Ayub 27:1-23

  • Tékadé Ayub kanggo tetep setya (1-23)

    • ”Ora mungkin nèk aku ora setya marang Gusti Allah” (5)

    • Wong sing jahat ora nduwé harapan (8)

    • ”Ngapa kok sing mbok omongké kuwi ora ana gunané?” (12)

    • Kekayaané wong jahat bakal ilang (13-23)

27  Ayub neruské omongané,*   ”Aku sumpah ing ngarepé Gusti Allah sing langgeng, sing wis ora adil marang aku,+Aku sumpah ing ngarepé Gusti Allah sing langgeng lan sing Mahakuwasa, sing wis nggawé uripku susah,+   Saksuwéné aku isih ambeganLan aku isih nduwé napas sing diwènèhké Gusti Allah,+   Aku ora bakal ngomong sing ora bener,Lan aku ora bakal ngapusi.   Ora mungkin aku ngomong nèk kowé wong sing bener. Nganti aku mati, ora mungkin nèk aku ora setya marang Gusti Allah.+   Aku bakal tetep ngrasa nèk aku ora salah, lan aku bakal tetep kaya ngono.+ Saksuwéné aku urip, aku ora bakal rumangsa salah.   Bèn waé mungsuhku dihukum kaya wong jahat,Lan wong sing nglawan aku dihukum kaya wong sing ora bener.   Apa harapané wong sing jahat* wektu dhèwèké dipatèni+Lan wektu Gusti Allah nyabut nyawané?   Apa Gusti Allah bakal ngrungokké dhèwèkéWektu dhèwèké ngalami kesusahan?+ 10  Apa dhèwèké bakal ngrasa seneng merga Sing Mahakuwasa? Apa dhèwèké bakal terus ndonga marang Gusti Allah? 11  Kowé bakal tak kandhani soal kuwasané Gusti Allah. Kabèh soal Sing Mahakuwasa ora bakal tak dhelikké. 12  Nèk pancèn Gusti Allah ngandhani kowé liwat mimpi,Ngapa kok sing mbok omongké kuwi ora ana gunané? 13  Iki sing diwènèhké Gusti Allah kanggo wong sing jahat+Lan warisan sing diwènèhké Sing Mahakuwasa kanggo wong sing kejem: 14  Senajan anaké akèh, ning kabèh bakal dipatèni nganggo pedhang,+Lan keturunané bakal kurang pangan. 15  Keturunané sing isih urip bakal mati merga penyakit sing parah,Lan bojoné ora bakal nangisi wong-wong kuwi. 16  Senajan dhèwèké nyimpen pérak sing akèhé kaya debuLan nyimpen klambi sing apik sing akèhé kaya tanah liat, 17  Senajan kabèh kuwi dikumpulké,Ning klambi kuwi bakal dienggo wong sing bener,+Lan wong sing ora salah bakal mbagi-mbagi pérak mau. 18  Omah sing dibangun wong jahat bakal gampang ambruk kaya kepompongé serangga,*+Kaya gubug gawéané penjaga. 19  Dhèwèké bakal turu wektu isih sugih, tapi kekayaané bakal ilang.* Wektu dhèwèké tangi, kabèh kekayaané wis ora ana manèh. 20  Kabèh sing nggawé dhèwèké wedi bakal teka kaya banjir. Pas bengi, dhèwèké bakal kabur kena badai.+ 21  Dhèwèké bakal kabur kena angin wétan, lan dhèwèké bakal ora ana manèh. Dhèwèké bakal ilang saka panggonané merga angin kuwi.+ 22  Angin kuwi bakal terus-terusan nerjang dhèwèké+Wektu dhèwèké ngupaya mlayu saka angin kuwi.+ 23  Saka panggonané, kaya-kayané angin kuwi ngécéLan ngenyèk dhèwèké.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”peribahasané”.
Utawa ”murtad”.
Maksudé, ngengat sing ana ing Israèl. Serangga iki nduwé sayap papat kaya kupu. Sakdurungé nduwé sayap, serangga iki mangan kain.
Lit.: ”tapi dhèwèké ora bakal ngumpulké apa-apa”.