Pangandharing Torèt 26:1-19
26 ”Nèk kowé akhiré wis mlebu ing tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé bèn dadi warisan kanggo kowé, terus kowé wis ngrebut tanah kuwi lan manggon ing kono,
2 kowé kudu njupuk hasil panèn pertama saka tanah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé, terus kuwi kudu mbok dèlèhké ing kranjang lan mbok gawa menyang panggonan sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu bèn jenengé dimulyakké.+
3 Kowé kudu nemoni imam sing nindakké tugasé wektu kuwi lan kandha, ’Dina iki aku ngomong karo Yéhuwah Gusti Allahmu nèk aku wis tekan ing tanah sing dijanjèkké Yéhuwah marang nènèk moyangé awaké dhéwé bèn diwènèhké marang awaké dhéwé.’+
4 ”Imam mau bakal njupuk kranjang sing mbok gawa, lan kuwi bakal didèlèhké ing ngarep mézbahé Yéhuwah Gusti Allahmu.
5 Kowé kudu ngomong ngéné ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, ’Nènèk moyangku kuwi wong Aram+ sing dadi pengembara, terus dhèwèké lunga menyang Mesir+ lan manggon ing kana dadi wong asing bareng karo keluargané sing jumlahé sithik.+ Tapi, ing kana keturunané dadi bangsa sing kuwat lan jumlahé akèh.+
6 Terus, wong Mesir nggawé aku sengsara lan nindhes aku.+
7 Mula, aku njaluk tulung marang Njenengan, Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangku. Yéhuwah ngrungokké aku lan ndelok kesusahan lan masalahku. Njenengan ya ndelok aku ditindhes.+
8 Akhiré Njenengan, Yéhuwah, nggawa aku metu saka Mesir nganggo kekuwatan lan kuwasané sing gedhé,+ mukjijat,+ lan tumindak sing nggawé wong-wong wedi.
9 Terus, Njenengan nggawa aku ing panggonan iki lan mènèhi aku tanah iki, tanah sing akèh susu lan maduné.+
10 Saiki, aku nggawa hasil panèn pertama saka tanah sing diwènèhké Yéhuwah marang aku.’+
”Kuwi kudu mbok dèlèhké ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kowé kudu sujud ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu.
11 Kowé kudu ngrasa seneng merga kabèh sing apik sing wis diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé lan keluargamu. Kowé kudu ngrasa seneng bareng karo wong Lèwi lan wong asing sing manggon ing antaramu.+
12 ”Sakwisé kowé rampung njupuk sepersepuluhan+ saka kabèh hasil panènmu ing taun ketelu, yaiku taun sepersepuluhan, kuwi kudu mbok wènèhké marang wong Lèwi, wong asing, anak yatim,* lan randha. Wong-wong kuwi bakal mangan nganti wareg ing kutha-kuthamu.*+
13 Terus kowé kudu ngomong ngéné ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, ’Aku wis nggawa bagéan sing suci saka omahku lan wis tak wènèhké marang wong Lèwi, wong asing, anak yatim, lan randha,+ kaya préntah-Mu marang aku. Préntah-Mu tak gatèkké lan ora tak langgar.
14 Bagéan sing suci kuwi ora tak pangan wektu aku sedhih* lan ora tak demèk wektu aku najis. Kuwi ya ora tak wènèhké marang wong mati. Aku wis manut karo omongané Yéhuwah Gusti Allahku lan nindakké kabèh préntah-Mu.
15 Tulung Njenengan ndelok menyang ngisor saka panggonan-Mu sing suci, yaiku swarga. Tulung Njenengan mberkahi Israèl umat-Mu lan tanah sing wis mbok wènèhké marang aku,+ tanah sing akèh susu lan maduné,+ kaya janjiné Njenengan marang nènèk moyangku.’+
16 ”Dina iki Yéhuwah Gusti Allahmu mréntahké kowé bèn nindakké peraturan lan hukum iki. Kowé kudu manut lan nindakké kabèh kuwi saktulusé atimu+ lan sepenuh jiwamu.*
17 Dina iki kowé wis éntuk jaminan saka Yéhuwah. Dhèwèké bakal dadi Gusti Allahmu nèk kowé nindakké kabèh sing dikarepké,* ngrungokké omongané, lan manut karo peraturané,+ préntahé,+ lan hukumé.+
18 Dina iki Yéhuwah ya éntuk jaminan saka kowé nèk kowé bakal dadi umaté, duwèké sing istiméwa,+ kaya janjiné marang kowé, lan nèk kowé bakal manut karo kabèh préntahé.
19 Terus, Dhèwèké bakal nggawé kowé luwih unggul timbang bangsa liya sing digawé.+ Nèk kowé isa mbuktèkké kowé kuwi umat sing suci kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu,+ Dhèwèké bakal nggawé kowé dadi terkenal, dipuji, lan dimulyakké, kaya janjiné marang kowé.”
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”yatim piatu”.
^ Lit.: ”gerbang-gerbangmu”.
^ Maksudé, sedhih merga ditinggal mati wong sing ditresnani.
^ Deloken Daftar Istilah.
^ Lit.: ”mlaku ing kabèh dalané”.