Injil Lukas 7:1-50

  • Imané perwira (1-10)

  • Yésus nguripké manèh anaké randha ing kutha Nain (11-17)

  • Yohanes Pembaptis dialem (18-30)

  • Wong-wong sing ora tanggap dikutuk (31-35)

  • Wong wédok sing dosa diapura (36-50)

    • Perumpamaan soal wong sing nduwé utang (41-43)

7  Sakwisé rampung ngomongké kuwi kabèh, Yésus mlebu ing Kapernaum.  Ing kono, ana perwira sing nduwé budhak sing dhèwèké sayangi banget. Budhaké kuwi lara parah nganti arep mati.+  Wektu krungu soal Yésus, perwira kuwi ngongkon para pemimpin* Yahudi kanggo njaluk tulung marang Yésus bèn teka lan marèkké budhaké.  Mula, para pemimpin mau marani Yésus lan bener-bener njaluk tulung. Para pemimpin kuwi kandha, ”Dhèwèké pantes mbok tulungi.  Dhèwèké wis nresnani bangsané awaké dhéwé. Dhèwèké kuwi sing mbangun sinagogé* ing kéné.”  Mula, Yésus lunga bareng karo para pemimpin kuwi. Ning, pas Yésus wis cedhak omahé perwira kuwi, perwira kuwi ngongkon kanca-kancané nemoni Yésus bèn nyampèkké omongané, ”Pak, njenengan ora usah répot-répot teka. Aku ngrasa ora pantes mbok tamoni.+  Mula, aku ora nemoni njenengan langsung. Njenengan cukup ngomong sak kata waé, lan pembantuku mesthi mari.  Aku iki ya nduwé pemimpin, lan aku ya nduwé prajurit-prajurit sing tak pimpin. Nèk aku ngongkon salah siji prajuritku, ’Lungaa!’ dhèwèké bakal lunga. Terus nèk aku ngongkon prajurit liyané, ’Mrénéa!’ dhèwèké bakal mara. Nèk aku ngongkon budhakku, ’Tindakna iki!’ dhèwèké bakal nindakké kuwi.”  Wektu krungu omongan kuwi, Yésus kagum karo perwira kuwi. Terus, Yésus ndeloki wong-wong sing ngetutké dhèwèké lan kandha, ”Kowé tak kandhani, aku durung tau ketemu wong ing Israèl sing imané gedhé kaya wong iki.”+ 10  Wektu wis tekan omah, wong-wong sing dikongkon kuwi ndelok nèk budhak sing lara mau wis mari.+ 11  Ora suwé bar kuwi, Yésus lunga menyang kutha sing jenengé Nain. Murid-muridé lan akèh wong ya mèlu. 12  Wektu Yésus wis cedhak gerbang kutha, ana jenazahé cah lanang sing diusung metu arep dikubur. Sing mati kuwi anak tunggal,+ lan ibuné wis randha. Akèh wong saka kutha kuwi sing mèlu ngancani ibuné cah lanang kuwi. 13  Wektu ndelok ibuné cah lanang kuwi, Gusti Yésus ngrasa mesakké lan ngomong karo dhèwèké,+ ”Bu, aja nangis manèh.”+ 14  Bar kuwi, Yésus nyedhak lan ndemèk usungan kuwi. Wong-wong sing ngusung jenazah kuwi langsung mandheg. Terus Yésus kandha, ”Lé, kowé tak kandhani, tangia.”+ 15  Cah lanang sing mati kuwi urip manèh, terus lungguh lan mulai ngomong. Yésus masrahké cah lanang kuwi marang ibuné.+ 16  Wong-wong kuwi dadi kagum banget lan mulai ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Ing antarané awaké dhéwé ana nabi sing hébat.”+ Wong-wong kuwi ya kandha, ”Gusti Allah wis nggatèkké umaté.”+ 17  Kabar soal Yésus kuwi nyebar ing kabèh dhaérah Yudéa lan dhaérah sekitaré. 18  Murid-muridé Yohanes nglaporké soal kuwi kabèh marang Yohanes.+ 19  Mula, Yohanes ngongkon muridé loro takon karo Gusti Yésus, ”Apa njenengan kuwi wong sing bakal teka,+ utawa apa aku kudu nunggu wong liyané?” 20  Wektu ketemu Yésus, wong loro kuwi kandha, ”Yohanes Pembaptis ngongkon aku nakoni njenengan, ’Apa njenengan kuwi wong sing bakal teka, utawa apa aku kudu nunggu wong liyané?’” 21  Wektu kuwi, Yésus marèkké macem-macem penyakit,+ nggawé akèh wong wuta isa ndelok manèh, lan ngusir roh-roh jahat. 22  Yésus njawab wong loro kuwi, ”Balia, lan critakna marang Yohanes apa sing mbok delok lan sing mbok rungokké: Wong wuta isa ndelok,+ wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta dimarèkké,* wong budheg isa krungu,+ wong mati diuripké manèh, lan wong mlarat dikandhani kabar apik.+ 23  Wong sing ora ragu-ragu karo aku*+ kuwi wong sing bahagia.” 24  Wektu murid-muridé Yohanes kuwi wis lunga, Yésus mulai ngomong karo wong akèh sing ana ing kono soal Yohanes. Yésus ngomong, ”Sapa sing mbok delok ing padhang belantara? Apa wong sing kaya suket sing mobat-mabit kena angin?+ Dudu. 25  Lha terus sapa? Wong lanang sing nganggo klambi njaba sing apik?+ Dudu. Wong sing klambiné apik lan uripé méwah kuwi mung ana ing istana. 26  Lha terus sakjané dhèwèké kuwi sapa? Nabi? Ya, dhèwèké pancèn nabi. Malah, dhèwèké luwih penting timbang nabi.+ 27  Dhèwèké kuwi sing dimaksud ing tulisan iki, ’Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.’+ 28  Kowé tak kandhani, ing antarané kabèh wong sing tau urip,* ora ana sing luwih unggul timbang Yohanes. Tapi, sing kedudukané paling rendhah ing Kerajaané Gusti Allah tetep luwih unggul timbang Yohanes.”+ 29  (Wektu krungu omongan iki, kabèh wong kuwi lan para petugas pajeg ngakoni nèk Gusti Allah kuwi bener, merga wong-wong kuwi wis dibaptis Yohanes.+ 30  Ning, wong Farisi lan para ahli Taurat ora gelem nindakké karepé Gusti Allah,+ merga wong-wong kuwi ora dibaptis Yohanes.) 31  ”Mula, wong-wong ing jaman iki* isa dipadhakké karo sapa lan kaya apa?+ 32  Wong-wong kuwi kaya bocah-bocah sing lungguh ing pasar, sing kandha karo kanca-kancané, ’Aku nyuling, ning kowé ora gelem nari. Aku nyanyi lagu sedhih, ning kowé ora mèlu nangis.’ 33  Yohanes Pembaptis ora mangan roti lan ora ngombé anggur,+ ning kowé ngelokké dhèwèké, ’Dhèwèké kesurupan roh jahat.’ 34  Anaké manungsa mangan lan ngombé, ning kowé ngelokké dhèwèké, ’Dhèwèké nggragas lan seneng mabuk,* kancané petugas pajeg lan wong-wong sing dosa.’+ 35  Senajan ngono, kawicaksanané* wong kebukti bener saka tumindaké.”*+ 36  Ana wong Farisi sing terus-terusan njaluk karo Yésus bèn mara lan mangan ing omahé. Mula, Yésus mara ing omahé wong Farisi kuwi, terus lungguh lan mangan. 37  Ing kutha kuwi, ana wong wédok sing dikenal dadi wong dosa. Dhèwèké ngerti nèk Yésus lagi mangan ing omahé wong Farisi. Wong wédok mau teka karo nggawa botol saka watu isiné minyak wangi.+ 38  Wong wédok kuwi lungguh ing cedhak sikilé Yésus, terus nangis. Air matané nètès nganti nelesi sikilé Yésus. Bar kuwi, sikilé Yésus diusapi nganggo rambuté, diambung, lan diolèsi nganggo minyak wangi. 39  Wektu ndelok kuwi, wong Farisi sing ngejak Yésus mangan ing omahé kuwi mbatin, ”Nèk wong iki bener-bener nabi, kuduné dhèwèké ngerti nèk wong wédok sing ndemèk dhèwèké kuwi wong dosa.”+ 40  Merga ngerti apa sing dipikirké wong kuwi, Yésus ngomong karo dhèwèké, ”Simon,* ana sing arep tak omongké karo kowé.” Simon kandha, ”Apa, Guru?” 41  ”Ana wong loro sing nduwé utang karo wong sing ngutangi dhuwit. Sing siji utangé 500 dinar,* lan sing sijiné 50 dinar. 42  Loro-loroné ora isa nglunasi utangé. Terus, wong sing ngutangi kuwi mbébaské wong loro mau saka utangé.* Saiki aku arep takon, saka antarané wong loro kuwi, sapa sing bakal luwih nresnani wong sing ngutangi kuwi?” 43  Simon njawab, ”Nèk menurutku ya wong sing utangé luwih akèh.” Yésus njawab, ”Kowé bener.” 44  Terus, Yésus ndelok wong wédok kuwi lan ngomong karo Simon, ”Deloken wong wédok iki. Pas aku teka ing omahmu, kowé ora mènèhi aku banyu kanggo ngwijiki sikilku. Ning, wong wédok iki nelesi sikilku nganggo air matané, terus ngusapi nganggo rambuté. 45  Pas aku teka, kowé ya ora ngambung aku kanggo nyambut aku. Ning, wong wédok iki terus ngambungi sikilku kèt aku teka. 46  Kowé ora ngesokké minyak ing sirahku, ning wong wédok iki ngesokké minyak wangi ing sikilku. 47  Kowé tak kandhani, wong wédok iki nindakké akèh dosa,* ning dosané wis diapura.+ Kuwi sebabé dhèwèké nduduhké katresnan sing gedhé. Ning wong sing diapura sithik, mung nduduhké katresnan sing sithik.” 48  Terus, Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Dosa-dosamu wis tak apura.”+ 49  Wong-wong sing mangan bareng karo Yésus padha rasan-rasan, ”Sapa ta sakjané wong iki, kok nganti isa ngapura dosa?”+ 50  Ning, Yésus ngomong karo wong wédok kuwi, ”Merga kowé nduwé iman, Gusti Allah nylametké kowé.+ Muliha, lan ora usah kuwatir.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”digawé ora najis”.
Utawa ”ora kesandhung merga aku”.
Lit.: ”ing antarané kabèh wong sing dilairké wong wédok”.
Utawa ”generasi iki”.
Lit.: ”lan ketagihan ngombé anggur”.
Utawa ”hasilé”.
Maksudé, wong Farisi sing ngundang Yésus.
Utawa ”ngapura wong loro kuwi saktulusé ati”.
Utawa ”nindakké dosa sing gedhé”.