Ayub 30:1-31
30 ”Tapi saiki wong-wong kuwi ngécé aku,+Wong-wong sing luwih enom timbang aku,Sing bapaké waé tak anggep ora pantesNjaga ternakku bareng karo asu-asuku.
2 Wong-wong kuwi ora nggunakké kekuwatané kanggo mbantu aku.
Wong-wong kuwi kentèkan tenaga.
3 Wong-wong kuwi ora nduwé tenaga merga mlarat lan kelaparan.
Wong-wong kuwi ngunyah apa waé sing ana ing lemah sing gersang,Lemah sing wis rusak lan ora kopèn.
4 Saka semak-semak, wong-wong kuwi ngumpulké godhong sing rasané asin.
Wong-wong kuwi mangan akaré semak-semak.*
5 Wong-wong kuwi diusir saka kutha.+
Wong-wong mbengoki wong-wong kuwi kaya mbengoki maling.
6 Wong-wong kuwi manggon ing lèrèng jurang,*Ing lubang sing ana ing njero lemah lan gunung watu.
7 Wong-wong kuwi bengok-bengok njaluk tulung saka semak-semakLan uyel-uyelan ing antarané tanduran liar.
8 Wong-wong kuwi keturunané wong sing bodho lan sing ora ana gunané,Mula wong-wong kuwi diusir saka kutha.
9 Ning saiki, wong-wong kuwi nyanyi lagu kanggo ngécé aku.+
Wong-wong kuwi wis nggawé aku isin.+
10 Wong kuwi ngedohi aku lan sengit karo aku.+
Wong-wong kuwi ngidoni raiku.+
11 Merga Gusti Allah ngrendhahké aku lan nggawé aku ora nduwé kekuwatan manèh,Wong-wong kuwi ora ragu-ragu nglawan aku.
12 Wong-wong kuwi kroyokan nyerang aku saka tengen.
Merga wong-wong kuwi, aku kudu mlayu.
Wong-wong kuwi masang jebakan bèn isa nggawé aku sengsara.
13 Wong-wong kuwi ngrusak dalankuLan nggawé aku tambah sengsara.+
Ora ana sing ngendhegké* wong-wong kuwi.
14 Wong-wong kuwi teka kaya ngliwati témbok sing dijebol.
Wong-wong kuwi nyerbu panggonan sing wis rusak.
15 Aku dadi wedi banget.
Aku ora diajèni manèh kaya debu sing kabur kena angin,Lan aku ora nduwé harapan manèh bèn isa dibébaské.
16 Saiki, aku wis arep mati.+
Saben dina aku ngrasa susah.+
17 Pas bengi, balung-balungku lara banget.+
Balungku rasané linu banget lan ora ilang-ilang larané.+
18 Klambiku* ditarik kenceng bangetNganti nekak aku, kaya kerah klambi sing sesak.
19 Gusti Allah wis nguncalké aku ing lumpur,Nganti aku dadi kaya debu lan awu.
20 Aku njaluk tulung, ning Njenengan ora ngrungokké aku.+
Aku ngadeg merga arep ndonga marang Njenengan, ning Njenengan mung ndelok thok.
21 Njenengan wis kejem karo aku lan mungsuhi aku.+
Njenengan nyerang aku nganggo kekuwatan-Mu sing gedhé.
22 Njenengan kaya ngangkat aku bèn aku kabur kena anginLan nguncalké aku ing badai.
23 Aku ngerti nèk Njenengan bakal nggawé aku mati
Lan lunga ing panggonan sing akhiré bakal ditekani kabèh wong.
24 Ning, apa ya ana wong sing téga ngantem* wong sing susah*+Wektu wong kuwi njaluk tulung merga ngalami kesusahan?
25 Mbiyèn aku nangisi wong sing susah,Lan aku sedhih merga ndelok wong mlarat.+
26 Aku péngin bahagia, tapi aku malah ngalami kesusahan.
Aku ngentèni padhang, tapi aku malah ndelok peteng.
27 Atiku terus-terusan susah.
Saben dina aku ngalami kesusahan.
28 Aku mlaku karo sedhih.+ Aku putus asa.*
Pas ana ing antarané wong akèh, aku ngadeg lan bengok-bengok njaluk tulung.
29 Aku dadi kaya seduluré asu liarLan kancané manuk unta.+
30 Kulitku dadi ireng lan ngglodhogi.+
Penyakitku nggawé balung-balungku rasané panas.
31 Harpaku mung dimainké pas wong-wong lagi sedhih,Lan sulingku mung digunakké kanggo ngiringi swara wong nangis.
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”semak-semak ing padhang pasir”.
^ Utawa ”wadi”.
^ Utawa mungkin ”sing ndhukung”.
^ Mungkin maksudé kulité Ayub.
^ Utawa ”ngampleng”.
^ Lit.: ”tumpukan reruntuhan”.
^ Utawa ”Aku ora isa ndelok sinar matahari”.