Ayub 36:1-33

  • Èlihu muji Gusti Allah sing hébat (1-33)

    • Sing manut bakal makmur, sing jahat bakal ditolak (11-13)

    • ’Apa ana guru sing kaya Gusti Allah?’ (22)

    • Ayub kuduné ngluhurké Gusti Allah (24)

    • ”Ora isa ngerti sepira gedhéné kuwasané Gusti Allah” (26)

    • Gusti Allah ngendhalèni udan lan kilat (27-33)

36  Èlihu neruské omongané,  2  ”Tulung njenengan sabar wektu aku njelaské,Merga aku sing dadi wakilé Gusti Allah isih arep ngomong.  3  Aku bakal ngandhani kabèh sing tak ngertèni,Aku bakal ngumumké nèk Sing Nyiptakké aku kuwi bener.+  4  Sing tak omongké iki bener. Sing tak omongké iki asalé saka Dhèwèké*+ sing ngerti sak kabèhé.  5  Gusti Allah kuwi kuwat+ lan ora ngrèmèhké sapa waé. Dhèwèké nduwé akèh pemahaman.  6  Dhèwèké ora nglindhungi wong sing jahat.+ Ning, Dhèwèké adil karo wong sing susah.+  7  Dhèwèké terus nggatèkké wong sing bener.+ Dhèwèké ndadèkké wong-wong kuwi raja,*+ lan wong-wong kuwi bakal mréntah saklawasé lan nduwé kuwasa sing gedhé.  8  Ning, nèk wong sing bener diranté,Lan nèk wong-wong kuwi ditalèni lan dadi susah,  9  Dhèwèké ngandhani nèk wong-wong kuwi wis nindakké sing salah,Lan kesombongané wong-wong kuwi wis nyebabké wong-wong kuwi nggawé pelanggaran. 10  Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi ngrungokké naséhatLan ngandhani wong-wong kuwi bèn ora nindakké sing salah manèh.+ 11  Nèk manut lan nyembah Dhèwèké,Wong-wong kuwi bakal urip makmurLan uripé bakal nyenengké.+ 12  Tapi, nèk ora manut, wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang*+Lan mati tanpa nduwé pengetahuan. 13  Wong sing jahat* bakal nesu. Wong-wong kuwi ora sambat njaluk tulung wektu Dhèwèké ngukum wong-wong kuwi. 14  Wong-wong kuwi mati wektu isih enom.+ Wong-wong kuwi urip* ing antarané para pelacur lanang.*+ 15  Ning, Gusti Allah* nylametké wong sing susah. Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi ngrungokké Dhèwèké wektu wong-wong kuwi ditindhes. 16  Dhèwèké mbébaské njenengan saka kesusahan,+Terus nggawa njenengan menyang panggonan sing aman, sing bébas saka kesusahan.+ Njenengan isa seneng merga ing méjané njenengan ana akèh panganan.+ 17  Terus, njenengan bakal puas wektu wong sing jahat dihukum,+Wektu hukuman lan keadilan ditindakké. 18  Ning, njenengan kudu ngati-ati. Aja nganti njenengan nesu banget nganti sengit karo wong liya,*+Lan aja nganti suap nggawé njenengan kesasar. 19  Nèk njenengan terus ngupayaLan terus sambat njaluk tulung, apa kuwi nggawé njenengan ora susah manèh?+ 20  Aja ngentèni bèn ndang bengi,Wektu wong-wong bali ing panggonané dhéwé-dhéwé. 21  Aja nganti njenengan péngin nindakké sing salah,Ning njenengan kudu sabar wektu ngalami kesusahan.+ 22  Gusti Allah dimulyakké merga kuwasané. Apa ana guru sing kaya Dhèwèké? 23  Sapa sing isa ngandhani Dhèwèké kudu tumindak piyé,+Utawa kandha karo Dhèwèké, ’Sing Njenengan tindakké kuwi salah’?+ 24  Aja lali ngluhurké tumindaké Gusti Allah+Sing biasa dinyanyèkké akèh wong.+ 25  Kabèh manungsa wis ndelok tumindaké,Ning manungsa ndelok saka kadohan. 26  Awaké dhéwé ora isa ngerti sepira gedhéné kuwasané Gusti Allah.+ Ora ana sing isa ngétung wis pirang taun Gusti Allah urip.+ 27  Tètèsé banyu ditarik munggah,+Lan akhiré dadi kabut lan udan. 28  Terus, méga-méga ngesokké banyu+Sing dadi udan ing bumi. 29  Apa ana sing ngerti piyé méga-méga isa nyebar,Lan piyé isa ana bledhèg saka langit?*+ 30  Deloken piyé Dhèwèké nggawé kilat nyamber*+ ing kana,Lan piyé Dhèwèké nutupi dhasar* laut nganggo banyu. 31  Dhèwèké nggunakké kabèh kuwi kanggo ngopèni* manungsa. Dhèwèké mènèhi manungsa pangan sing akèh banget.+ 32  Dhèwèké nyekel kilat nganggo tangané,Lan ngarahké kuwi bèn nyamber sasarané.+ 33  Bledhègé ngumumké nèk Dhèwèké teka. Malah ternak ngerti sapa* sing teka.

Cathetan Ngisor

^ Maksudé, Gusti Allah.
^ Utawa mungkin ”Dhèwèké nglantik raja-raja”.
^ Utawa ”senjata”.
^ Utawa ”murtad”.
^ Utawa mungkin ”mati”.
^ Lit.: ”para pelacur bait”.
^ Lit.: ”Dhèwèké”.
^ Lit.: ”nganti ngeploki wong liya”, iki maksudé ngécé utawa ngrendhahké.
^ Lit.: ”saka pondoké”.
^ Lit.: ”nyebar cahayané”.
^ Lit.: ”akar”.
^ Utawa mungkin ”mbéla kasusé”.
^ Utawa mungkin ”apa”.