Néhémia 2:1-20
2 Ing sasi Nisan,* ing taun ke-20+ pamréntahané Raja Artahsasta,+ minuman anggur disiapké ing ngarepé Raja. Kaya biasané, aku njupuk minuman anggur kuwi, terus tak wènèhké marang Raja.+ Sakdurungé kuwi, aku ora tau kétok sedhih ing ngarepé Raja.
2 Mula Raja takon marang aku, ”Ngapa kok kowé kétok sedhih, padahal kowé ora lara? Mesthi atimu lagi sedhih.” Wektu krungu kuwi, aku dadi wedi banget.
3 Terus aku njawab, ”Muga-muga Raja diberkahi. Piyé aku ora sedhih nèk kutha panggonané nènèk moyangku dikubur saiki wis hancur lan gerbang-gerbangé diobong?”+
4 Raja kandha marang aku, ”Dadi, apa sing mbok jaluk?” Aku langsung ndonga marang Gusti Allah sing nguwasani swarga.+
5 Terus aku njawab, ”Nèk Raja ngijinké lan nèk njenengan nganggep abdimu iki wong sing apik, tulung utusen aku menyang Yéhuda, kutha panggonané nènèk moyangku dikubur, bèn kutha kuwi isa tak bangun manèh.”+
6 Terus, Raja sing lagi lungguh jèjèr ratuné kandha, ”Kowé bakal lunga pirang dina, lan kapan kowé bali?” Raja gelem ngutus aku,+ lan aku ngandhani dhèwèké pirang dina aku lunga.+
7 Aku kandha marang Raja, ”Nèk éntuk, tulung Raja mènèhi aku surat-surat kanggo para gubernur dhaérah Sabrang Kali,*+ bèn aku isa ngliwati dhaérahé wong-wong kuwi lan isa slamet tekan Yéhuda.
8 Tulung aku ya diwènèhi surat kanggo Asaf penjaga Taman Kerajaan* bèn dhèwèké gelem mènèhi kayu kanggo nggawé gerbang-gerbang Bèntèng+ omahé Gusti Allah, témbok kutha,+ lan omah sing arep tak enggoni.” Mula, Raja mènèhi kuwi kabèh marang aku,+ merga Gusti Allah mbantu aku.+
9 Akhiré, aku nemoni para gubernur dhaérah Sabrang Kali lan nyerahké surat-surat saka Raja. Raja ya ngutus para pemimpin pasukan lan pasukan sing numpak jaran kanggo ngeterké aku.
10 Wektu Sanbalat+ wong Horon lan Tobia+ pejabat* saka Ammon+ krungu soal iki, wong loro kuwi bener-bener ora seneng merga ana wong sing teka kanggo nindakké sing apik marang wong Israèl.
11 Akhiré aku tekan Yérusalèm, lan aku manggon ing kono telung dina.
12 Pas bengi-bengi, aku tangi lan ngejak sebagéan wong bèn mèlu aku. Aku ora ngandhani sapa-sapa soal rencanané Gusti Allah* sing kudu tak tindakké ing Yérusalèm. Aku mung nggawa kéwan siji thok, yaiku keledai sing tak tumpaki.
13 Bengi kuwi, aku metu ngliwati Gerbang Lembah,+ liwat ing ngarepé Mata Air Ula Gedhé menyang Gerbang Tumpukan Awu,+ terus aku mriksa témbok Yérusalèm sing wis ambruk lan gerbang-gerbangé sing wis diobong.+
14 Bar kuwi, aku neruské perjalanan menyang Gerbang Mata Air+ lan Kolam Raja. Panggonané sempit banget, mula kéwan sing tak tumpaki ora isa liwat.
15 Ning bengi kuwi, aku tetep munggah menyang lembah*+ lan terus mriksa témbok. Bar kuwi, aku bali lan mlebu liwat Gerbang Lembah, terus mulih.
16 Para pejabat+ ora ngerti aku lunga menyang endi lan apa sing tak tindakké, merga aku durung ngomong apa-apa marang wong Yahudi, para imam, para bangsawan, para pejabat, lan wong-wong liyané sing mèlu mbangun.
17 Akhiré aku kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé ndelok dhéwé nèk keadaané awaké dhéwé iki parah banget. Yérusalèm wis hancur, lan gerbang-gerbangé ya wis diobong. Ayo ndang mbangun manèh témbok Yérusalèm bèn awaké dhéwé ora disepèlèkké terus.”
18 Terus, aku ngandhani wong-wong kuwi soal piyé Gusti Allahku ndhukung aku+ lan soal omongané Raja marang aku.+ Wong-wong kuwi padha kandha, ”Ayo awaké dhéwé mulai mbangun.” Terus, wong-wong kuwi padha nguwatké bèn isa nindakké gawéan sing apik kuwi.+
19 Sanbalat wong Horon, Tobia+ pejabat* saka Ammon,+ lan Gèsyèm wong Arab krungu+ soal kuwi lan mulai padha ngécé+ lan ngrèmèhké aku kabèh, kandhané, ”Kowé kuwi lagi padha ngapa? Apa kowé arep mbrontak nglawan Raja?”+
20 Ning aku njawab, ”Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal nggawé aku kabèh berhasil,+ lan aku kabèh iki, yaiku para abdiné, bakal mulai mbangun. Kowé kabèh ora nduwé urusan karo Yérusalèm, ora nduwé hak apa-apa, lan ora nduwé bagéan ing sejarahé* Yérusalèm.”+
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”hutan raja”.
^ Utawa ”pelayan”.
^ Lit.: ”soal apa sing wis didèlèhké Gusti Allah ing atiku”.
^ Utawa ”wadi”.
^ Utawa ”pelayan”.
^ Utawa ”ora bakal diéling-éling ing”.