Wulang Bebasan 1:1-33

  • Tujuané peribahasa-peribahasa iki (1-7)

  • Bahayané kekancan karo wong jahat (8-19)

  • Kawicaksanan kaya wong sing lagi ngundang-ngundang (20-33)

1  Peribahasa-peribahasané Salomo+ raja Israèl,+ anaké Daud.+   Peribahasa-peribahasa iki ditulis bèn wong isa ngerti dhidhikan, dadi wicaksana,*+Lan ngerti artiné kata-katané wong sing wicaksana.   Iki ya ditulis bèn wong nampa dhidhikan+ sing isa nggawé dhèwèké nduwé pemahaman,Ngerti apa sing bener,+ nggawé keputusan sing bener,+ lan dadi wong sing jujur.   Iki ya ditulis bèn wong sing ora nduwé pengalaman dadi wicaksana,+Lan bèn cah enom nduwé pengetahuan lan bèn isa mikir.+   Wong sing wicaksana gelem ngrungokké lan gelem sinau luwih akèh.+ Wong sing nduwé pemahaman gelem nampa petunjuk saka wong sing trampil+   Bèn isa ngerti peribahasa, perumpamaan,*Omongané wong sing wicaksana, lan teka-tekiné wong kuwi.+   Cara pertama bèn isa éntuk pengetahuan*+ yaiku kudu wedi marang* Yéhuwah. Mung wong bodho sing ngrèmèhké dhidhikan lan kawicaksanan.+   Anakku, rungokna dhidhikané bapakmu,+Lan aja nolak apa sing diwulangké* ibumu.+   Kuwi kaya mahkota sing apik ing sirahmu+Lan kaya kalung sing apik ing gulumu.+ 10  Anakku, aja gelem dipengaruhi karo wong-wong sing dosa.+ 11  Nèk wong-wong kuwi ngomong, ”Ayo mèlu aku. Ayo nggolèk kesempatan bèn isa matèni wong liya. Ayo ndhelik lan nyerang wong sing ora salah mung kanggo seneng-seneng. 12  Ayo nyaplok wong-wong kuwi wektu isih urip, kaya Kuburan* nyaplok wong-wong,Sak awak dicaplok, kaya wong sing dikubur. 13  Ayo ngrampok kabèh hartané,Terus hasil rampokan sing akèh banget kuwi ayo digawa mulih. 14  Ayo mèlu aku.* Mengko hasil rampokan kuwi tak bagi rata.”* 15  Anakku, aja gelem mèlu wong-wong kuwi. Aja mèlu-mèlu kelakuané wong-wong kuwi,*+ 16  Merga wong-wong kuwi cepet-cepet nindakké sing jahat.* Wong-wong kuwi cepet-cepet matèni wong liya.+ 17  Ora ana gunané masang jaring kanggo nangkep manukNèk manuké ngerti pas jaring kuwi dipasang. 18  Kuwi sebabé wong-wong kuwi nggolèk kesempatan bèn isa matèni wong liya. Wong-wong kuwi ndhelik lan nyerang wong liya bèn wong kuwi mati. 19  Kuwi sing dilakoni wong-wong sing nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur. Wong-wong sing kaya ngono bakal mati merga kelakuané mau.+ 20  Kawicaksanan+ kuwi kaya wong sing lagi ngundang-ngundang* ing dalan.+ Swarané saya banter ing lapangan.+ 21  Dhèwèké ngundang-ngundang* ing prapatan dalan sing ramé. Ing gerbang kutha, dhèwèké kandha,+ 22  ”Nganti kapan wong sing ora nduwé pengalaman bakal terus ora nduwé pengalaman? Nganti kapan wong sing seneng ngécé bakal terus ngécé? Nganti kapan wong sing bodho nolak pengetahuan?+ 23  Rungokna nèk tak kandhani.+ Aku bakal mènèhi kowé kekuwatanku. Aku bakal mbantu kowé bèn paham omonganku.+ 24  Kowé tak undang* tapi ora gelem ngrungokké,Tanganku tak ulurké tapi ora ana sing nggatèkké.+ 25  Kowé ora gelem nampa naséhatkuLan ora gelem ngrungokké wektu tak kandhani. 26  Aku bakal ngguyu wektu kowé ngalami bencana. Aku bakal ngécé wektu kowé ngrasa wedi banget,+ 27  Wektu sing nggawé kowé wedi teka kaya badai,Lan wektu bencana teka kaya angin badai,Wektu kowé ngadhepi masalah lan ngalami kesusahan. 28  Pas kuwi kelakon, wong-wong kuwi bakal njaluk tulung marang aku, ning ora bakal tak jawab. Wong-wong kuwi bakal terus nggolèki aku, ning ora bakal nemokké aku,+ 29  Merga wong-wong kuwi ora gelem nampa pengetahuan,+Wong-wong kuwi ora wedi marang* Yéhuwah.+ 30  Wong-wong kuwi ora gelem nampa naséhatku. Wong-wong kuwi ngrèmèhké wektu tak kandhani. 31  Wong-wong kuwi bakal nampa akibat* saka kelakuané,+Wong-wong kuwi bakal ngrasakké akibat* saka rencanané dhéwé. 32  Wong sing ora nduwé pengalaman bakal mati merga mbrontak,Wong sing bodho bakal disingkirké merga sikapé sing ora perduli. 33  Ning, wong sing ngrungokké aku bakal ngrasa aman+Lan ora wedi karo bencana apa waé.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”kata-kata sing angèl dipahami”.
Lit.: ”Awalé pengetahuan”.
Utawa ”nolak hukumé”.
Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”kanthong siji dibagi kanggo kabèh”.
Utawa ”Ayo nguncalké barang sing dienggo ngundhi”.
Lit.: ”Aja nganti sikilmu mlaku ing dalané wong-wong kuwi”.
Lit.: ”sikilé wong-wong kuwi mlayu bèn isa nindakké kejahatan”.
Utawa ”nyeluk-nyeluk”.
Utawa ”nyeluk-nyeluk”.
Utawa ”celuk”.
Lit.: ”mangan buah”.
Utawa ”bakal wareg”.