Ayub 12:1-25
12 Ayub njawab,
2 ”Kowé pancèn nduwé akèh pengetahuan,Nèk kowé mati, ora ana wong sing nduwé pengetahuan manèh.
3 Ning, aku ya nduwé pengetahuan.*
Aku ora kalah karo kowé.
Kabèh ya ngerti apa sing mbok omongké kuwi.
4 Aku diguyu karo kanca-kancaku,+Merga aku ndonga marang Gusti Allah lan njaluk jawaban.+
Wong sing bener lan ora salah kaya aku malah diguyu.
5 Wong sing uripé pénak ngenyèk wong sing uripé susahLan mikir nèk kesusahan mung dialami wong sing ngadhepi masalah.*
6 Para perampok urip ayem tentrem ing omahé.+
Wong sing nglawan Gusti Allah uripé aman.+
Wong-wong kuwi nggawa brahalané sing disembah.
7 Ning, coba takona karo kéwan-kéwan, lan kéwan-kéwan kuwi bakal ngajari kowé.
Takona karo manuk-manuk ing langit, lan manuk-manuk kuwi bakal ngandhani kowé.
8 Gatèkna sing ana ing bumi, lan kuwi bakal ngajari kowé.
Gatèkna iwak-iwak ing laut, lan kowé bakal éntuk pengetahuan.
9 Saka antarané kabèh mau, sapa sing ora ngertiNèk Yéhuwah sing nggawé kabèh kuwi?
10 Uripé kabèh makhluk hidupLan napasé manungsa ana ing tangané.+
11 Kuping dienggo nguji kata-kata,Kaya ilat dienggo ngrasakké panganan.+
12 Jaréné, wong sing wis akèh umuré kuwi wicaksana,+Lan wong sing wis tuwa akèh pengetahuané.
13 Ning, sing nduwé kawicaksanan lan kekuwatan kuwi Gusti Allah.+
Dhèwèké sing nduwé pengetahuan, lan kabèh sing dikarepké mesthi bakal kelakon.+
14 Nèk Dhèwèké ngambrukké, kuwi ora isa dibangun manèh.+
Nèk Dhèwèké nutup, kuwi ora isa dibukak sapa waé.
15 Nèk Dhèwèké ngendhegké udan, lemah dadi garing.+
Nèk Dhèwèké nggawé udan, bumi dadi banjir.+
16 Dhèwèké nduwé kekuwatan lan kawicaksanan.+
Wong sing kesasar lan sing nggawé wong liya kesasar kuwi duwèké Gusti Allah.
17 Dhèwèké ngrendhahké wong sing wicaksana,*Lan Dhèwèké nggawé para hakim dadi bodho.+
18 Dhèwèké njupuk kuwasané para raja,+Lan nggawé para raja kuwi dadi budhak.
19 Dhèwèké ngrendhahké para imam,*+Lan Dhèwèké njupuk kedudukané wong sing kuwasané gedhé.+
20 Dhèwèké mbungkem cangkemé wong-wong sing naséhaté isa dipercayaLan nggawé wong-wong sing wis tuwa ora isa mikir manèh.
21 Dhèwèké ngrendhahké para pejabat,+Lan Dhèwèké nggawé wong sing kuwat dadi ora isa apa-apa.*
22 Dhèwèké ngandhani rahasia sing ana ing petengan,+Lan Dhèwèké madhangi panggonan sing peteng banget.
23 Dhèwèké nggawé bangsa-bangsa dadi kuwat bèn bangsa-bangsa kuwi isa disingkirké.
Dhèwèké nggawé bangsa-bangsa dadi saya gedhé bèn bangsa-bangsa kuwi isa ditawan.
24 Dhèwèké njupuk pengetahuané* para pemimpinLan nggawé wong-wong kuwi kesasar ing padhang pasir.+
25 Wong-wong kuwi grayah-grayah* ing petengan,+ ing panggonan sing ora ana cahayané.
Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi kaya wong mabuk sing mlakuné sempoyongan.+
Katrangan Tambahan
^ Lit.: ”nduwé ati”.
^ Lit.: ”wong sing sikilé sempoyongan”.
^ Lit.: ”nggawé para penaséhat mlaku cèkèran”.
^ Lit.: ”nggawé para imam cèkèran”.
^ Lit: ”nguculi sabuké wong sing kuwat”.
^ Lit.: ”atiné”.
^ Utawa ”meraba-raba”.