2 Para Raja 4:1-44

  • Minyaké randha digawé dadi akèh karo Èlisa (1-7)

  • Wong wédok Syunem sing seneng mènèhi (8-16)

  • Wong wédok Syunem nduwé anak lanang; anaké mati (17-31)

  • Èlisa nguripké manèh anak kuwi (32-37)

  • Èlisa ngilangi racun ing sop (38-41)

  • Èlisa nggawé roti dadi akèh (42-44)

4  Ana salah siji wong wédok bojoné keturunané nabi*+ sing sambat marang Èlisa, ”Abdimu, yaiku bojoku, wis mati. Njenengan dhéwé ya ngerti nèk abdimu kuwi wedi marang* Yéhuwah.+ Ning saiki, wong sing ngutangi aku mara arep njupuk anakku loro-loroné kanggo didadèkké budhaké.”  Terus Èlisa kandha, ”Apa sing isa tak tindakké kanggo kowé? Kandhanana aku, kowé isih nduwé apa ing omah?” Wong wédok kuwi njawab, ”Abdimu iki ora nduwé apa-apa ing omah, anané mung sak botol minyak.”+  Èlisa kandha, ”Njaluka wadhah-wadhah sing isih kosong saka tangga-tanggamu. Njaluka sing akèh.  Bar kuwi, kowé karo anak-anakmu kudu mlebu ing omah lan nutup lawang. Isènana wadhah-wadhah kuwi nganggo minyak, lan dhèwèkna wadhah sing wis kebak.”  Terus, wong wédok kuwi lunga. Bar wong wédok kuwi lan anak-anaké mlebu ing njero omah lan nutup lawang, anak-anaké mènèhké wadhah-wadhah mau marang dhèwèké, lan wong wédok kuwi terus-terusan ngesokké minyak ing wadhah mau.+  Sakwisé wadhah-wadhah kuwi wis kebak, wong wédok kuwi kandha marang salah siji anaké, ”Wènèhana aku wadhah liyané.”+ Ning anaké njawab, ”Ora ana wadhah manèh.” Terus, minyaké langsung mandheg.+  Mula, wong wédok kuwi lunga ngandhani abdiné Gusti Allah sing bener, terus abdiné Gusti Allah kuwi kandha, ”Edolen minyak kuwi, lan bayaren utangmu. Sisané isa mbok enggo urip karo anak-anakmu.”  Èlisa lunga menyang Syunem,+ lan ing kono ana wong wédok sing sugih lan diajèni. Wong wédok kuwi meksa Èlisa kanggo mangan ing omahé.+ Saben Èlisa liwat, dhèwèké bakal mampir kanggo mangan ing kono.  Wong wédok kuwi kandha marang bojoné, ”Aku yakin nèk wong sing kerep liwat kéné kuwi abdiné Gusti Allah sing suci. 10  Ayo awaké dhéwé nggawé kamar cilik ing atap+ lan ndèlèhké kasur, méja, kursi, lan wadhah lampu ing kono. Dadi saben dhèwèké mampir, dhèwèké isa nginep ing kéné.”+ 11  Èlisa mara, terus dhèwèké mlebu ing kamar kuwi lan turon ing kono. 12  Èlisa kandha marang Géhazi+ pelayané, ”Undangen* wong wédok Syunem+ kuwi.” Terus, Géhazi ngundang wong wédok kuwi, lan wong wédok kuwi mara. 13  Bar kuwi, Èlisa kandha marang Géhazi, ”Tulung kandhanana wong wédok kuwi, ’Aku wis ngrépoti kowé.+ Apa sing isa tak tindakké kanggo kowé?+ Apa ana sing kudu tak omongké marang Raja+ utawa pemimpin pasukané?’” Ning wong wédok kuwi njawab, ”Ora usah, aku ora nduwé masalah, merga uripku wis tenang karo keluargaku.” 14  Èlisa kandha, ”Dadi, apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo dhèwèké?” Géhazi njawab, ”Dhèwèké ora nduwé anak lanang+ lan bojoné ya wis tuwa.” 15  Èlisa langsung kandha, ”Undangen* wong wédok kuwi.” Sakwisé diceluk, wong wédok kuwi ngadeg ing ngarep lawang. 16  Èlisa kandha, ”Taun ngarep, ing wektu sing kaya ngéné iki, kowé bakal nggéndhong anak lanang.”+ Ning wong wédok kuwi njawab, ”Aja mènèhi aku harapan palsu, Pak. Njenengan kuwi abdiné Gusti Allah sing bener.” 17  Akhiré, wong wédok kuwi meteng tenan. Setaun sakwisé Èlisa ngomong karo wong wédok kuwi, wong wédok kuwi nglairké anak lanang, kaya sing diomongké Èlisa. 18  Terus, anak kuwi saya gedhé. Anak kuwi lunga marani bapaké sing lagi bareng karo para pemanèn. 19  Anak kuwi bola-bali kandha marang bapaké, ”Adhuh, sirahku lara.” Mula bapaké kandha marang pelayané, ”Gawanen dhèwèké marang ibuné.” 20  Terus, anak kuwi digawa marang ibuné lan lungguh ing pangkoné ibuné nganti awan. Bar kuwi, anak kuwi mati.+ 21  Terus, wong wédok kuwi munggah lan nurokké anak kuwi ing kasuré abdiné Gusti Allah sing bener.+ Wong wédok kuwi nutup lawang lan lunga. 22  Bar kuwi, dhèwèké ngundang* bojoné lan kandha, ”Wènèhana aku pelayan siji lan keledai siji. Aku arep cepet-cepet lunga marani abdiné Gusti Allah sing bener, bar kuwi aku bakal bali.” 23  Ning bojoné takon, ”Ngapa kok kowé nemoni dhèwèké dina iki? Saiki kan dudu bulan anyar+ utawa dina Sabat.” Ning wong wédok kuwi njawab, ”Ora apa-apa.” 24  Terus, wong wédok kuwi masang pelana* ing keledainé lan kandha marang pelayané, ”Ayo ndang cepet. Aja alon-alon nèk ora tak kongkon.” 25  Terus, wong wédok kuwi lunga menyang Gunung Karmèl nemoni abdiné Gusti Allah sing bener. Bar ndelok wong wédok mau saka kadohan, abdiné Gusti Allah sing bener langsung kandha marang Géhazi pelayané, ”Deloken, wong wédok Syunem kuwi ana ing kana. 26  Mlayua marani dhèwèké, lan takona piyé kabaré, kabaré bojoné, lan kabaré anaké, apa kabaré apik-apik waé.” Wektu ditakoni kaya ngono, wong wédok kuwi njawab, ”Kabèh apik-apik waé.” 27  Pas ketemu karo abdiné Gusti Allah sing bener kuwi ing gunung, wong wédok kuwi langsung nyekeli sikilé+ abdiné Gusti Allah kuwi. Géhazi langsung nyedhak lan ngusir dhèwèké, ning abdiné Gusti Allah sing bener kuwi kandha, ”Ejarna dhèwèké, merga dhèwèké lagi susah banget, ning aku ora ngerti ngapa, merga Yéhuwah durung ngandhani aku.” 28  Wong wédok kuwi kandha, ”Aku kan ora njaluk anak marang njenengan. Aku kan ya wis ngomong, ’Njenengan aja mènèhi aku harapan palsu.’”+ 29  Èlisa langsung kandha marang Géhazi, ”Cincingna jubahmu, lan talèkna kuwi ing pinggangmu.+ Gawanen tongkatku, terus lungaa. Nèk kowé ketemu wong ing dalan, aja mbok wènèhi salam. Nèk ana sing mènèhi kowé salam, aja mbok jawab. Lungaa lan dèlèhna tongkatku iki ing ndhuwur rainé bocah kuwi.” 30  Ning wong wédok kuwi kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip lan demi uripé njenengan dhéwé, aku ora bakal lunga nèk njenengan ora mèlu.”+ Terus, Èlisa lunga bareng wong wédok mau. 31  Géhazi wis tekan luwih dhisik, lan dhèwèké ndèlèhké tongkat kuwi ing ndhuwur rainé bocah kuwi, ning ora ana swara utawa tanggepan.+ Mula, dhèwèké bali manèh nemoni Èlisa lan kandha, ”Bocah kuwi ora tangi.” 32  Pas Èlisa mlebu ing njero omah, bocah sing wis mati kuwi ana ing kasuré Èlisa.+ 33  Bar kuwi, Èlisa mlebu lan nutup lawang, terus ndonga marang Yéhuwah.+ 34  Èlisa munggah ing kasur lan mbungkuk ing ndhuwuré bocah kuwi. Lambéné ditèmplèkké ing lambéné bocah kuwi, mripaté ing mripaté bocah kuwi, lan tlapak tangané ing tlapak tangané bocah kuwi. Èlisa mbungkuk terus ing ndhuwuré bocah kuwi, lan badané bocah kuwi mulai anget.+ 35  Dhèwèké mlaku mrana-mréné ing omah kuwi, terus munggah ing kasur lan mbungkuk ing ndhuwuré bocah kuwi manèh. Bocah kuwi wahing ping pitu, bar kuwi dhèwèké mbukak mripaté.+ 36  Terus, Èlisa ngundang* Géhazi lan kandha, ”Undangen* wong wédok Syunem kuwi.” Bar kuwi, Géhazi ngundang wong wédok kuwi,* lan wong wédok kuwi mara. Èlisa kandha, ”Bopongen anakmu.”+ 37  Terus, wong wédok kuwi mlebu lan sujud ing ngarep sikilé Èlisa, terus mbopong anaké lan metu. 38  Pas Èlisa bali menyang Gilgal, ing kono lagi ana kelaparan.+ Para keturunané nabi+ lungguh ing ngarepé, lan Èlisa kandha marang pelayané,+ ”Kowé kudu masak sop ing panci gedhé kanggo para keturunané nabi.” 39  Terus, salah siji saka wong-wong kuwi lunga menyang ladhang kanggo methik sayuran. Dhèwèké methik labu saka tanduran liar, terus diwadhahi nganggo jubahé nganti kebak. Bar kuwi dhèwèké bali lan ngiris-iris labu kuwi terus dilebokké panci, ning ora ngerti kuwi apa. 40  Terus, sop mau disiapké kanggo dipangan, ning ora let suwé pas padha mangan sop mau, wong-wong kuwi kandha, ”Abdiné Gusti Allah sing bener, ana racun* ing panci iki.” Wong-wong kuwi dadi ora mangan kuwi manèh. 41  Mula Èlisa kandha, ”Jupukna tepung.” Sakwisé nyemplungké tepung kuwi ing njero panci, dhèwèké kandha, ”Siapna kuwi kanggo dipangan wong-wong.” Ora ana sing marahi bahaya manèh ing panci kuwi.+ 42  Ana wong teka saka Baal-syalisya,+ lan dhèwèké nggawa roti barli+ 20 sing digawé saka hasil panèn pertama karo sak kanthong biji-bijian sing lagi waé dipanèn+ kanggo diwènèhké marang abdiné Gusti Allah sing bener. Èlisa kandha, ”Wènèhna kuwi marang wong-wong iki bèn dipangan.” 43  Ning pelayané kandha, ”Panganan iki ora cukup kanggo wong 100.”+ Èlisa kandha, ”Wènèhna waé marang wong-wong iki bèn dipangan, merga iki sing diomongké Yéhuwah, ’Wong-wong kuwi bakal mangan, malah bakal turah.’”+ 44  Bar kuwi, panganan kuwi diwènèhké, terus wong-wong kuwi padha mangan, malah isih turah,+ persis kaya sing diomongké Yéhuwah.

Katrangan Tambahan

”Keturunané nabi” mungkin maksudé sekolah kanggo para nabi utawa kumpulan para nabi.
Utawa ”Celuken”.
Utawa ”Celuken”.
Utawa ”nyeluk”.
Maksudé, panggonan kanggo lungguh sing dipasang ing gegeré kéwan.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”Celuken”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”kematian”.