Ibrani 3:1-19
3 Mula, sedulur-sedulur sing suci, sing dipilih munggah swarga,+ gatèkna contoné Yésus.+ Awaké dhéwé ngakoni dhèwèké dadi rasul lan imam agung.
2 Dhèwèké setya marang Gusti Allah sing nglantik dhèwèké,+ kaya Musa wektu nglayani ing omahé Gusti Allah.+
3 Yésus dianggep pantes luwih dimulyakké+ timbang Musa, merga wong sing mbangun omah luwih berharga timbang omah kuwi dhéwé.
4 Saben omah mesthi dibangun karo wong, ning sing mbangun kabèh yaiku Gusti Allah.
5 Musa setya dadi pelayan ing omahé Gusti Allah, lan kuwi dadi gambaran* kanggo apa sing bakal diomongké sukmbèn.
6 Ning, Kristus setya dadi Anak+ sing dadi kepala omahé Gusti Allah. Awaké dhéwé iki omahé Gusti Allah+ nèk awaké dhéwé tetep kendel wektu ngomong lan nganti akhir tetep nduwé harapan sing kuwat sing awaké dhéwé banggakké.
7 Mula, iki cocog karo apa sing diomongké liwat roh suci,+ yaiku, ”Dina iki, muga-muga kowé ngrungokké swarané Gusti Allah iki,
8 ’Kowé aja ndableg kaya pas Aku digawé nesu banget, yaiku wektu wong-wong ora percaya karo* Aku ing padhang belantara.+
9 Wektu kuwi, nènèk moyangmu ora percaya karo* Aku senajan wis ndelok kabèh sing Tak tindakké saksuwéné 40 taun.+
10 Aku sengit banget karo wong-wong kuwi, lan Aku ngomong, ”Wong-wong kuwi terus-terusan ndableg nuruti karepé dhéwé lan wis ora manut karo préntah-préntah-Ku.”
11 Mula, Aku nesu lan nggawé sumpah, ”Wong-wong kuwi ora bakal mlebu ing dina istirahat-Ku.”’”+
12 Sedulur-sedulur, kowé kudu ati-ati bèn ing antaramu ora ana sing nduwé ati sing jahat lan kurang iman merga ngedoh saka Gusti Allah sing urip.+
13 Ning, kowé kudu terus nguwatké liyané saben dina, saksuwéné wektu sing disebut ”Dina iki”+ durung rampung. Dadi, ing antaramu ora ana sing ndableg merga dosa sing nggawé wong-wong kapusan.
14 Awaké dhéwé isa mèlu nampa sing ditampa Kristus nèk nganti akhir awaké dhéwé terus nduwé keyakinan sing awaké dhéwé duwèni saka awal.+
15 Kitab Suci kandha, ”Dina iki, muga-muga kowé ngrungokké swarané Gusti Allah iki, ’Kowé aja ndableg kaya pas Aku digawé nesu banget.’”+
16 Sapa sing ngrungokké Gusti Allah ning ya nggawé Dhèwèké nesu banget? Wong-wong kuwi kan sing dipimpin Musa metu saka Mesir, ta?+
17 Sakliyané kuwi, saksuwéné 40 taun, Gusti Allah sengit banget karo sapa?+ Gusti Allah sengit banget karo kabèh wong sing nindakké dosa, sing mayaté pating glimpang ing padhang belantara.+
18 Sapa sing dimaksud wektu Gusti Allah sumpah nèk ana sing ora bakal mlebu ing dina istirahaté? Mesthiné kabèh wong sing ora manut, ta?
19 Mula, awaké dhéwé ngerti nèk kabèh wong kuwi ora isa mlebu merga ora nduwé iman.+