Ayub 24:1-25

  • Ayub neruské omongané (1-25)

    • ’Apa sebabé Gusti Allah ora nentokké wektu kanggo ngukum manungsa?’ (1)

    • Ngomong nèk Gusti Allah meneng waé wektu ana kejahatan (12)

    • Wong dosa seneng nindakké kejahatan pas bengi (13-17)

24  ”Apa sebabé Sing Mahakuwasa ora nentokké wektu+ kanggo ngukum manungsa? Apa sebabé wong sing kenal Dhèwèké ora ngerti dina kuwi?*  2  Ana wong sing mindhah batas tanahé wong liya.+ Dhèwèké nyolong ternak lan kuwi digawa ing padhang rumputé dhéwé.  3  Dhèwèké nggawa lunga keledainé bocah yatimLan ngrebut sapi lanang duwèké randha kanggo jaminan utang.+  4  Dhèwèké nglarang wong mlarat mlaku ing dalan. Wong sing susah kudu mlayu merga wedi karo dhèwèké.+  5  Wong mlarat nggolèk pangan kaya keledai liar+ ing padhang belantara. Dhèwèké nggolèk pangan kanggo anak-anaké ing padhang pasir.  6  Dhèwèké kudu manèn ing ladhangé wong liya*Lan ngumpulké anggur saka kebon angguré wong jahat.  7  Wektu turu, dhèwèké wuda, ora nganggo klambi.+ Dhèwèké ora nduwé kemul wektu hawané adhem.  8  Awaké teles kabèh merga kudanan ing gunung. Dhèwèké mèpèt ing watu gedhé merga ora ana sing dienggo ngéyub.  9  Bocah yatim sing lagi nyusu dijupuk saka ibuné,+Lan klambiné wong mlarat dijupuk kanggo jaminan utang.+ 10  Wong-wong kuwi dipeksa mlaku wuda, ora nganggo klambi,Lan wong-wong kuwi ngelih* wektu nggawa hasil panèn. 11  Pas lagi panas-panasé, wong-wong kuwi kerja keras* ing pinggiré témbok sing ana ing kebon. Wong-wong kuwi meres anggur, ning wong-wong kuwi dhéwé ngelak.+ 12  Wong sing sekarat sambat ing kutha. Wong sing luka parah bengok-bengok njaluk tulung,+Ning Gusti Allah ora perduli.* 13  Ana wong-wong sing mbrontak nglawan cahaya sing padhang.+ Wong-wong kuwi ora ngerti tuntunanéLan ora manut karo préntahé. 14  Wong sing seneng matèni tangi ésuk-ésuk. Dhèwèké matèni wong sing susah lan mlarat,+Lan pas bengi dhèwèké dadi maling. 15  Wong sing seneng selingkuh ngentèni soré.+ Dhèwèké mbatin, ’Ora ana sing bakal ndelok aku,’+Lan dhèwèké nutupi wajahé. 16  Wektu bengi, wong-wong sing jahat mbobol omah. Pas awan, wong-wong kuwi ndhelik ing omahé,Lan ora gelem ndelok padhang.+ 17  Pas ésuk, wong-wong kuwi wedi metu, kaya wong liya sing wedi metu pas bengi. Ning, wong-wong kuwi ora wedi karo peteng sing nggawé wong liya wedi. 18  Ning, wong-wong kuwi cepet banget kesèrèt banyu kali. Tanahé wong-wong kuwi bakal dikutuk.+ Wong-wong kuwi ora bakal bali ing kebon angguré. 19  Kaya salju sing mencair pas musim kering lan pas hawané panas,Ya kaya ngono kuwi wong sing dosa bakal mati.*+ 20  Dhèwèké bakal dilalèkké ibuné. Awaké bakal dipangan sèt. Dhèwèké ora bakal diéling-éling manèh.+ Wong sing ora bener bakal diambrukké kaya wit. 21  Dhèwèké nggawé susah wong wédok sing mandhulLan kejem karo randha. 22  Gusti Allah* bakal nggunakké kekuwatané kanggo matèni wong sing kuwat. Senajan nduwé jabatan sing dhuwur, ning kuwi dudu jaminan nèk wong kuwi bakal tetep urip. 23  Gusti Allah* meneng waé wektu wong-wong kuwi ngrasa percaya diri lan aman,+Ning Gusti Allah ndelok kabèh tumindaké wong kuwi.+ 24  Wong kuwi diunggulké, ning mung sedhéla. Terus, wong kuwi ora ana manèh.+ Wong kuwi kaya wit biji-bijian sing dikethok+ lan dikumpulké. Wong kuwi direndhahké lan mati kaya wong liyané. 25  Sapa sing isa mbuktèkké nèk aku ngapusiLan mbuktèkké nèk omonganku salah?”

Cathetan Ngisor

^ Maksudé, dina wektu Gusti Allah ngukum manungsa.
^ Utawa mungkin ”kudu njupuk pakan kéwan ing ladhang”.
^ Utawa ”luwé”.
^ Utawa mungkin ”meres minyak”.
^ Utawa mungkin ”Gusti Allah ora nyalahké sapa-sapa”.
^ Utawa ”lunga ing Kuburan”, utawa ”Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
^ Lit.: ”Dhèwèké”.
^ Lit.: ”Dhèwèké”.