1 Para Raja 8:1-66

  • Pethi digawa mlebu ing bait (1-13)

  • Salomo omongan ing ngarepé rakyat (14-21)

  • Dongané Salomo wektu ngresmèkké bait (22-53)

  • Salomo mberkahi wong Israèl (54-61)

  • Persembahan-persembahan lan perayaan kanggo ngresmèkké bait (62-66)

8  Wektu kuwi, Salomo ngumpulké+ para pemimpin* Israèl, kabèh kepala suku, lan para pemimpin keluarga pihak bapak.+ Wong-wong kuwi teka marani Raja Salomo ing Yérusalèm kanggo mindhah pethi perjanjiané Yéhuwah saka Kutha Daud,+ yaiku Zion.+  Kabèh wong Israèl ngumpul ing ngarepé Raja Salomo pas perayaan* ing sasi Étanim,* yaiku sasi kepitu.+  Mula kabèh pemimpin Israèl teka, lan para imam ngusung pethi.+  Para imam lan wong Lèwi nggawa Pethiné Yéhuwah, kémah pertemuan,+ lan kabèh peralatan suci sing ana ing kémah kuwi.  Raja Salomo lan kabèh umat Israèl sing diundang kanggo ngadhep dhèwèké padha ngumpul ing ngarep Pethi kuwi. Ana akèh banget domba lan sapi sing dikorbanké+ nganti jumlahé ora isa diétung.  Terus, para imam nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah menyang panggonané,+ ing ruangan sing paling njero ing omah kuwi, yaiku Ruang Mahasuci, lan ndèlèhké kuwi ing ngisoré sayapé kerub-kerub.+  Sayapé kerub-kerub kuwi megar ing ndhuwuré Pethi kuwi, dadi Pethi kuwi lan kayu sing dienggo ngusung kena bayangané kerub-kerub kuwi.+  Kayu-kayu sing dienggo ngusung kuwi+ dawa banget nganti pucuk-pucuké kétok saka Ruang Suci sing ana ing ngarepé ruangan sing paling njero, ning ora kétok saka njaba. Kuwi isih ana ing kana nganti saiki.  Ing njero Pethi kuwi mung ana lèmpèngan watu+ loro sing didèlèhké Musa ing kono+ wektu ing Horèb, yaiku wektu Yéhuwah nggawé perjanjian+ karo wong Israèl sakwisé wong-wong kuwi metu saka Mesir.+ 10  Wektu para imam metu saka panggonan suci, omahé Yéhuwah kebak méga.+ 11  Para imam ora isa neruské gawéané merga méga kuwi, sebab kemuliaané Yéhuwah ana ing omahé Yéhuwah.+ 12  Mula Salomo kandha, ”Yéhuwah kandha nèk Dhèwèké bakal manggon ing petengan.+ 13  Aku wis rampung mbangun omah sing mulya kanggo Njenengan, panggonané Njenengan kanggo saklawasé.”+ 14  Terus, Raja mbalik madhep jemaat Israèl lan mulai mberkahi kabèh jemaat Israèl sing ngadeg ing kana.+ 15  Raja kandha, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipuji, merga Dhèwèké janji marang Daud bapakku lan Dhèwèké wis nepati janji kuwi, yaiku, 16  ’Kèt Aku nggawa umat-Ku Israèl metu saka Mesir, Aku durung milih salah siji kutha saka kabèh dhaérahé suku-suku ing Israèl sing bakal dadi panggonan kanggo mbangun omah kanggo jeneng-Ku,+ ning Aku wis milih Daud kanggo mimpin umat-Ku Israèl.’ 17  Daud bapakku péngin banget mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 18  Ning, Yéhuwah kandha marang Daud bapakku, ’Kowé péngin banget mbangun omah kanggo jeneng-Ku, lan kepénginanmu kuwi apik. 19  Senajan ngono, dudu kowé sing bakal mbangun omah kuwi, ning anakmu sing mengko bakal lair,* dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku.’+ 20  Yéhuwah wis nepati janjiné kuwi, merga aku wis lungguh ing takhta Israèl nggantèni Daud bapakku, kaya janjiné Yéhuwah. Aku ya wis mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ 21  lan ing omah kuwi, aku wis nggawé panggonan kanggo Pethi sing isiné perjanjian+ sing wis digawé Yéhuwah karo nènèk moyangé awaké dhéwé pas Dhèwèké nggawa wong-wong kuwi metu saka Mesir.” 22  Salomo ngadeg ing ngarep mézbahé Yéhuwah, ing ngarepé bangsa* Israèl, lan dhèwèké ngangkat tangané ing langit,+ 23  terus kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ora ana Gusti Allah sing kaya Njenengan,+ ing langit utawa ing bumi. Njenengan nepati perjanjiané Njenengan lan nduduhké katresnan sing langgeng*+ marang para abdi-Mu sing nglayani Njenengan saktulusé ati.+ 24  Njenengan wis nepati janjiné Njenengan marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku. Njenengan dhéwé sing nggawé janji kuwi, lan dina iki Njenengan nepati janji kuwi.+ 25  Saiki, oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, tulung tepati janji-Mu marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku, wektu Njenengan kandha, ’Keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl nèk anak-anakmu kelakuané apik lan manut karo Aku, kaya sing wis mbok lakoni.’+ 26  Saiki, oh Gusti Allahé Israèl, aku nyuwun, muga-muga janji-Mu marang abdi-Mu, yaiku Daud bapakku, kelakon tenan. 27  ”Apa Gusti Allah tenanan manggon ing bumi?+ Langit, malah langit sing jembar banget, ora cukup kanggo Njenengan,+ apa manèh omah sing tak bangun iki!+ 28  Oh Yéhuwah Gusti Allahku, gatèkna donga lan apa sing dijaluk abdi-Mu iki. Rungokna wektu abdi-Mu njaluk tulung lan ndonga ing ngarep-Mu dina iki. 29  Muga-muga awan lan bengi Njenengan nggatèkké omah iki, panggonan sing Njenengan tau kandha, ’Jeneng-Ku bakal ana ing kana,’+ kanggo ngrungokké dongané abdi-Mu sing ndonga madhep panggonan iki.+ 30  Rungokna apa sing dijaluk abdi-Mu iki lan umat-Mu Israèl wektu wong-wong kuwi ndonga karo madhep panggonan iki. Muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga.+ Muga-muga Njenengan ngrungokké lan ngapura.+ 31  ”Wektu ana wong sing ditudhuh tumindak salah marang wong liya lan dikongkon sumpah,* terus wong kuwi mara ing mézbah-Mu ing omah iki sakwisé nggawé sumpah,+ 32  muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga, tumindak, lan ngadili para abdi-Mu. Muga-muga wong sing jahat Njenengan anggep salah,* lan Njenengan hukum nurut tumindaké. Muga-muga wong sing bener Njenengan anggep ora salah,* lan Njenengan mènèhi upah nurut tumindaké.+ 33  ”Wektu umat-Mu Israèl dikalahké mungsuh merga bola-bali nggawé dosa marang Njenengan,+ terus wong-wong kuwi bali marang Njenengan lan ngluhurké jeneng-Mu,+ lan ndonga ing omah iki njaluk bèn dimesakké,+ 34  muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga lan ngapura dosané umat-Mu Israèl lan nggawa wong-wong kuwi bali menyang tanah sing wis Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé.+ 35  ”Wektu langit ketutup lan ora ana udan+ merga wong-wong kuwi bola-bali nggawé dosa marang Njenengan,+ terus wong-wong kuwi ndonga karo madhep panggonan iki lan ngluhurké jeneng-Mu lan mbalik saka dosa-dosané merga Njenengan ngrendhahké wong-wong kuwi,*+ 36  muga-muga Njenengan ngrungokké saka swarga lan ngapura dosané abdi-Mu, yaiku umat-Mu Israèl. Wulangen+ wong-wong kuwi soal cara urip sing apik sing kudu dilakoni, lan wènèhana udan ing tanah-Mu+ sing wis Njenengan wènèhké dadi warisan marang umat-Mu. 37  ”Nèk ing tanah iki+ ana kelaparan, wabah penyakit, angin panas sing ngrusak tanduran,+ hama jamur, walang sing akèh banget lan rakus, utawa nèk mungsuh ngepung salah siji kutha ing tanah iki, utawa nèk ana bencana utawa penyakit apa waé,+ 38  terus salah siji wong utawa kabèh umat-Mu Israèl ngangkat tangané madhep ing omah iki kanggo ndonga utawa njaluk apa waé+ (merga saben wong ngerti kesusahan atiné dhéwé-dhéwé),+ 39  muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga,+ ngapura wong-wong kuwi,+ lan tumindak, terus mènèhi upah marang saben wong nurut tumindaké,+ merga Njenengan ngerti isi atiné wong-wong kuwi (mung Njenengan sing bener-bener ngerti isi atiné saben manungsa),+ 40  supaya wong-wong kuwi wedi marang* Njenengan saksuwéné wong-wong kuwi urip ing tanah sing Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé. 41  ”Nèk wong asing sing dudu bagéan saka umat-Mu Israèl teka saka panggonan sing adoh merga jeneng-Mu,*+ 42  (merga wong-wong kuwi krungu soal jeneng-Mu,+ kuwasa-Mu sing gedhé, lan kekuwatan-Mu), lan wong kuwi teka lan ndonga karo madhep omah iki, 43  muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga+ lan nindakké kabèh sing dijaluk wong asing kuwi, supaya kabèh bangsa ing bumi ngerti jeneng-Mu lan wedi marang Njenengan,+ kaya umat-Mu Israèl, lan supaya wong-wong kuwi ngerti nèk jeneng-Mu ana ing omah sing wis tak bangun iki. 44  ”Nèk Njenengan ngutus umat-Mu kanggo perang nglawan mungsuhé umat-Mu ing endi waé,+ terus wong-wong kuwi ndonga+ marang Yéhuwah karo madhep kutha sing Njenengan pilih+ lan madhep omah sing wis tak bangun kanggo jeneng-Mu,+ 45  tulung apa sing dijaluk wong-wong kuwi lan dongané wong-wong kuwi Njenengan rungokké saka swarga, lan wènèhana wong-wong kuwi keadilan. 46  ”Nèk wong-wong kuwi nggawé dosa marang Njenengan (merga ora ana wong sing ora dosa),+ lan Njenengan nesu marang wong-wong kuwi lan meneng waé wektu wong-wong kuwi ditangkep mungsuhé lan ditawan ing negarané mungsuhé, embuh kuwi adoh utawa cedhak,+ 47  lan wektu ditawan ing negara kuwi,+ wong-wong kuwi sadhar, terus bali marang Njenengan+ lan njaluk bèn dimesakké,+ lan kandha, ’Aku kabèh wis dosa lan tumindak salah. Aku kabèh wis tumindak jahat,’+ 48  terus wong-wong kuwi bali saktulusé atiné+ lan sepenuh jiwané* ing negarané mungsuhé sing nawan wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ndonga marang Njenengan karo madhep ing arah tanah sing Njenengan wènèhké marang nènèk moyangé lan madhep ing arah kutha sing Njenengan pilih lan madhep ing arah omah sing tak bangun kanggo jeneng-Mu,+ 49  rungokna donga lan apa sing dijaluk wong-wong kuwi saka panggonan-Mu ing swarga,+ lan wènèhana wong-wong kuwi keadilan. 50  Tulung Njenengan ngapura umat-Mu sing wis dosa marang Njenengan lan ngapura kabèh pelanggarané marang Njenengan. Gawénen wong-wong sing nawan mesakké karo wong-wong kuwi+ 51  (merga wong-wong kuwi umat-Mu lan duwèké* Njenengan,+ sing wis Njenengan gawa metu saka Mesir,+ saka panggonan kanggo nglebur wesi).*+ 52  Muga-muga Njenengan nggatèkké sing dijaluk abdi-Mu lan umat-Mu Israèl+ lan ngrungokké kapan waé wong-wong kuwi ndonga marang Njenengan.*+ 53  Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, Njenengan wis milih wong-wong kuwi saka antarané kabèh bangsa ing bumi kanggo dadi duwèké Njenengan,+ kaya sing Njenengan omongké liwat Musa abdi-Mu wektu Njenengan nggawa nènèk moyangku metu saka Mesir.” 54  Sakwisé Salomo ndonga lan njaluk marang Yéhuwah, dhèwèké ngadeg saka ngarepé mézbahé Yéhuwah, merga mauné dhèwèké sujud lan ngangkat tangané ing langit.+ 55  Terus, dhèwèké ngadeg lan mberkahi kabèh jemaat Israèl nganggo swara seru, 56  ”Diluhurna Yéhuwah, sing wis mènèhi panggonan sing ayem marang Israèl umaté, persis kaya janjiné.+ Saka kabèh sing apik sing dijanjèkké liwat Musa, ora ana sing ora ditepati.+ 57  Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé ndhukung awaké dhéwé kaya Gusti Allah wis ndhukung nènèk moyangé awaké dhéwé.+ Muga-muga Gusti Allah ora ninggalké utawa ngejarké awaké dhéwé.+ 58  Muga-muga Dhèwèké nggawé awaké dhéwé mlaku ing dalan-dalané.+ Muga-muga Dhèwèké nggawé awaké dhéwé manut saktulusé ati karo préntahé, hukumé, lan peraturané, sing dipréntahké marang nènèk moyangé awaké dhéwé bèn dilakoni. 59  Muga-muga omonganku lan apa sing tak jaluk marang Yéhuwah terus diéling-éling karo Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, awan lan bengi, supaya Dhèwèké mènèhi keadilan marang abdiné lan marang Israèl umaté, manut karo kebutuhané wong-wong kuwi saben dina, 60  supaya kabèh wong ing bumi ngerti nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bener,+ ora ana sing liyané!+ 61  Kowé kudu saktulusé ati+ ngabdi marang Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, nganggo cara manut karo peraturané lan préntahé kaya ing dina iki.” 62  Terus, Raja lan kabèh wong Israèl sing ana bareng karo Raja mènèhké akèh persembahan ing ngarepé Yéhuwah.+ 63  Salomo mènèhké korban kerukunan*+ marang Yéhuwah: Dhèwèké mènèhké sapi 22.000 lan domba 120.000. Ya ngono kuwi Raja lan kabèh wong Israèl ngresmèkké omahé Yéhuwah.+ 64  Ing dina kuwi, Raja kudu nyucèkké halaman tengah sing ana ing ngarepé omahé Yéhuwah. Ing kana, dhèwèké mènèhké korban bakaran, persembahan biji-bijian, lan gajihé korban kerukunan,* merga mézbah tembaga+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah ora cukup kanggo nampung kabèh korban bakaran, persembahan biji-bijian, lan gajihé+ korban kerukunan.* 65  Wektu kuwi, Salomo nganakké perayaan+ bareng karo kabèh jemaat Israèl saka Lébo-hamat* nganti tekan Wadi* Mesir.+ Wong-wong kuwi ngumpul ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé 7 dina suwéné, lan diteruské 7 dina manèh, dadi kabèh suwéné 14 dina. 66  Sésuké,* Raja ngongkon wong-wong kuwi mulih. Wong-wong kuwi njaluk bèn Gusti Allah mberkahi Raja, terus padha bali menyang omahé dhéwé-dhéwé karo bahagia lan seneng banget merga kabèh sing apik+ sing wis diduduhké Yéhuwah marang Daud abdiné lan marang Israèl umaté.

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuh”.
Maksudé, Perayaan Pondok.
Deloken Lamp. B15.
Lit.: ”anakmu sing metu saka pinggangmu”.
Lit.: ”jemaat”. Deloken Daftar Istilah.
Maksudé, sumpah sing isa nggawé wong dihukum nèk kebukti salah utawa ora isa nepati sumpahé.
Lit.: ”jahat”.
Lit.: ”bener”.
Utawa ”ngejarké wong-wong kuwi sengsara”.
Utawa ”réputasi-Mu”.
Utawa ”pusakané”.
Iki lambang penindasan sing kejem.
Utawa ”ngrungokké apa waé sing wong-wong kuwi jaluk saka Njenengan”.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Lit.: ”Ing dina kewolu”. Maksudé, sedina sakwisé pitung dina sing keloro.