1 Samuèl 31:1-13
-
Saul lan anaké lanang telu mati (1-13)
31 Wong Filistin perang nglawan Israèl.+ Wong Israèl padha mlayu saka ngarepé wong Filistin, lan akèh sing mati ing Gunung Gilboa.+
2 Wong Filistin terus ngoyak* Saul lan anak-anaké. Bar kuwi, wong Filistin matèni anak-anaké Saul+ yaiku Yonatan,+ Abinadab, lan Malkhi-syua.
3 Perangé dadi saya abot kanggo Saul. Para pemanah nemokké Saul lan manah dhèwèké. Saul dadi luka parah.+
4 Terus, Saul kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Jupuken pedhangmu, terus tusuken aku bèn aku ora ditusuk lan disiksa* karo wong-wong sing ora disunat iki.”+ Ning, sing mbantu nggawa senjatané ora gelem merga wedi banget. Mula, Saul njupuk pedhang kuwi lan ditusukké ing awaké.+
5 Wektu weruh nèk Saul wis mati,+ sing mbantu nggawa senjatané nusuk awaké nganggo pedhang lan mati bareng Saul.
6 Dadi, Saul, anaké lanang telu, kabèh prajurité, lan wong sing mbantu nggawa senjatané mati bareng dina kuwi.+
7 Wektu wong Israèl sing ana ing dhaérah lembah lan dhaérah Kali Yordan ngerti nèk para prajurit Israèl padha mlayu lan Saul lan anak-anaké lanang wis mati, wong-wong kuwi ninggalké kutha-kutha lan mèlu mlayu.+ Bar kuwi, wong Filistin teka lan manggon ing kono.
8 Sésuké, wektu njarah barang-barangé prajurit sing wis mati, wong Filistin ndelok nèk Saul lan anaké lanang telu wis mati ing Gunung Gilboa.+
9 Mula, wong Filistin nugel sirahé Saul lan njarah senjatané. Wong Filistin ngirim utusan menyang kabèh dhaérah ing Filistin bèn ngandhani kabar kuwi+ ing kuil-kuil brahala+ lan ngandhani kabar kuwi karo kabèh rakyat.
10 Terus, wong Filistin ndèlèhké senjatané Saul ing kuil patung-patung Astorèt. Mayaté Saul dipaku ing témbok Bèt-syan.+
11 Wektu penduduk Yabès-giléad+ krungu soal apa sing wis ditindakké wong Filistin marang Saul,
12 kabèh prajurité mangkat lan mlaku sewengi muput arep njupuk mayaté Saul lan anak-anaké Saul saka témbok Bèt-syan. Terus, para prajurit kuwi bali menyang Yabès lan ngobong mayat-mayat kuwi ing kana.
13 Bar kuwi, balung-balungé Saul lan anak-anaké dijupuk,+ terus dikubur ing ngisor wit tamariska ing Yabès.+ Para prajurit kuwi pasa nganti pitung dina.