Ayub 16:1-22

  • Jawabané Ayub (1-22)

    • ”Kowé ora menghibur, ning malah nggawé aku tambah susah” (2)

    • Nganggep nèk Gusti Allah nggawé dhèwèké dadi sasarané (12)

16  Ayub njawab,   ”Mbiyèn aku wis kerep krungu soal kuwi. Kowé ora menghibur, ning malah nggawé aku tambah susah.+   Nganti kapan kowé arep neruské omong kosongmu? Apa kowé*nesu kok nganti ngomong kaya ngono?   Nèk kowé dadi aku, lan aku dadi kowé,Aku ya isa ngomong kaya ngono. Aku isa waé ngèlèk-èlèk kowéLan gèdhèg-gèdhèg wektu ndelok kowé.+   Ning, aku ora kaya ngono. Aku bakal nguwatké kowé nganggo omonganku,Lan omonganku* bakal nentremké kowé.+   Nèk aku ngomong, kesusahanku ora ilang.+ Nèk aku mandheg ngomong, aku ya tetep susah.   Ning, saiki Gusti Allah nggawé aku kesel.+ Dhèwèké wis njupuk wong-wong sing manggon ing omahku.   Dhèwèké ya nggawé aku susah banget, lan wong liya ndelok kuwi. Aku dadi kuru, mula wong-wong mikir nèk aku sing salah.   Merga nesu, Dhèwèké mungsuhi aku lan kaya nyabik-nyabik aku.+ Dhèwèké nesu pas ndelok aku. Dhèwèké kaya mungsuh sing menthelengi aku.+ 10  Wong-wong ngécé aku.+ Wong-wong kuwi ngantem* pipiku merga arep ngrendhahké aku. Wong-wong kuwi ya ngroyok aku.+ 11  Gusti Allah meneng waé wektu aku diserang karo bocah-bocah lanang,Lan Dhèwèké meneng waé wektu wong jahat padha njahati aku.+ 12  Mbiyèn uripku tenang, tapi ujug-ujug Dhèwèké nggawé uripku hancur.+ Aku ngrasa guluku dicekel saka mburi, lan aku dibanting. Dhèwèké nggawé aku dadi sasaran hukumané. 13  Aku kaya dikepung karo para pemanahé.+ Dhèwèké ora mesakké karo aku, lan panahé nusuk ginjalku.+ Rasané kaya jeroanku metu kabèh. 14  Aku kaya témbok sing bola-bali dijebol,Dhèwèké nyerang aku kaya prajurit perang. 15  Aku njait kain goni kanggo nutupi kulitku,+Aku lungguh ing awu. Aku direndhahké lan ora nduwé kekuwatan.+ 16  Merga nangis, wajahku dadi abang,+Lan mripatku abuh. 17  Aku durung tau nyilakani wong liya,Lan aku tulus ndonga. 18  Bumi, getihku aja mbok tutupi.+ Bèn waé aku terus-terusan mbengok. 19  Aku nduwé seksi ing swarga sing isa mbuktèkké nèk aku ora salah. Dhèwèké sing ana ing swarga isa mbéla aku. 20  Kanca-kancaku ngécé aku.+ Karo nangis, aku njaluk tulung marang Gusti Allah.+ 21  Muga-muga ana sing nengahi wektu manungsa nduwé masalah karo Gusti Allah,Kaya wong sing nengahi wektu ana wong sing nduwé masalah karo kancané.+ 22  Uripku wis ora suwé manèh. Aku bakal mati lan ora ana manèh.+

Katrangan Tambahan

Maksudé, Élifaz.
Lit.: ”lambéku”.
Utawa ”ngampleng”.