Ibrani 2:1-18

  • Nggatèkké luwih tenanan manèh (1-4)

  • Kabèh digawé tundhuk marang Yésus (5-9)

  • Yésus lan sedulur-seduluré (10-18)

    • Wakil Utama sing nylametké (10)

    • Imam agung sing nduwé rasa mesakké (17)

2  Kuwi sebabé awaké dhéwé perlu nggatèkké luwih tenanan manèh timbang biasané wektu awaké dhéwé ngrungokké,+ supaya awaké dhéwé ora keblasuk.+ 2  Nèk sing diomongké Gusti Allah marang nènèk moyangé awaké dhéwé liwat para malaékat kuwi+ kebukti isa dipercaya, lan nèk saben wong sing nglanggar hukum lan sing ora manut nampa hukuman sing pantes ditampa,+ 3  apa awaké dhéwé isa lolos nèk awaké dhéwé ora nggatèkké berita soal Gusti Allah sing bakal nylametké nganggo cara sing luar biasa?+ Berita kuwi mulai diwartakké Gustiné awaké dhéwé,+ lan wong-wong sing ngrungokké dhèwèké ngandhani awaké dhéwé soal berita kuwi. 4  Gusti Allah nduduhké nèk sing diomongké wong-wong kuwi bener. Gusti Allah nduduhké kuwi liwat mukjijat, tumindak sing ajaib,+ lan roh suci sing dibagèkké sesuai karo karepé.+ 5  Gusti Allah ora nggawé donya sing bakal teka,+ yaiku sing lagi tak omongké iki, tundhuk marang para malaékat. 6  Ning, ana seksi sing tau nulis, ”Manungsa kuwi apa ta, kok nganti Njenengan gelem éling karo dhèwèké? Kok nganti Njenengan gelem nggatèkké manungsa?+ 7  Njenengan nggawé dhèwèké luwih rendah sithik timbang para malaékat. Njenengan nggawé dhèwèké diajèni lan dihormati, lan Njenengan nglantik dhèwèké kanggo nguwasani sing wis mbok gawé.* 8  Njenengan nggawé kabèh tundhuk marang dhèwèké.”+ Merga Gusti Allah nggawé kabèh tundhuk marang dhèwèké,+ Gusti Allah ora bakal meneng waé nèk ana sing ora tundhuk marang dhèwèké.+ Saiki, awaké dhéwé pancèn durung ndelok kabèh tundhuk marang dhèwèké.+ 9  Ning, awaké dhéwé ndelok Yésus, sing digawé luwih rendah sithik timbang malaékat,+ diajèni lan dihormati merga dhèwèké wis sengsara nganti mati.+ Liwat sifaté Gusti Allah sing apikan banget, dhèwèké mati demi kabèh wong.+ 10  Kabèh ana liwat Gusti Allah lan demi kemuliaané Gusti Allah. Mula, bèn anak-anaké sing jumlahé akèh dimulyakké,+ pancèn cocog nèk Gusti Allah nggawé Wakil Utama sing nylametké+ anak-anak kuwi sampurna liwat kesengsaraan.+ 11  Sing nggawé suci lan sing digawé suci+ asalé saka Bapak sing padha.+ Kuwi sebabé dhèwèké ora isin nyebut wong-wong kuwi sedulur.+ 12  Dhèwèké kandha, ”Sedulur-sedulurku bakal tak kandhani jeneng-Mu. Aku bakal nyanyi lagu pujian kanggo Njenengan ing tengah-tengahé jemaat.”+ 13  Dhèwèké ya kandha, ”Aku bakal ngendelké Dhèwèké.”+ Dhèwèké kandha manèh, ”Iki aku lan anak-anak sing wis diwènèhké Yéhuwah* marang aku.”+ 14  Mula, merga ”anak-anak” kuwi manungsa, dhèwèké ya dadi manungsa.+ Dadi, liwat kematiané, dhèwèké isa nyingkirké sing nyebabké kematian,+ yaiku Iblis,+ 15  lan isa mbébaské kabèh wong sing saksuwéné uripé dadi kaya budhak merga wedi karo kematian.+ 16  Sing dibantu kuwi dudu para malaékat, ning keturunané* Abraham.+ 17  Kuwi sebabé dhèwèké kudu dadi bener-bener padha kaya sedulur-seduluré kuwi.+ Mula, dhèwèké isa dadi imam agung sing nduwé rasa mesakké lan setya marang Gusti Allah. Dhèwèké ya isa dadi korban kanggo dosa-dosané wong-wong,+ sing nggawé wong-wong kuwi rukun karo Gusti Allah.+ 18  Dhèwèké wis tau sengsara wektu diuji,+ dadi dhèwèké isa mbantu wong-wong sing lagi diuji.+

Cathetan Ngisor

^ Lit.: ”nguwasani sing digawé tangan-Mu”.
^ Deloken Lamp. A5.
^ Lit.: ”benihé”.