Ibrani 11:1-40

  • Artiné iman (1, 2)

  • Wong-wong sing dadi conto merga nduwé iman (3-40)

    • Wong sing ora nduwé iman ora mungkin isa nyenengké Gusti Allah (6)

11  Iman kuwi artiné tenanan yakin nèk apa sing diharapké mesthi bakal kelakon.+ Kuwi bukti sing nyata nèk apa sing ora kétok kuwi sakjané ana.  Merga wong-wong ing jaman mbiyèn* nduwé iman kaya ngono, Gusti Allah nduduhké nèk Dhèwèké seneng karo wong-wong kuwi.  Merga nduwé iman, awaké dhéwé ngerti nèk donya* sak isiné digawé liwat préntahé Gusti Allah. Dadi, Gusti Allah nggunakké apa waé sing ora kétok kanggo nyiptakké apa waé sing kétok.  Merga nduwé iman, Habèl mènèhké korban marang Gusti Allah, yaiku korban sing luwih berharga timbang korbané Kain.+ Merga Habèl nduwé iman, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener. Gusti Allah nduduhké kuwi pas nampa persembahané Habèl.+ Senajan wis mati, dhèwèké isih ngomong+ liwat imané.  Merga nduwé iman, Hénokh+ dipindhahké bèn dhèwèké ora mati kaya wong umumé. Dhèwèké ora ditemokké ing endi-endi merga Gusti Allah wis mindhahké dhèwèké.+ Sakdurungé Hénokh dipindhahké, Gusti Allah nduduhké nèk Dhèwèké seneng karo Hénokh.  Nèk wong ora nduwé iman, wong kuwi ora mungkin isa nyenengké Gusti Allah, merga sapa waé sing nyedhak marang Gusti Allah kudu percaya nèk Dhèwèké kuwi ana lan nèk Dhèwèké mènèhi upah marang wong-wong sing tenanan nggolèki Dhèwèké.+  Merga nduwé iman, Nuh+ manut karo Gusti Allah sakwisé dikandhani Gusti Allah soal apa waé sing durung kétok.+ Dhèwèké mbangun kapal+ kanggo nylametké keluargané. Liwat imané kuwi, Nuh nduduhké nèk donya iki pantes dihukum,+ lan merga imané kuwi, dhèwèké dianggep bener.  Merga nduwé iman, Abraham+ manut wektu Gusti Allah ngundang* dhèwèké. Dhèwèké mangkat ing panggonan sing bakal ditampa dadi warisan. Dhèwèké mangkat senajan ora ngerti arep lunga ing endi.+  Merga nduwé iman, Abraham manggon dadi wong asing ing tanah sing dijanjèkké kuwi.+ Dhèwèké manggon ing kémah-kémah+ bareng karo Ishak lan Yakub sing dadi ahli waris saka janji sing padha.+ 10  Kuwi merga Abraham ngarep-arep kutha sing nduwé pondhasi sing kokoh, sing dirancang lan dibangun Gusti Allah.+ 11  Merga nduwé iman, Sara meteng* senajan wis tuwa,+ merga dhèwèké yakin nèk Gusti Allah sing mènèhi janji kuwi setya.* 12  Mula, saka wong lanang siji sing wis tuwa banget,*+ ana akèh anak sing dilairké,+ sing jumlahé kaya bintang ing langit lan kaya pasir ing pantai sing ora isa diétung jumlahé.+ 13  Wong-wong kuwi tetep nduwé iman nganti mati senajan durung nampa apa sing dijanjèkké.+ Wong-wong kuwi kaya wis ndelok janji kuwi lan ngrasa seneng banget senajan janji kuwi isih bakal kelakon sukmbèn.+ Wong-wong kuwi ngandhani wong liya nèk wong-wong kuwi penduduk sementara lan wong asing ing negara kuwi. 14  Wong-wong sing ngomong kaya ngono kuwi nduduhké nèk wong-wong kuwi ngupaya tenanan nggolèk panggonan sing bakal dadi duwèké dhéwé. 15  Nèk wong-wong kuwi ngéling-éling terus panggonané sing wis ditinggalké,+ sakjané wong-wong kuwi isa waé bali. 16  Ning, wong-wong kuwi péngin banget éntuk panggonan sing luwih apik, yaiku panggonan sing asalé saka swarga. Mula, Gusti Allah ora isin disebut Gusti Allahé wong-wong kuwi,+ malah Gusti Allah wis nyiapké kutha kanggo wong-wong kuwi.+ 17  Merga nduwé iman, Abraham wis arep mènèhké Ishak dadi persembahan wektu dhèwèké diuji.+ Abraham seneng nampa sing dijanjèkké marang dhèwèké lan siap ngorbanké anaké siji-sijiné.+ 18  Padahal, dhèwèké wis dikandhani, ”Keturunan* sing dijanjèkké marang kowé kuwi asalé saka Ishak.”+ 19  Ning, Abraham yakin nèk Gusti Allah sanggup nguripké manèh anaké saka antarané wong mati, lan dhèwèké pancèn nampa anaké manèh saka kematian. Iki nduduhké apa sing bakal kelakon sukmbèn.+ 20  Merga nduwé iman, Ishak mberkahi Yakub+ lan Ésau+ lan ngandhani wong loro kuwi soal apa sing bakal kelakon sukmbèn. 21  Merga nduwé iman, Yakub, wektu wis arep mati,+ mberkahi anaké Yusuf loro+ lan sujud marang Gusti Allah karo nyekeli tongkaté.+ 22  Merga nduwé iman, Yusuf, wektu wis arep mati, ngomong nèk wong Israèl bakal metu saka Mesir. Dhèwèké ya mènèhi préntah bèn balung-balungé+ digawa metu saka Mesir. 23  Merga nduwé iman, wong tuwané Musa ndhelikké Musa nganti telung sasi sakwisé dhèwèké lair,+ merga wong tuwané Musa ora wedi karo préntahé raja+ lan ndelok nèk Musa kuwi nggantheng.+ 24  Merga nduwé iman, Musa, wektu wis gedhé,+ ora gelem disebut putuné Firaun.*+ 25  Dhèwèké milih ditindhes bareng karo umaté Gusti Allah timbang ngrasakké seneng sedhéla sing sumberé saka dosa. 26  Musa nganggep nèk dirèmèhké merga dadi Wong sing Dilantik* kuwi luwih berharga timbang kabèh hartané Mesir, merga dhèwèké wis ndelok upah sing bakal ditampa. 27  Merga nduwé iman, dhèwèké ninggalké Mesir+ lan ora wedi nèk raja nesu.+ Musa tetep sabar ngadhepi kesusahan, kaya wis ndelok Gusti Allah sing ora kétok.+ 28  Merga nduwé iman, dhèwèké ngrayakké Paskah lan nyipratké getih ing lawang bèn malaékaté Gusti Allah ora matèni anak pertamané wong Israèl.+ 29  Merga nduwé iman, wong Israèl nyabrang Laut Merah kaya mlaku ing ndhuwuré lemah sing garing.+ Ning, wektu wong Mesir nyabrang, wong-wong kuwi kleleb.+ 30  Merga iman, témbok Yérikho rubuh sakwisé wong Israèl mlaku ngubengi témbok kuwi pitung dina suwéné.+ 31  Merga nduwé iman, Rahab, wong wédok sing dadi pelacur kuwi, ora mati bareng karo wong-wong liyané sing ora manut, merga Rahab apikan lan ramah wektu mata-mata kuwi teka.+ 32  Apa aku perlu nyritakké conto sing liyané? Wektuné ora cukup nèk aku crita soal Gidéon,+ Barak,+ Simson,+ Yéfta,+ Daud,+ Samuèl,+ lan nabi-nabi liyané. 33  Merga nduwé iman, wong-wong kuwi ngalahké kerajaan-kerajaan,+ nindakké apa sing bener, nampa janji-janji,+ nutup cangkemé singa,+ 34  matèni geni sing murub,+ isa mlayu wektu arep dipatèni nganggo pedhang,+ dadi kuwat senajan mauné lemah,+ dadi kuwat wektu perang,+ lan isa ngusir pasukan sing arep nyerang.+ 35  Wong-wong wédok isa ketemu manèh karo keluargané sing wis mati merga wis diuripké manèh.+ Wong-wong liyané ora gelem dibébaské,* malah milih disiksa bèn isa diuripké manèh nganggo cara sing luwih apik. 36  Sing liyané manèh diuji wektu diécé lan dipecuti, malah nganti diranté+ lan dipenjara.+ 37  Wong-wong kuwi imané diuji, dibandhemi* watu nganti mati,+ dipotong-potong nganggo graji, dipatèni nganggo pedhang,+ mung nganggo klambi saka kulit domba lan kulit kambing,+ ngalami kekurangan, sengsara,+ lan dianiaya.+ 38  Donya iki dudu panggonan sing pantes kanggo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi urip ing padhang gurun, ing gunung, ing guwa,+ lan ing lubang sing ana ing njero lemah. 39  Senajan Gusti Allah wis nduduhké nèk seneng karo wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi nduwé iman, kabèh wong kuwi ora nampa apa sing wis dijanjèkké kuwi. 40  Kuwi merga kèt mbiyèn Gusti Allah wis mikir nèk arep mènèhi awaké dhéwé upah sing luwih apik,+ mula wong-wong kuwi ora bakal dadi sampurna sakdurungé awaké dhéwé.*

Katrangan Tambahan

Utawa ”Merga nènèk moyangé awaké dhéwé”.
Utawa ”nèk sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”Sara éntuk kuwasa kanggo meteng benih”.
Utawa ”kuwi isa dipercaya”.
Lit.: ”wis mati”. Maksudé, wis ora isa nduwé anak.
Lit.: ”Benih”.
Utawa ”disebut anak lanang saka anaké wédok Firaun”.
Lit.: ”dadi Kristus”.
Utawa ”dibébaské nganggo tebusan”.
Utawa ”dibalangi”.
Lit.: ”tanpa awaké dhéwé”.