  Kaya Yunus+ sing dadi tandha kanggo wong Niniwé, Anaké manungsa ya bakal dadi tandha kanggo wong-wong jaman iki.* 31  Ing Dina Pengadilan, Ratu Syéba*+ bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Dhèwèké bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga dhèwèké teka saka panggonan sing adoh bèn isa ngrungokké kawicaksanané* Salomo. Tapi ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Salomo.+ 32  Ing Dina Pengadilan, wong Niniwé bakal diuripké manèh bareng karo wong-wong jaman iki.* Wong Niniwé bakal nganggep wong-wong jaman iki salah, merga wong Niniwé mertobat sakwisé krungu berita saka Yunus. Tapi ing kéné, ana wong sing luwih penting timbang Yunus.+ 33  Sakwisé nyumet lampu minyak, wong ora bakal ndèlèhké kuwi ing panggonan sing ora kétok utawa ing ngisor kranjang.* Ning, dhèwèké bakal ndèlèhké kuwi ing panggonan sing dhuwur+ bèn wong-wong sing mlebu ing omah isa ndelok cahayané. 34  Mripatmu kuwi kaya cahaya sing madhangi awakmu. Mula, nèk mung siji sing dadi fokusé mripatmu,* kabèh awakmu bakal padhang. Ning, nèk mripatmu seneng iri,* kabèh awakmu bakal peteng.+ 35  Mula, kowé kudu waspada. Aja nganti kowé rumangsa nduwé cahaya, ning jebulé cahaya kuwi peteng. 36  Nèk sak awakmu kabèh kuwi padhang lan ora ana petengé blas, awakmu bakal padhang kaya lampu sing nyinari kowé.” 37  Sakwisé Yésus ngomongké kuwi kabèh, ana wong Farisi ngejak Yésus mangan ing omahé. Terus, Yésus lunga ing omahé wong Farisi kuwi lan mangan ing kono. 38  Ning, wong Farisi kuwi nggumun merga ndelok Yésus ora wisuh* sakdurungé mangan.+ 39  Terus, Gusti Yésus ngomong karo wong kuwi, ”Hé kowé wong Farisi, kowé kuwi kaya cangkir lan piring sing diresiki njabané, ning njeroné reged. Ing njero atimu, kowé srakah* lan jahat banget.+ 40  Kowé kuwi wong sing ora masuk akal. Apa kowé ora ngerti nèk Gusti Allah kuwi ora mung nggawé awak, ning ya nggawé ati? 41  Mula, nèk kowé mènèhi sedhekah marang wong mlarat, tindakna kuwi saka atimu supaya kowé resik njaba njero. 42  Cilaka kowé wong Farisi, merga kowé mènèhi sepersepuluh saka tanduran mint, inggu,* lan kabèh rempah*+ liyané, ning kowé nyepèlèkké keadilan lan katresnan marang Gusti Allah. Mènèhi persepuluhan pancèn wajib ditindakké, ning sing liyané kuwi ya ora olèh disepèlèkké.+ 43  Cilaka kowé wong Farisi, merga kowé seneng lungguh ing kursi sing ngarep dhéwé* ing sinagogé* lan seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum.*+ 44  Cilaka banget kowé, merga kowé kaya kuburan sing ora ana pathoké.*+ Mula, wong sing mlaku ing ndhuwuré ora ngerti nèk jebulé kuwi kuburan.” 45  Terus, salah siji wong sing pinter soal hukum Taurat kandha marang Yésus, ”Guru, nèk njenengan ngomong kaya ngono kuwi, berarti njenengan ya ngèlèk-èlèk aku lan kanca-kancaku.” 46  Terus Yésus kandha, ”Hé kowé sing pinter soal hukum Taurat, kowé kuwi ya cilaka, merga kowé nggawé wong-wong mikul beban sing abot, ning kowé dhéwé ora gelem ndemèk beban kuwi nganggo drijimu.+ 47  ”Cilaka kowé, merga kowé nggawé kuburan kanggo para nabi, padahal nènèk moyangmu dhéwé sing matèni para nabi kuwi.+ 48  Kowé mesthiné ngerti apa sing wis ditindakké nènèk moyangmu, ning kowé malah setuju. Nènèk moyangmu matèni para nabi,+ lan kowé sing nggawèkké kuburané para nabi kuwi. 49  Kuwi sebabé Gusti Allah sing wicaksana kandha, ’Aku bakal ngutus nabi-nabi lan rasul-rasul marani wong-wong kuwi, ning ana sing bakal dipatèni lan dianiaya. 50  Mula, wong-wong jaman iki* bakal tanggung jawab kanggo getihé kabèh nabi sing dipatèni kèt permulaané donya,*+ 51  mulai saka getihé Habèl+ nganti getihé Zakharia, yaiku wong sing mbok patèni ing ngarep bait ing cedhak mézbah.’+ Kowé tak kandhani, wong-wong ing jaman iki* bakal tanggung jawab kanggo getihé wong-wong kuwi. 52  ”Cilaka kowé wong sing pinter hukum Taurat, merga kowé wis njupuk kunci sing isa nggawé wong nduwé pengetahuan soal Gusti Allah. Kowé dhéwé ora mlebu, lan kowé ya ngalang-alangi wong sing arep mlebu.”+ 53  Mula, wektu Yésus arep lunga saka kono, para ahli Taurat lan wong Farisi malah saya nentang Yésus lan mènèhi Yésus luwih akèh pitakonan. 54  Wong-wong kuwi ngentèni Yésus salah ngomong bèn akhiré isa nudhuh Yésus nganggo omongané Yésus dhéwé.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”roti”.
Lit.: ”utang”.
Lit.: ”Aja nggawa aku marang godhaan”.
Sebutan kanggo Sétan.
Lit.: ”drijiné”.
Lit.: ”roh najis”.
Utawa ”Generasi iki”.
Utawa ”kanggo generasi iki”.
Lit.: ”ratu saka kidul”.
Utawa ”karo generasi iki”.
Utawa ”karo generasi iki”.
Utawa ”kranjang takeran”.
Lit.: ”nèk mripatmu sederhana”.
Maksudé, ndelok ing endi-endi. Lit.: ”mripatmu jahat”.
Maksudé, wisuh manut tradhisiné wong Yahudi.
Utawa ”ngrampok”.
Tanduran sing digunakké kanggo obat lan bumbu masak.
Utawa ”sayuran”.
Utawa ”sing paling apik”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”ing pasar”.
Utawa ”nisané”.
Utawa ”generasi iki”.
Deloken ctn. ing Mat 25:34.
Lit.: ”generasi iki”.