Ayub 8:1-22

  • Omongané Bildad sing pertama (1-22)

    • Bildad kandha nèk anak-anaké Ayub wis nggawé dosa (4)

    • ’Nèk kowé pancèn tulus, Gusti Allah mesthi bakal nglindhungi kowé’ (6)

    • Bildad kandha nèk Ayub kuwi wong jahat (13)

8  Bildad+ wong Syuah+ kuwi njawab,   ”Nganti kapan kowé ngomong kaya ngono terus?+ Omonganmu kuwi ora mutu.*   Apa Gusti Allah bakal tumindak ora adil,Utawa apa Sing Mahakuwasa bakal tumindak ora bener?   Nèk anak-anakmu lanang nggawé dosa marang Dhèwèké,Dhèwèké bakal ngukum wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi mbrontak.   Tapi nèk kowé nggolèki Gusti Allah,+Lan njaluk bèn Sing Mahakuwasa mesakké kowé,   Nèk kowé pancèn tulus lan jujur,+Dhèwèké bakal nggatèkké kowéLan nggawé keadaanmu kaya mbiyèn manèh.   Senajan saiki kowé direndhahké,Sukmbèn kowé bakal makmur.+   Coba takon karo wong-wong jaman mbiyèn,Lan gatèkna apa sing wis dingertèni nènèk moyangé wong-wong kuwi.+   Awaké dhéwé iki bayi wingi soré, lan awaké dhéwé ora ngerti apa-apa,Uripé awaké dhéwé ing bumi iki mung sedhéla.* 10  Wong-wong kuwi bakal ngajari kowéLan ngandhani kowé apa sing dingertèni wong-wong kuwi. 11  Apa wit papirus* isa dadi gedhé nèk ora ditandur ing rawa? Apa suket-suket dhuwur isa thukul nèk ora ana banyu? 12  Senajan tanduran kuwi kembangé isih kuncup lan durung dipethik,Tanduran kuwi bakal luwih cepet layu timbang tanduran liyané. 13  Kaya ngono kuwi akibaté* nèk lali karo Gusti Allah,Merga wong sing jahat* ora bakal nduwé harapan manèh, 14  Sing dipercaya wong-wong kuwi ora ana gunané,Sing dipercaya wong-wong kuwi ringkih kaya sarang* laba-laba. 15  Dhèwèké bakal sèndhèran ing omahé, tapi omahé bakal ambruk. Dhèwèké bakal cekelan omahé, tapi omahé ora bakal kuwat. 16  Dhèwèké kaya tanduran sing disirami ing ngisoré sinar matahari,Lan tunas-tunasé ngebaki kebon.+ 17  Akaré nggubed tumpukan watu,Tanduran kuwi nggolèk panggonan ing watu-watu. 18  Ning wektu dhèwèké dicabut saka panggonan kuwi,Panggonan kuwi ora bakal ngakoni dhèwèké, terus kandha, ’Aku durung tau ndelok kowé.’+ 19  Tanduran kuwi bakal ilang.+ Terus tanduran liyané bakal thukul ing panggonan kuwi. 20  Gusti Allah ora bakal ninggalké wong sing setya.* Gusti Allah ora bakal ndhukung wong sing jahat. 21  Dhèwèké bakal nggawé kowé ngguyu manèh Lan nggawé kowé mbengok merga seneng. 22  Wong sing sengit karo kowé bakal digawé isin,Lan kémahé wong sing jahat ora bakal ana manèh.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”Omonganmu kuwi kaya angin sing banter”.
Lit.: ”mung kaya bayangan”.
Deloken ctn. ing Pa 2:3.
Lit.: ”Kaya ngono kuwi dalané”.
Utawa ”murtad”.
Lit.: ”omah”.
Utawa ”wong sing ora salah”.