Ayub 40:1-24

  • Pitakonan-pitakonané Yéhuwah (1-24)

    • Ayub ngakoni nèk dhèwèké ora ngerti kudu ngomong apa (3-5)

    • ’Apa kowé ora percaya nèk Aku adil?’ (8)

    • Gusti Allah njelaské kekuwatané kuda nil (15-24)

40  Yéhuwah ngomong manèh karo Ayub,   ”Apa pantes manungsa nggolèk kesalahané Sing Mahakuwasa lan wani nglawan Dhèwèké nganggo omongan?+ Nèk ana wong sing péngin nyalahké Gusti Allah, bèn waé dhèwèké ngomong.”+   Ayub njawab Yéhuwah,    ”Aku iki dudu sapa-sapa.+ Aku isa njawab apa? Aku bakal meneng waé.+   Aku wis bola-bali ngomong,Dadi aku ora bakal njawab utawa ngomong manèh.”   Saka njero badai,+ Yéhuwah njawab Ayub,   ”Kowé kudu tegap kaya wong lanang sing kuwat. Aku arep takon karo kowé, lan kowé kudu njawab Aku.+   Apa kowé ora percaya nèk Aku iki adil? Apa kowé bakal nyalahké Aku bèn kowé kétok bener?+   Apa kekuwatanmu kaya kekuwatané Gusti Allah,+Utawa apa swaramu isa kaya swarané Gusti Allah sing banteré kaya bledhèg?+ 10  Coba buktèkna nèk kowé nduwé kuwasa lan kuwat. Duduhna nèk kowé hébat lan pantes dihormati. 11  Nèk kowé arep ngamuk, ya ngamuka. Gatèkna wong sing sombong lan rendhahna dhèwèké. 12  Gatèkna wong sing sombong, lan gawénen dhèwèké isin. Wong sing jahat kudu mbok idak-idak ing panggonané. 13  Kuburen wong-wong kuwi ing njero debu. Wong-wong kuwi* kudu mbok talèni ing Kuburan. 14  Nèk nganti kowé isa ngono kuwi, Aku bakal ngakoniNèk kowé isa nylametké awakmu nganggo kekuwatanmu dhéwé. 15  Deloken kuda nil,* sing Tak ciptakké kaya Aku nyiptakké kowé. Dhèwèké mangan suket kaya sapi. 16  Sikilé kuwat banget. Kekuwatané ana ing otot-otot sing ana ing wetengé. 17  Buntuté atos kaya kayu aras.* Otot-otot ing pupuné kaya dianyam. 18  Balungé kaya pipa tembaga. Sikilé kaya tongkat wesi. 19  Dhèwèké sing paling hébat* saka antarané sing digawé Gusti Allah. Ora ana sing isa matèni dhèwèké nganggo pedhang, kecuali Sing Nggawé. 20  Gunung-gunung ngasilké pangan kanggo dhèwèké. Ing kana, kéwan-kéwan liar padha dolan. 21  Dhèwèké turu ing ngisoré semak berduri,Dhèwèké ditutupi suket-suket dhuwur ing rawa. 22  Dhèwèké ketutupan bayangané semak berduri,Lan ing sekitaré ana wit-wit* sing thukul ing lembah*. 23  Senajan kaliné mili deres banget, dhèwèké ora wedi. Dhèwèké tetep tenang senajan rainé kena arus Kali Yordan+ sing banter banget. 24  Apa ana sing isa nangkep dhèwèké saka ngarep,Utawa nusuk irungé nganggo kait?*

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Wajahé wong-wong kuwi”.
Basa Ibraniné yaiku Béhémot.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Lit.: ”sing awal”.
Ing basa Ibrani, kuwi maksudé wit sing biasa thukul ing pinggir kali ing Timur Tengah. Ing basa Inggris, kuwi disebut ”Poplar”.
Utawa ”wadi”.
Lit.: ”jerat”.