Injil Lukas 18:1-43
18 Terus, Yésus nyritakké perumpamaan soal perluné terus ndonga lan ora nyerah.+
2 Yésus kandha, ”Ing salah siji kutha, ana hakim sing ora wedi karo Gusti Allah lan ora perduli karo wong liya.
3 Ing kutha kuwi ya ana randha sing bola-bali marani hakim kuwi lan kandha, ’Aku lagi nduwé masalah hukum karo wong liya ing pengadilan. Tulung nggawéa keputusan sing adil kanggo aku.’
4 Pancèn, kanggo sementara waktu, hakim kuwi ora gelem mbantu. Ning akhiré hakim kuwi mikir, ’Senajan aku ora wedi karo Gusti Allah lan ora perduli karo wong,
5 ning merga randha iki bola-bali teka lan ngganggu aku terus, aku bakal mbantu bèn dhèwèké éntuk keputusan sing adil. Dadi, dhèwèké ora bakal teka manèh lan nggawé aku jèngkèl, merga dhèwèké terus-terusan njaluk tulung karo aku.’”+
6 Terus Gusti Yésus kandha, ”Coba gatèkna omongané hakim kuwi, padahal dhèwèké kuwi dudu wong sing bener.
7 Padha kaya ngono, nèk wong-wong pilihané Gusti Allah sambat awan lan bengi marang Gusti Allah,+ mosok Gusti Allah ora bakal mènèhi keadilan? Gusti Allah mesthi ya bakal sabar karo wong-wong kuwi.+
8 Kowé tak kandhani, Gusti Allah mesthi bakal cepet mènèhi keadilan kanggo wong-wong kuwi. Ning, wektu Anaké manungsa teka, apa dhèwèké bakal nemokké iman sing kaya ngono* ing bumi?”
9 Wektu kuwi, ana wong-wong sing seneng ngrèmèhké wong liya lan rumangsa nèk dhèwèké kuwi sing paling bener. Mula, Yésus nyritakké perumpamaan marang wong-wong kuwi. Yésus kandha,
10 ”Ana wong lanang loro sing mlebu ing bait kanggo ndonga. Sing siji wong Farisi, lan sing sijiné manèh petugas pajeg.
11 Wong Farisi kuwi ngadeg lan ndonga ing njero ati, ’Gusti Allah, aku ngucap syukur merga aku ora kaya wong liya sing seneng ngrampok, sing ora bener, lan sing laku jina. Aku ya ora kaya petugas pajeg iki.
12 Aku pasa seminggu ping loro lan mènèhké sepersepuluh saka kabèh penghasilanku.’+
13 Ning, petugas pajeg kuwi ngadeg ing kadohan, malah ndhangak waé ora wani. Dhèwèké terus nggebugi dhadhané lan kandha, ’Gusti Allah, tulung mesakké aku. Aku iki wong dosa.’+
14 Kowé tak kandhani, wektu wong iki mulih, Gusti Allah bakal nganggep dhèwèké luwih bener timbang wong Farisi kuwi,+ sebab Gusti Allah bakal nggawé isin saben wong sing rumangsa hébat, ning bakal ngunggulké wong sing rendah hati.”+
15 Terus, wong-wong nggawa anak-anaké sing isih cilik marang Yésus. Wong-wong kuwi péngin bèn Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré* bocah-bocah kuwi. Ning, pas ndelok kuwi, murid-murid malah nyenèni wong-wong kuwi.+
16 Tapi, Yésus ngongkon bèn bocah-bocah kuwi digawa marang dhèwèké. Yésus kandha, ”Bèn waé bocah-bocah kuwi marani aku. Aja mbok alang-alangi, merga Kerajaané Gusti Allah bakal dadi duwèké wong-wong sing kaya ngono.+
17 Percayaa, sapa waé sing ora nampa Kerajaané Gusti Allah kaya bocah cilik, ora bakal isa mlebu ing kono.”+
18 Terus, ana salah siji pemimpin Yahudi sing nakoni Yésus, ”Guru sing Apik, aku kudu ngapa bèn isa nampa warisan urip saklawasé?”+
19 Yésus njawab, ”Ngapa kok kowé nyebut aku apik? Ora ana sing apik kecuali Gusti Allah.+
20 Kowé mesthi ngerti préntah iki: ’Aja laku jina,+ aja matèni wong,+ aja nyolong,+ aja mènèhi keterangan sing ora bener,+ lan kowé kudu ngajèni bapakmu lan ibumu.’”+
21 Terus, wong kuwi njawab, ”Kuwi kabèh wis tak tindakké kèt cilik.”
22 Pas krungu kuwi, Yésus njawab, ”Ana siji manèh sing kudu mbok tindakké: Edolen kabèh hartamu, terus edumna hasilé marang wong mlarat, lan kowé bakal éntuk harta ing swarga. Bar kuwi, dadia muridku.”+
23 Wektu krungu omongané Yésus, wong kuwi dadi sedhih banget merga dhèwèké sugih banget.+
24 Yésus ndeloki wong kuwi lan kandha, ”Pancèn wong sing dhuwité akèh angèl banget nèk arep mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.+
25 Sakjané, luwih gampang unta mlebu ing bolongané jarum jahit timbang wong sugih mlebu ing Kerajaané Gusti Allah.”+
26 Wong-wong sing krungu kuwi kandha, ”Lha nèk ngono, apa ana wong sing isa slamet?”+
27 Yésus njawab, ”Sing kanggoné manungsa kuwi mustahil, kanggoné Gusti Allah ora mustahil.”+
28 Terus Pétrus kandha, ”Aku karo murid-murid liyané wis ninggalké kabèh sing tak duwèni lan mèlu njenengan.”+
29 Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Percayaa, sapa waé sing wis ninggalké omahé, bojoné, kakangé, adhiné, wong tuwané, utawa anaké merga Kerajaané Gusti Allah+
30 bakal nampa luwih akèh ing jaman saiki. Terus, ing jaman* sukmbèn wong kuwi ya bakal nampa urip saklawasé.”+
31 Bar kuwi, Yésus ngejak rasulé 12 misah saka wong-wong liyané. Yésus kandha, ”Awaké dhéwé arep lunga ing Yérusalèm, lan kabèh sing ditulis liwat para nabi soal Anaké manungsa bakal kelakon.+
32 Contoné, dhèwèké bakal diserahké marang wong-wong saka bangsa liya,+ diécé,+ dirèmèhké, lan diidoni.+
33 Sakwisé dhèwèké dipecuti, wong-wong kuwi bakal matèni dhèwèké.+ Tapi, ing dina ketelu dhèwèké bakal urip manèh.”+
34 Ning, para rasul ora paham maksud omongané Yésus, merga maksud omongan kuwi pancèn isih dirahasiakké saka para rasul.
35 Wektu Yésus wis ing cedhaké kutha Yérikho, ana pengemis wuta lagi lungguh ing pinggir dalan.+
36 Merga krungu swarané wong akèh sing lagi liwat, dhèwèké takon apa sing lagi kelakon.
37 Wong-wong ngandhani dhèwèké, ”Yésus wong Nazarèt lagi liwat kéné.”
38 Wong wuta kuwi mbengok, ”Yésus, Anaké Daud, tulung mesakké aku.”
39 Wong-wong sing mlaku ing ngarep mulai nyenèni dhèwèké lan ngongkon dhèwèké meneng. Ning, dhèwèké malah mbengok saya banter, ”Anaké Daud, tulung mesakké aku.”
40 Terus, Yésus mandheg lan ngongkon bèn wong wuta kuwi digawa marang Yésus. Sakwisé wong wuta kuwi nyedhak, Yésus nakoni dhèwèké,
41 ”Kowé péngin njaluk apa?” Wong wuta kuwi njawab, ”Gusti, aku péngin isa ndelok manèh.”
42 Mula Yésus kandha, ”Ya, saiki kowé isa ndelok manèh. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+
43 Wong lanang kuwi langsung isa ndelok manèh. Dhèwèké mulai ngetutké Yésus+ lan ngluhurké Gusti Allah. Kabèh wong sing ndelok kuwi ya ngluhurké Gusti Allah.+
Katrangan Tambahan
^ Lit.: ”nemokké iman”.
^ Utawa ”Yésus mberkahi”.
^ Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.