Ayub 39:1-30

  • Saka kéwan sing diciptakké, kuwi nduduhké nèk manungsa ora ngerti apa-apa (1-30)

    • Kambing gunung lan kidang (1-4)

    • Keledai liar (5-8)

    • Sapi lanang liar (9-12)

    • Manuk unta (13-18)

    • Jaran (19-25)

    • Manuk alap-alap lan manuk elang (26-30)

39  ”Apa kowé ngerti kapan kambing gunung nglairké?+ Apa kowé tau ndelok kidang nglairké anaké?+   Apa kowé ngétung pirang sasi kéwan-kéwan kuwi meteng? Apa kowé ngerti kapan kéwan-kéwan kuwi nglairké?   Kéwan-kéwan kuwi mbungkuk wektu nglairké anaké,Lan akhiré ora ngrasakké lara manèh.   Anak-anaké dadi tambah gedhé lan kuwat ing padhang. Anak-anaké kuwi bakal lunga lan ora bali marang emboké.   Sapa sing ngeculké keledai liar,+Lan sapa sing ngeculké taliné keledai liar?   Aku wis nggawé padhang pasir dadi omahé Lan dhaérah sing akèh uyahé dadi panggonané.   Keledai liar kuwi ngedohi kutha sing ramé. Dhèwèké ora krungu swarané wong sing ngongkon dhèwèké kerja.   Dhèwèké mlaku mrana-mréné ing bukit-bukit, nggolèki padhang rumputLan tanduran sing ijo.   Apa sapi lanang liar gelem kerja kanggo kowé?+ Apa dhèwèké gelem turu ing kandhangé ternakmu? 10  Apa kowé isa nalèni sapi liar lan nggawa dhèwèké ing ladhang? Apa dhèwèké manut nèk mbok kongkon mbajak lemah* ing lembah? 11  Apa kowé bakal ngendelké kekuwatané sing gedhéLan ngongkon dhèwèké nggarap gawéanmu sing abot? 12  Apa kowé percaya nèk dhèwèké bakal bali nggawa panènanmu,*Lan apa dhèwèké bakal ngumpulké panènanmu ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian? 13  Manuk unta seneng banget wektu ngepak-ngepakké sayapé,Ning apa ujung sayap lan wuluné isa dibandhingké karo sayap lan wuluné bangau?+ 14  Dhèwèké ninggal endhogé ing lemah,Lan ndèlèhké kuwi ing debu bèn anget. 15  Dhèwèké lali nèk endhogé isa waé kepidak lan remuk,Lan kéwan liar isa waé ngidak-idak endhogé. 16  Dhèwèké kasar banget karo anak-anaké, kaya dudu anaké.+ Dhèwèké ora perduli nèk perjuangané nglairké anak dadi ora ana gunané. 17  Gusti Allah nggawé dhèwèké ora nduwé* kawicaksananLan ora mènèhi dhèwèké pemahaman. 18  Ning, wektu dhèwèké ngegarké lan ngepak-ngepakké sayapé,Dhèwèké ngécé jaran lan sing numpak. 19  Apa kowé sing mènèhi kekuwatan marang jaran?+ Apa kowé sing mènèhi dhèwèké rambut sing apik ing guluné? 20  Apa kowé isa nggawé dhèwèké mlumpat kaya walang? Swara napasé sing banter medèni banget.+ 21  Ing lembah, dhèwèké nggedrug-nggedrug lemah lan seneng merga nduwé kekuwatan.+ Dhèwèké mlayu ing panggonan perang.+ 22  Dhèwèké ora nduwé rasa wedi lan ora wedi apa-apa.+ Dhèwèké ora bakal mundur merga pedhang. 23  Wadhah panahé sing numpak obah-obah,Lan tombaké mengkilap. 24  Dhèwèké semangat banget maju.* Dhèwèké ora isa meneng waé* wektu krungu swara trompèt.* 25  Wektu krungu swara trompèt, dhèwèké ngetokké swara. Saka kadohan, dhèwèké wis ngerti nèk ana perangLan krungu swarané para pemimpin pasukan lan swarané wong sing mbengok pas perang.+ 26  Apa kowé sing ngajari manuk alap-alap mabur? Apa kowé ngajari dhèwèké mabur menyang kidul? 27  Apa kowé sing ngongkon manuk elang mabur ing ndhuwur+Lan nggawé sarang ing panggonan sing dhuwur,+ 28  Turu ing tebing pas bengi,Lan manggon ing tebing watu sing kuwat? 29  Saka kono, dhèwèké nggolèk pangan.+ Mripaté ndelok saka kadohan. 30  Anak-anaké ngisep getih. Ing endi waé ana bathang, dhèwèké mesthi ana ing kono.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nggaru lemah”.
Lit.: ”biji-bijianmu”.
Lit.: ”nggawé dhèwèké lali karo”.
Lit.: ”ngeleg lemah”.
Utawa mungkin ”Dhèwèké ora percaya”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.