Ibrani 1:1-14
1 Jaman mbiyèn, Gusti Allah ngomong karo nènèk moyangé awaké dhéwé liwat para nabi ing akèh kesempatan lan nggunakké akèh cara.+
2 Tapi, ing akhir jaman iki, Gusti Allah ngomong karo awaké dhéwé liwat Anak+ sing wis dilantik dadi ahli warisé kabèh,+ lan Gusti Allah nggunakké dhèwèké kanggo nggawé donya* sak isiné.+
3 Dhèwèké nduduhké kemuliaané Gusti Allah,+ lan dhèwèké nduwé kepribadian sing padha persis karo Gusti Allah.+ Dhèwèké njaga bèn kabèh tetep ana nganggo omongané Gusti Allah* sing kebak kuwasa. Sakwisé nggawé awaké dhéwé resik saka dosa,+ dhèwèké lungguh ing sebelah tengené Gusti Allah sing Mahakuwasa ing swarga.+
4 Dhèwèké luwih unggul timbang para malaékat,+ merga dhèwèké nampa warisan jeneng sing luwih mulya timbang jenengé para malaékat.+
5 Apa Gusti Allah tau ngomong ngéné karo salah siji malaékat, ”Kowé anak-Ku. Mulai saiki, Aku dadi bapakmu”?+ Apa Gusti Allah tau ngomong ngéné karo malaékat, ”Aku bakal dadi bapaké, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku”?+
6 Ning, wektu ngutus manèh Anaké sing Pertama+ menyang donya, Gusti Allah ngomong, ”Kabèh malaékaté Gusti Allah kudu sujud marang dhèwèké.”
7 Sakliyané kuwi, Gusti Allah ngomong soal para malaékat, ”Dhèwèké nggawé para malaékaté dadi kuwat lan nggawé para abdiné+ kaya geni sing murub.”+
8 Ning, soal Anaké, Gusti Allah ngomong, ”Gusti Allah mènèhi njenengan kuwasa+ dadi raja saklawasé,* lan tongkat kerajaanmu kuwi tongkat keadilan.
9 Njenengan seneng karo apa sing bener lan sengit karo apa sing jahat. Kuwi sebabé Gusti Allah nglantik njenengan+ nganggo minyak lan nggawé njenengan luwih bahagia timbang kanca-kancané njenengan.”+
10 Terus, ana ayat sing kandha, ”Gusti, awalé Njenengan nggawé pondhasi bumi, lan Njenengan sing nyiptakké langit.
11 Kabèh kuwi bakal ora ana manèh, tapi Njenengan bakal tetep ana. Kabèh kuwi kaya klambi sing rusak.
12 Njenengan bakal nglempit bumi lan langit kaya nglempit jubah, lan kuwi kabèh bakal diganti kaya klambi. Ning, Njenengan ora tau berubah, lan uripmu ora ana akhiré.”+
13 Apa Gusti Allah tau ngomong ngéné karo malaékat, ”Lungguha ing sebelah tengen-Ku nganti mungsuh-mungsuhmu Tak gawé ana ing ngisor sikilmu”?+
14 Kabèh malaékat kuwi kan makhluk roh sing nglayani Gusti Allah, ta?+ Kabèh malaékat diwènèhi préntah karo Gusti Allah kanggo mbantu wong-wong sing bakal dislametké, ta?
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
^ Utawa mungkin ”Yésus”. Lit.: ”dhèwèké”.
^ Lit.: ”Gusti Allah kuwi takhtané njenengan”.