Ayub 19:1-29

  • Jawabané Ayub (1-29)

    • Ayub ora trima disalahké ”kanca-kancané” (1-6)

    • Ayub kandha nèk dhèwèké diedohi (13-19)

    • ”Ana sing bakal nebus aku” (25)

19  Ayub njawab,  ”Nganti kapan kowé arep nggawé aku* nesu+Lan ngomong sing nglarani atiku?+   Wis ping sepuluh kowé nyalahké* aku. Kowé ora isin wis kasar karo aku.+   Nèk aku pancèn salah,Ya kuwi urusanku.   Nèk kowé ngrasa luwih apik timbang akuLan nganggep aku pantes mbok unèk-unèkké,   Kowé kudu ngerti nèk sakjané Gusti Allah sing ora adil karo aku. Gusti Allah kaya nangkep aku nganggo jaring.   Aku terus sambat merga kesusahanku, tapi ora ana sing njawab.+ Aku terus njaluk tulung, tapi ora ana sing mbéla aku.+   Dalanku kaya dialang-alangi nganggo témbok watu bèn aku ora isa liwat,Lan dalanku digawé peteng karo Dhèwèké.+   Dhèwèké nggawé aku ngrasa ora nduwé harga diri manèh,Lan dhèwèké ngrendhahké aku.* 10  Aku kaya bangunan sing bener-bener dihancurké. Dhèwèké nyerang aku nganti aku mati. Dhèwèké nggawé aku ora nduwé harapan manèh kaya wit sing dicabut. 11  Dhèwèké nesu karo akuLan nganggep aku mungsuhé.+ 12  Kabèh prajurité kaya ngepung akuLan ngedegké kémah ing sekitaré kémahku. 13  Dhèwèké nggawé sedulurku ngedohi aku,Lan kenalan-kenalanku ninggalké aku.+ 14  Kanca-kancaku* waé ninggalké aku,Lan wong-wong kuwi ora kèlingan karo aku.+ 15  Tamu ing omahku+ lan budhakku wédok padha pangling karo aku. Wong-wong kuwi nganggep aku kaya wong asing. 16  Aku ngundang* pembantuku. Aku njaluk dimesakké, ning dhèwèké ora perduli. 17  Bojoku waé jijik karo ababku,+Lan kakang adhiku ora gelem nyedhak merga aku mambu. 18  Bocah-bocah cilik waé ngrèmèhké aku. Saben weruh aku, bocah-bocah kuwi mesthi ngécé aku. 19  Kanca-kanca akrabku sengit karo aku,+Lan wong-wong sing tak tresnani dadi nglawan aku.+ 20  Awakku tinggal balung karo kulit thok.+ Aku wis arep mati, ning ora sida. 21  Tulung mesakké aku. Kanca-kancaku, tulung mesakké aku,Merga Gusti Allah wis nggawé aku susah.*+ 22  Ngapa kok kowé terus nganiaya aku kaya sing ditindakké Gusti Allah?+ Apa kowé ora kesel terus-terusan nyerang aku?*+ 23  Kuduné omonganku ditulis Lan dicathet ing buku. 24  Kuduné kuwi diukir ing watu nganggo wesi sing lancip bèn tetep ana nganti sakterusé,Terus ukiran kuwi diisi nganggo timah panas. 25  Aku ngerti nèk ana sing bakal nebus* aku.+ Dhèwèké bakal teka lan nguwasani bumi. 26  Senajan kulitku wis rusak,Aku péngin ndelok Gusti Allah wektu aku isih urip, 27  Sing bakal tak delok dhéwé,Sing bakal tak delok nganggo mripatku dhéwé, dudu mripaté wong liya.+ Ning, aku bener-bener wis hancur.* 28  Kowé takon, ’Apa buktiné nèk aku nganiaya dhèwèké?’+ Kaya-kayané kabèh kuwi salahku dhéwé. 29  Kowé kudu wedi karo pedhang,+Merga nèk kowé salah, kowé bakal dihukum nganggo pedhang. Kowé kudu ngerti nèk hakim kuwi ana.”+

Katrangan Tambahan

Kata Ibraniné nefes. Deloken ”Jiwa” ing Daftar Istilah.
Utawa ”ngrendhahké”.
Lit.: ”dhèwèké njupuk mahkota saka sirahku”.
Utawa ”Sedulur-sedulurku”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Merga tangané Gusti Allah wis ndemèk aku”.
Lit.: ”kowé ora puas karo dagingku”.
Lit.: ”sing bakal nuku”.
Lit.: ”Aku gagal ginjal”.