Ayub 17:1-16

  • Ayub neruské omongané (1-16)

    • ”Wong-wong sing ngécé aku ana ing sekitarku” (2)

    • ’Gusti Allah nggawé bèn wong-wong ngécé aku’ (6)

    • ”Kuburan bakal dadi omahku” (13)

17  Aku wis ora nduwé kekuwatan manèh lan wis arep mati. Wis ana kuburan sing disiapké kanggo aku.+  2  Wong-wong sing ngécé aku ana ing sekitarku.+ Aku kepeksa ndelok tumindaké wong-wong sing seneng mbrontak kuwi.  3  Gusti Allah, Njenengan kudu janji karo aku nèk bakal ndhukung aku. Nèk dudu Njenengan, terus sapa sing isa nulungi aku?+  4  Njenengan nggawé wong-wong kuwi ora nduwé pemahaman.+ Kuwi sebabé Njenengan nggawé wong-wong kuwi ora isa menang.  5  Wong-wong kuwi ngomong karo kanca-kancané nèk arep mbagi-mbagi duwèké,Padahal anak-anaké ora isa ndelok jelas manèh merga ngelih* banget.  6  Gusti Allah wis nggawé bèn wong-wong padha ngécé aku,+Lan wong-wong kuwi ngidoni wajahku.+  7  Mripatku dadi ora isa ndelok jelas manèh merga aku sengsara banget.+ Awakku dadi kuru banget.  8  Wong sing bener nggumun wektu ndelok keadaanku. Wong sing ora salah ora nyaman nèk ndelok wong sing jahat.*  9  Wong sing bener bakal terus tumindak bener,+Lan wong sing ora salah bakal saya kuwat.+ 10  Ayo, teruské waé omonganmu,Merga kowé kabèh ora nduwé pengetahuan.+ 11  Uripku ora suwé manèh.+ Rencanaku lan kepénginan sing ana ing njero atiku wis ora ana manèh.+ 12  Kanca-kancaku ngomong nèk saiki wis awan, padahal isih bengi. Wong-wong kuwi kandha nèk sedhéla manèh padhang, padahal sing tak delok mung peteng. 13  Aku arep ngentèni sedhéla manèh, lan Kuburan* bakal dadi omahku.+ Ing kono, aku bakal turu ing petengan.+ 14  Lubang kuburan+ bakal tak sebut ’Bapakku’Lan sèt bakal tak sebut ’Ibuku lan adhiku wédok’. 15  Terus apa harapanku?+ Apa ana sing ngerti nèk aku isih nduwé harapan? 16  Wektu mati,* aku ora nduwé harapan manèh. Aku bakal dadi debu.”+

Cathetan Ngisor

^ Utawa ”luwé”.
^ Utawa ”murtad”.
^ Utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa ”Wektu mudhun ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.