Ayub 10:1-22

  • Ayub neruské omongané (1-22)

    • ’Ngapa Gusti Allah mungsuhi aku?’ (2)

    • Gusti Allah béda banget karo Ayub (4-12)

    • ’Muga-muga aku rada tenang’ (20)

10  ”Aku sengit karo uripku.+ Aku bakal ngomongké kabèh sambatku. Aku bakal ngomong merga aku susah banget.  2  Aku bakal ngomong karo Gusti Allah, ’Aja nganggep aku salah. Omonga karo aku ngapa Njenengan mungsuhi aku.  3  Apa manfaaté nèk Njenengan nindhes aku,Sengit karo ciptaan-Mu dhéwé,+Lan seneng karo naséhaté wong sing jahat?  4  Apa mripaté Njenengan kuwi mripaté manungsa,Apa Njenengan ndelok kaya nèk manungsa ndelok?  5  Apa umuré Njenengan kaya umuré manungsa? Apa umuré Njenengan ana batesé kaya umuré manungsa,+  6  Nganti Njenengan nggolèki salahkuLan terus nggolèki dosaku?+  7  Njenengan ngerti nèk aku ora salah.+ Ora ana sing isa nylametké aku saka tangan-Mu.+  8  Tangan-Mu dhéwé sing nyiptakké aku,+Tapi saiki Njenengan arep matèni aku.  9  Tulung élinga nèk Njenengan nggawé aku saka tanah liat,+Tapi saiki Njenengan nggawé aku bali manèh dadi debu.+ 10  Kan Njenengan sing ndèlèhké aku ing wetengé ibukuLan sing mbentuk aku, ta?* 11  Njenengan mbungkus aku nganggo kulit lan daging,Lan Njenengan nggawé aku saka balung lan otot.+ 12  Njenengan mènèhi aku urip lan nresnani aku.* Njenengan nggatèkké lan njaga aku.*+ 13  Ning sakjané Njenengan meneng-meneng nggawé rencana bèn isa njahati aku.* Aku ngerti nèk kabèh iki saka Njenengan. 14  Njenengan mesthi ngerti nèk aku nggawé dosa,+Lan Njenengan ora ngapura kesalahanku. 15  Nèk aku salah, aku mesthi cilaka. Malah nèk aku ora salah, aku tetep ora percaya diri,*+Merga aku rumangsa direndhahké lan susah banget.+ 16  Nèk aku percaya diri,* Njenengan bakal mburu aku kaya singa,+Lan Njenengan nduduhké kuwasa-Mu manèh kanggo nggawé aku cilaka. 17  Njenengan nggawa seksi-seksi sing anyar kanggo nglawan aku Lan Njenengan saya nesu karo aku. Aku terus ngalami kesusahan. 18  Ngapa Njenengan ngetokké aku saka wetengé ibuku?+ Kuduné aku mati sakdurungé ana wong sing ndelok aku.* 19  Dadi, kaya-kayané aku ora tau ana,Saka njero weteng langsung dikubur.’ 20  Uripku mung tinggal sedhéla, ta?+ Mula, kuduné Gusti Allah ora ngganggu aku. Kuduné Gusti Allah ora nggatèkké aku, bèn aku rada tenang.*+ 21  Sakdurungé aku lunga lan ora bali,+Lunga menyang panggonan sing peteng banget,+ 22  Menyang panggonan sing suram,Panggonan sing kisruh lan ditutupi bayangan. Ing kana, sing padhang kétok peteng.”

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”Kan Njenengan sing ngesokké aku kaya susu lan nggawé aku kenthel kaya kèju?”
^ Utawa ”uripku; napasku”.
^ Utawa ”lan mènèhi aku katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
^ Lit.: ”Ning kabèh iki mbok simpen ing njero ati-Mu”.
^ Lit.: ”aku ora isa ndhangak”.
^ Lit.: ”Nèk aku ndhangak”.
^ Lit.: ”ana mripat sing ndelok aku”.
^ Utawa ”rada seneng”.