Ayub 26:1-14

  • Jawabané Ayub (1-14)

    • ”Kowé wis kerep mbantu wong sing susah” (1-4)

    • ’Gusti Allah nggantung bumi tanpa canthèlan’ (7)

    • ”Kuwi mung sithik saka hasil gawéané” (14)

26  Ayub njawab,  2  ”Kowé wis kerep mbantu wong sing susah. Kowé ya wis kerep nylametké wong sing ora nduwé kekuwatan.+  3  Naséhatmu marang wong sing ora wicaksana kuwi apik banget.+ Akèh banget kawicaksananmu sing mbok omongké.  4  Kowé arep ngomong karo sapa? Sapa sing ngandhani kowé bèn ngomong kaya ngéné iki?*  5  Merga kuwasané Gusti Allah, wong mati* kaya nganti ndredheg. Wong-wong kuwi luwih rendhah timbang laut lan kabèh kéwan sing ana ing kono.  6  Gusti Allah isa ndelok kabèh sing ana ing njero Kuburan,*+Malah Dhèwèké isa ndelok awaké wong mati hancur ing kono.*  7  Dhèwèké nggelar langit ing angkasa+Lan nggantung bumi tanpa canthèlan.  8  Dhèwèké ngisi méga nganggo banyu,+Ning, méga kuwi ora pecah merga kabotan banyu.  9  Dhèwèké nutupi takhtanéNganggo méga bèn ora kétok.+ 10  Dhèwèké nggawé batas* antarané langit lan laut.+ Dhèwèké nggawé batas antarané padhang lan peteng. 11  Cagak-cagaké langit goncangLan ndredheg merga krungu swarané Gusti Allah sing banter banget. 12  Nganggo kuwasané,+ Dhèwèké nggawé ombak ing laut dadi gedhé banget,Lan nganggo pemahamané, Dhèwèké matèni kéwan laut sing gedhé banget.*+ 13  Dhèwèké nggunakké angin* bèn langit dadi resik. Dhèwèké matèni ula sing mlayuné cepet banget. 14  Kuwi mung sithik saka hasil gawéané.+ Awaké dhéwé mung krungu swarané sing lirih banget. Dadi, sapa sing isa paham swara bledhègé sing banter banget?”+

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”Napasé sapa sing metu saka kowé?”
^ Utawa ”wong mati sing wis ora nduwé kekuwatan manèh”.
^ Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”Lan Dhèwèké ndelok Abadon ora ketutup”.
^ Lit.: ”lingkaran”.
^ Lit.: ”Rahab”.
^ Utawa ”napasé”.