Ayub 29:1-25

  • Ayub ngéling-éling wektu dhèwèké durung ngalami masalah (1-25)

    • Diajèni karo wong-wong sing ana ing gerbang kutha (7-10)

    • Sing wis ditindakké Ayub kanggo nulungi wong liya (11-17)

    • Kabèh wong ngrungokké naséhaté Ayub (21-23)

29  Ayub neruské omongané,*   ”Coba nèk keadaanku kaya mbiyèn,Wektu Gusti Allah isih nglindhungi aku,   Wektu Dhèwèké kaya ngurubké lampu kanggo nuntun akuPas aku mlaku ing petengan,+   Wektu aku isih enom,Wektu aku nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah,+   Wektu Sing Mahakuwasa isih ndhukung aku,Wektu anak-anakku* isih ana ing cedhakku,   Wektu ternakku ngasilké susu sing akèh banget,*Lan wektu aku panèn minyak zaitun sing akèh banget.*+   Wektu aku biasa lunga ing gerbang kutha+Lan lungguh ing lapangan kutha,+   Cah-cah enom padha mènèhi dalan wektu weruh aku,Lan wong-wong tuwa padha ngadeg merga ngajèni aku.+   Para pejabat nutupi lambéné nganggo tanganLan ora ngomong manèh. 10  Wong penting padha meneng waé. Wong-wong kuwi ora isa ngomong apa-apa. 11  Wong sing ngrungokké aku bakal ngomong sing apik soal aku,Wong sing ndelok aku bakal mbéla aku. 12  Merga aku mesthi nulungi wong mlarat sing njaluk tulung.+ Aku ya nulungi bocah yatim lan sapa waé sing butuh ditulungi.+ 13  Wong sing arep mati bakal maturnuwun karo aku,+Lan para randha dadi seneng merga wis tak tulungi.+ 14  Aku mesthi nindakké sing bener,*Lan aku mesthi adil wektu nggawé keputusan.* 15  Aku dadi kaya mripat kanggo wong wutaLan dadi kaya sikil kanggo wong sing lumpuh. 16  Aku dadi bapak kanggo wong mlarat.+ Aku nulungi wong sing ora tak kenal bèn dhèwèké isa éntuk keadilan.+ 17  Kuwasané wong jahat tak remuk, kaya nèk aku ngremuk rahangé kéwan buas,+Lan wong-wong sing dadi korbané tak slametké. 18  Mbiyèn aku ngomong, ’Umurku bakal dawa,*+Lan aku bakal mati ing omahku* dhéwé. 19  Aku kaya wit sing akaré mrambat ing panggonan sing akèh banyuné,Lan embun bakal ana sewengi ing cabang-cabangku 20  Wong-wong bakal terus ngajèni aku. Lan kekuwatanku ora bakal entèk.’* 21  Wong-wong péngin banget ngrungokké omongankuLan padha meneng wektu nunggu aku mènèhi naséhat.+ 22  Sakwisé aku rampung ngomong, ora ana sing nambahi omonganku. Omonganku pénak dirungokké. 23  Wong-wong kuwi ngentèni aku kaya wong sing ngentèni udan. Wong-wong kuwi péngin cepet-cepet krungu omonganku, kaya wong sing ngentèni udan musim semi.+ 24  Wong-wong kuwi nganti ora percaya nèk aku gelem ngguyu karo wong-wong kuwi. Wektu ndelok nèk wajahku bahagia, wong-wong kuwi dadi semangat.* 25  Kaya pemimpin, aku mènèhi wong-wong kuwi préntah,Lan aku kaya raja sing ana ing antarané para prajurit,+Kaya wong sing menghibur wong sing sedhih.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”peribahasané”.
Utawa ”pembantu-pembantuku”.
Lit.: ”Wektu sikilku adus susu”.
Lit.: ”Lan wektu gunung watu terus ngesokké minyak kanggo aku”.
Lit.: ”Apa sing bener kuwi dadi klambiku”.
Lit.: ”Keadilanku kaya jubah lan serban”.
Utawa ”Dina-dinaku bakal akèh kaya pasir”.
Lit.: ”sarangku”.
Utawa ”Lan aku bakal terus manah nganggo tanganku”.
Utawa mungkin ”Wong-wong kuwi ora nggawé cahaya ing wajahku dadi peteng”.