Ayub 25:1-6

  • Omongané Bildad sing ketelu (1-6)

    • ’Apa mungkin manungsa isa dianggep ora salah karo Gusti Allah?’ (4)

    • Ngomong nèk ora ana gunané manungsa setya (5, 6)

25  Bildad+ wong Syuah kuwi njawab,  2  ”Dhèwèké nduwé kuwasa, lan Dhèwèké nggawé wong dadi wedi. Dhèwèké nggawé swarga* dadi tentrem.  3  Apa kabèh pasukané isa diétung? Apa ana sing ora disinari cahayané?  4  Apa mungkin manungsa isa dianggep bener karo Gusti Allah?+ Apa mungkin manungsa isa dianggep ora salah?*+  5  Malah bulan waé ora dianggep padhang karo Dhèwèké,Lan bintang ya ora padhang kanggoné Dhèwèké.  6  Apa manèh manungsa, sing mung kaya sèt,Lan anaké manungsa, sing kaya cacing.”

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”panggonané sing dhuwur”.
^ Utawa ”dianggep murni”.